1. ALLAH MAHA KWASA
1. Bumi dalah saisinya kang nitahken yeku Gusti
tinalesan srana samodra tumumpang ing kali kali
yekti Allah Maha kwasa yogya tansah pinuji puji.

2. Kang kepareng ngabyantara aneng pedaleman suci,
kang resik tangan wah manahnya, tan nate dosa ing lathi,
yeku tyang mursid sanyata setya tansah dumugeng janji.

3. Berkahing Pangeran tumrah mring tyang ajrih asih yekti,
gesang tentrem rahayu tansah wit kaadilaning Gusti,
tyang kang tansah ngudi Allah kangen Gusti rina Ian wengi.

4. Gapuraning Padaleman kangkata mrih omber sestu,
krana Sang Ratuning kamulyan badhe langkung tindak mlebu,
yeku Gustining kaswargan Kang Mahakawasa Allahmu.

2. ALLAH MBABARKEN KWASANYA
1. Allah mbabarken kwasanya pra kang nglawan
kasirnakna lir lilin kenging brama,
nging gung tyang mursid raharja memuji
lan sukarena ngarseng Allah Ma mulya,
Pangeran jumeneng Rama tumrap salir tyang sangsara
ngluwari tyang siniya temahan ngraosken begja
dene tyang wangkot mbalela  siniksa bebendunya.

2. Allah mbelani pra umat ngagem
sarana mukjijad wah salir kang neng jagad,
Pangeran ngrentahken berkah kang ngrimat
sagunging titah temah kraharjan anjrah,
wit kadarmaning Pangeran tyang tinindhes kaluwaran,
datan wonten panandhang ing rehing ratu kaswargan,
yeku kang wadya balanya tyang nyebar kabar adya

3. Allah ratu kaadilan wus ngasorken pra adigang
temah kasurang-surang,
nging tyang ringkih ingauban
pinaringan gung kabegjan karoban kaluberan,
Gusti miji pasucennya papan puruging
manungsa, samya saos pisungsung
konjuk mring Allah Maagung dalah
kang swau mbalela nggih samya asung puja.

4. Allah Juru Slamet yekti ngentas pra umat
sing pati temah samya basuki,
para umat kang ngabekti dalah salumahing bumi
samya nggunggung mring Gusti,
sestu Allah Maha luhur yogya pinuji Ian
masmur, nungkula neng ngarsanya
wit mung Gusti Kang Makwasa, yeku kang
ngganjar kamulyan wah paring kakiyatan.

3. GUSTI ALLAH ANDEL-ANDEL SEJATI
1. Nyawaku pujinen Allah Gusti mulyakna tansah
slawase sinungan umur luhurna srana masmur
krana tuking kraharjan yekti namung Pangeran.

2. Andel-andel kang sejati sajuga yeku Gusti,
salir jalma tanpa daya kwasane enggal sima,
tyang kang ngayom mring Allah tansah rinoban berkah.

3. Allah kang nitahken jagad kasetyane tan kendhat,
mbela tyang kinaniaya nulungi tyang sangsara,
njejegken kaadilan ngluwari pra lelaran.

4. Pangeran Allah Maasih ngrojongi tyang kang ringkih,
mbombong tyang sisah manahnya nyarasken tyang kang wuta,
tyang mursid den kasihi wah ngrukti tyang ketrini.

5. Pangeran jumeneng raja pangrehe ing slaminya,
tan nguciwakken kang nenga gya nylametken urnatnya,
sagunging tyang pracaya ngidungna Haleluya.

4. HALELUYA
1. Haleluya Pangeran aneng papan pamujan
pinujia asmanya dalah aneng akasa,
wit Gusti Allah Makwasa kamulyannya Ma Adi
ngungkuli kang gung edi munggwing swarga Ian ing bumi.

2. Linuhuma Hyang Agung klayan sagunging kidung,
binarung salir gangsa wah kang ngungelken swara,
geguritan dalah beksa makluk kang darbe nyawa,
ngluhurna Hyang Makwasa sru ngidungna Haleluya

5  PAMUJI KONJUK GUSTI
1. Pinuji puji Gusti kang ni­tahken jagad raya
Nggih siyang dalah ratri tansah luber sihrahmatnya,
Donya gingsir wah sirna sihnya langgeng slaminya

2. Pinuji puji Gusti nggih Allah kang Mahamirah,
pra umat kang ngabekti tinuwukken klayan berkah,
salir ingkang pinanggya dados margining begja.

3. Pinuji-puji Gusti Hyang Maluhur Mahasuci,
kang nucekken manungsa srana tinebus sing dosa,
wah tinuntun mring swargi mrih kraharjan sejati.

6. PAMUJI ING PANGIBADAH
1. Dhuh Allah Ma suci kula asung puji ing pangibadah puniki
agung kamulyanta ageng sih Paduka kang nitahken jagad raya
pinuji Hyang Widi kang siyang lan ratri ngreksa lan ngrimati.

2. Dhuh Allah Makwasa kanthi trusing driya, kawula nlangsani dosa,
mugi angapunten sarta nucekaken, temah gesang kula ayem,
pinuja Sang Rama kang ngutus Sang Putra, jumeneng Pamarta.

3. Dhuh Allah Mamirah sru adrenging manah kula sami nyadhong berkah,
nggih sabda kang suci sabdanipun Gusti, kang paring gesang sejati,
pinuji Roh Suci kang ngenggalken budi, nilar gesang lami.

4. Dhuh Allah Maluhur kula saos sokur dalah pisungsung kang katur,
bandha sarta badan miwah kasagedan, dadosa kurban kang gesang,
pinundhi Roh Suci ingkang mbereg ati, bekti dhateng gusti.

7. PUJI KONJUK ALLAH
1. Puji konjuk Allah Rama puji konjuk Sang Putra
puji konjuk Sang Roh Suci Juru slamet sejati,
Haleluya, Haleluya Juru slamet sejati.

2. Pinuji Ratuning swarga Gustine pra manungsa,
nggih Ratuning pasamuwan Ratu sumbering gesang,
Haleluya, Haleluya Ratu sumbering gesang.

3. Pinuji Allah Makwasa kang nitahken jagad rat,
wah milujengken manungsa krana gunging sih rahmat,
Haleluya, Haleluya krana gunging sih rahmat.

8. ALLAH MAASIH
1. Allah Ma asih asung putranya Allah Ma­ asih mring manungsa.
mila kula ngidung Allah Ma­ asih Allah Ma asih mring manungsa.

2. Gusti ingutus dadya pamarta, Gusti ingutus nebus kula.

3. Gusti Pamarta nombokken nyawa, Gusti Pamarta mbirat dosa.

4. Gusti marasken salir prihatin, Gusti nyirnakken ajrih kwatir

5. Kula sinungan tentrem raharja, kula sinungan pangaksama.

6. Kula sinungan gesang sejati,  Kula sinungan kraton swargi

9. PAMUJI KONJUK ALLAH MA AGUNG
1. Puji sokur lan panggunggung konjuk mring Hyang Ma agung
kang nitahken jagad raya wah langgeng kasetyannya
makluk wrata rinimatan krana sihing Pangeran
ja­gad tentrem lan raharja lamun manut pangrehnya

2. Surya, candra Ian pra lintang samya nyunarken padhang,
peksi ngoceh mawurahan wah sato kewan girang,
tetuwuhan ngumbar sekar sarta asung woh-wohan,
sadaya sami memuja mring Allah Kang Makwasa.

3. Puji sokur Ian panuwun konjuk Allah Mamulya,
kang sampun paring pitulung mring pra manungsa dosa,
kang panggah sami pracaya mring Panebus sejati,
mesthi wilujeng, raharja, mulya langgeng ing swargi.

10. ALLAHE PARA PRACAYA
1. Allahe para  pracaya  ing sadhengah jaman,
yeku pangauban kita  tuking kasampur­nan.

2. Aneng ngarsaning dhampamya papan katentreman,
panyuwun kang bener hyata mesthi kaleksanan.

3. Sajagad raya dumadi karana sabdanya
para titah angakeni kwasane Pangeran.

4. Allahe para pracaya lumintu pangrehe
mring sakehing kagungannya langgeng pangrumate.

11. SIH KAWELASANIPUN ALLAH
1. Kula sami kekempalan memuji dhateng A1lah
kang Maha asih Maha wlas ring sakehing tumitah.

2. Agung kanugrahanipun kang maring para umat agung
palimirmanipun mring tiyang kang mratobat.

3. Ngantos kang putra kinasih ingutus dhateng donya
awit sihe Allah inggih sinungken mring manungsa.

4. Supados sawaminira tetiyang kang pitajeng
mring Kang Putra sampun sima nging sinung gesang langgeng.

12. YESUS SANG PANGEN SEJATI
1. Gusti Yesus Pangen kula, kula menda kagungannya
dennya nebus klayan rahnya mrih kula gesang slaminya.

2. Sang Kristus Pangen utama kang sampun ngetohken nyawa,
nebus kula saking doss wah nuntun kula mring swarga.

3. Gusti ngayomi mendanya inguwalken sing rubeda,
mrih tan tiwas ing panandhang nging tansah manggih kabegjan.

4. Gusti ngempalken mendanya kadadosaken sapantha,
kinen gesang atut rukun mbangun turut Pangenipun

5. Gusti ngreksa pra mendanya klayan astanya kang rosa,
lamun wonten kang ketriwal den luru mrih datan ical.

13. AKU DUWE PAMARTA
1. Aku duwe Pamarta Yesus Kristus asma­nya
kang wus ngurbanken sarira ngruwat aku sing do­sa,
Refr.   duwekku duwekku Gusti Yesus Pamartaku dak puji trusing kalbu.

2. Aku duwe Pamarta satuhu ing kasetyan,
yen aku nyangga panandhang pinaringan karosan,
Refr.
3. Aku duwe Pamarta putreng Allah pribadya,
yen aku karoban susah tinunggil mrih tan lesah,
Refr.
4. Aku duwe Pamarta salaminya pangrehe,
lamun pepeteng nglimputi Gustiku kang ngluwari,
Refr.
5. Aku duwe Pamarta sih rahmate tan kendhat,
yen aku tumibeng dosa den tuntun mring pitobat,

14. ALLAH MAHA SUCI
1. Suci, suci, suci, pinuji Hyang suci Allah Maha mulya kang jumeneng Raja,
suci suci suci pinundhi Hyang Widi titah sadaya bra muji samya.

2. Suci, suci, suci pujining pra suci angumandhang sora ngebeki akasa,
pra mlaekat sami sujud angabekti,ngidung tan kendhat mring Kang Mengkurat.

3. Suci, suci, suci, Allah Mahasuci gumuruhing kidung nggunggung-nggunggung Gusti,
tetalesing bumi gonjing dening puji, pra makluk wrata girang memuji.

4. Suci, suci, suci, nggih Gustining gusti, anglairken srira tumedhak mring donya,
nucekken manungsa kang pitados yekti, yogya pinuji langgeng slaminya.

15. PANGGUNGGUNG MRING PANGERAN
1. Dhuh Pangeran Yehuwah kula ngaturken sembah
klayan bingah ing driya nggunggung Asma Paduka
kang Ma luhur Ma mulya Gustining makluk samya.

2. Dhuh Sang Yehuwah Gusti Paduka kula puji
ing dalu dalah rina agung sih kawlasanta
luber berkah Paduka tumrah mring titah wrata

3. Dhuh Yehuwah Pangeran kawula ngidung girang
wit-sih rahmat Paduka kula samya waluya
luwar sing rehing pati sinungan gesang yekti.

16. PUJI MRING ALLAH KANG MAHA WISESA
1. Puji mring Allah Pangeran kang Maha wisesa
muji ramya binarung lan sawernining gangsa
pangidungnya klayan bingah ing manah nggunggung Gustining pratitah.

2. Puji mring Allah kang sestu adil pangrehira,
ngreksa Ian ngrimati srana lubering berkahnya,
nging saklangkung gung sihnya mring tyang dosa, tinebus temah waluya.

3. Puji mring Allah kang sung tentrem raharja nyata,
tansah ngganjar begja mring tyang kang sestu pracaya,
andel-andel wah pepadhang satuhu, pujinen Ian trusing kalbu.

17. PAMUJI KONJUK MRING ALLAH
1. Pinuji Allah Sang Rama kang nitahken. jagad raya
wah tansah nglestantuna sung mangsa jawah ketiga
nenanem panenan uga alam runtut tinata.

2. Pinuji Allah Sang Putra kang nylametken gung manungsa
paring tentrem raharja sumrambah pra makluk wrata
luwar sing pangrehing dosa dadya Pirdus sadonya.

3. Pinujia Sang Roh Suci yeku kang nganyarken ati
temah mursid sayekti nggih rukun klayan sesami
wah asih mring alam ugi bawana ayu edi.

4. Dhuh Rama, Putra, Roh Suci tetiga tunggil Hyang Widi
pinujia pinundhi samukawisnya sampurna
krana pakaryan Paduka Dhuh Gusti "maranatha".

18. SIH KAMIRAHANIPUN ALLAH
1. Sihe Allah gung sanyata mring kawula tyang dosa
sing bangsa sanes umatnya ingangkat dados putra
tinebus Sang Kristus Gusti gesang anyar sayekti
nindakna pakarti luhur yeku tandhaning sokur.

2. Sih nugrahaning Pangeran pinaringken lahanan
tan wonten dosa duraka kang datan ingapura
nging tyang kang wangkot ing ati pracaya mung ing lathi
pinagas saking sih rahmat sangsara ing akherat.

3. Sihing Allah sestu adya mulyakken tyang pracaya
mrih dados rowangnya tansah mbabar kratoning Allah
olah tresna trusing manah tentrem rarja sumrambah temah
Allah kaluhurna samangkya lan slaminya.

19. ANGLUHURKEN ALLAH
1. Swawi sami muji Allah Pangeran Maha wlas
Kang tansah ngluberken berkah, Pangeran Maha wlas
Rinten dalu datan kendhat tansah njangkung mring pra umat
swawi muji Kang Murbeng rat Pangeran Maha wlas

2. Tan males dosa duraka Pangeran Mahawlas
nging ngegungken sih apura Pangeran Mahawlas
putranya yeku Sang Kristus kang dados kurban panebus
swawi muji kanthi tulus Pangeran Mahawlas

3. Swawi olah tresna' tansah Pangeran Mahawlas
pratandha sokur mring Allah, Pangeran Mahawlas
swawi gesang mursid yekti tinulungan Sang Roh Suci
nulad ing tindaking Gusti Pangeran Mahawlas.

20. PANGGUNGGUNG KONJUK MRING PANGERAN
1. Pangeran Ma mulya yogya kula pu­ja
dene agung kadarmannya kang sumrambah mring kula
datan wonten timbangannya tan kendat lumintunya
Pangeran Ma mulya, yogya pinuja, (2X)..

2. Pangeran Mamulya yogya kula puja
dene karsa maringaken Putranipun pribadya
dinadosken Juru slamet miwah Pamarta kula,
Pangeran Mamulya yogya pinuja (2X).

3. Pangeran Mamulya yogya kula puja
de tan karsa malesaken sagung klepatan kula .
malah dipun sucekaken sarta ingangkat putra
Pangeran Mamulya yogya pinuja (2X).

21. PALIMIRMANIPUN ALLAH
1. Gusti kula ingkang wontening swarga
pinujia Paduka ing slaminya
sestu  agung sih palimirman­ ta
haleluya, Haleluya

2. Gusti rawuh manjalma aneng donya,
awit welas nebus gunging tyang dosa,
rinukunken lan Allah Sang Rama,
Haleluya, Haleluya. .

3. Gusti seda krana kula tyang dosa,
de wungune panjer gesang sanyata,
mila kula mituhu dhawuhnya,
Haleluya, Haleluya.

22. KASAMPURNANIPUN GUSTI
1. Kula nggunggung-nggunggung Gusti
sesembahan kula sejati, tanpa cela sestu suci,
sabdanya dados panutan, tindaknya dados patuladhan,
tyang ngupados kayektosan
suyud mring Sang Rama, nglabuhi manungsa,
wit tresnanya            trusing driya tulusnyata, rila ngurbanken sriranya.

2. Gusti ngundhangken pawarta luwarira
tyang miskin papa, sing sangsara mrih raharja,
nggih pangentasan sanyata kang tinindhes Ian kinunjara,
pulih harkat martabatnya, tyang kang nandhang raga
samya den sarasna, wah mbabama tahun yobel taun adya,
nggih sih rahmating Sang Rama.

3. Duk Gusti siniya-siya,
siniksa lan sinalib seda, tan males srana piala,
mring tyang kang sengit mengsahi malah winales tresna yekti,
kadongakna mrih basuki,
Yesus Gusti kula manungsa sampuma;
nyantosakna greja dalah tyang pracaya,
nulad ing kasampurnannya.

23. TANSAH SAOS SOKUR MRING GUSTI
1. Kula ngaturken sembah bekti de Gusti tansah mberkahi,
sadinten-dinten nambut kardi kanthi temen lan taberi,
abot entheng datan nggresula      leladi kang trusing driya,
wohe rejeki sing Ma luhur tinampi lan puji sokur.

2. Kula memuji datan kendhat mring sihe Allah murbeng rat,
wanci enjing surya sumunar mulyaning alam ginelar,
tetuwuhan mawarni-warni wah kewan ngebaki bumi,
sing tilem ngaso kula tangi nindakken karsaning Gusti.

3. Kula ngluhurken mring Pangeran kang tansah ngganjar kabegjan,
ing dalu peteng lelimengan wah abyor lintang rembulan,
kula tilem ngaso myang lena nging astane Gusti ngreksa,
kula mesthi manggih wilujeng wah ing manah ayem tentrem.

24. PANGGUNGGUNG KONJUK MRING GUSTI
1. Swawi prakanca kang sami pracaya
Den sora sora angalembana
mring Gusti kita kang Maha wilasa.

2. Sihing Pangeran mring kita pra umat,
tanpa wilangan wah tanpa kendhat,
yogya pinuji Ian pinundhi-pundhi.

3. Kita tyang dosa nging Allah ngaksama,
krana Kang Putra sinalib seda,
wit sihing Gusti kita dados suci.

4. Sihing Pangeran yogya den timbangi,
srana kasetyan tresna wah bekti,
nyaosken badan dados kurban gesang.

5. Swawi pra suci temen anglampahi,
prentahing Gusti, Gusti prajanji, tansah nulungi
srana Sang Roh Suci.