250. KAPOTANGAN KULA DHATENG GUSTI
1. Dhuh Pamarta ingkang seda nebus kula saking dosa
temah kula dados putra ingkang darbe gesang nyata
dene kula nyaur napa? Dene kula nyaur napa?
Gusti sampun nebus kula dene kula nyaur napa.

2. Dhuh Pamarta ingkang seda sinalibken ing Golgota,
tinegakken dening Rama tombok nyawa krana kula,
dene kula nyaur napa? dene kula nyaur napa?
Gusti sampun tombok nyawa dene kula nyaur napa?

3. Dhuh Pamarta ingkang seda nyanggi bendu mikul dosa,
tedhak ing teleng antaka wit nglabuhi dhateng kula,
dene kula males napa? dene kula males napa?
Gusti nglabuhi mring kula dene kula nyaur napa?

4. Dhuh Pamarta kula ingkang seda ngurbanken rah tan srira,
nucekken gesang kula wah anyadhang kraton swarga,
dene kula saos napa? dene kula saos napa?
Gusti sampun kurban srira dene kula saos napa?



251. YESUS ABDINING SANG YEHUWAH
1. Abdining Sang Yehuwah, yekti mung Yesus Gusti
kang sumuyud mring Allah sampurna suci
kang ngurbanken dhiri wit tresna yekti
mrih sesami raharja mulya ing swarga

2. Pindha cempening kurban kang pasrah tan suwala,
ing ngarseng pangadilan seksinya dora,
datan mbikak lathi milaur pati,
lila legawa tulus dados Panebus.

3. Sinami tyang duraka sinalib lir durjana,
sinengitan ing jagad tinampik umat,
sangsara sedanya wit ngrembat dosa,
mila tyang kang pracaya gesang raharja.


252. LELABETANIPUN GUSTI
1. Kula rumaos kang trus ing batos
wit kula dosa Gusti sangsara
Reff :
Ooo kula tiyang kang kawlas asih
amlas arsa den labeti Gusti dugeng seda.

2. Kula getun sestu trus ing kalbu,
wit kula klentu Gusti sinapu,
Reff :

3. Kula ngakeni kang trus ing ati,
wit kula ndlarung Gusti pinenthang,
Reff :

4. Kula nglenggana trus ing wardaya,
wit kula duraka Gusti seda,
Reff :


253. NENG GETSEMANE
1. Neng taman Getsemane Gusti nyangga siksa miwah bebendu
nglawan pagirising pati krana gunging dosaku
Reff :
yogya nggonku nanggapi sih rahmate Gusti
yek­ti amung sawiji pracaya lan bekti.


2. Gusti Kristus ingewan-ewan ginebagan sarta sinapu,
srirane nandhang kanisthan krana gunging dosaku,
Reff :

3. Gusti sinami Ian durjana nir pamore ratuning ratu,
dadya kurban tan suwala krana gunging dosaku,
Reff :

4. Gusti sinalib ing Golgota wit sih tresnanya kang satuhu,
seda tedhak mring naraka krana gunging dosaku,
Reff :



254. YESUS YEKTI PAMARTA
1. Yesus Sang Pamarta yekti wus ngawonken pati
sanadyan sinalib seda nanging wungu nulya
pindha wiji kang katanem lir sirna krana kapendhem
nulya tuwuh Ian ngrembaka sarta angrebda wohira
Gusti wungu unggul sing antaka.

2. Yesus yeku yekti Gusti ingkang mengku gesang,
pra pracaya nggih pra suci tan ajrih sumelang,
yen sisah tan nganti semplah krana Gusti nunggil tansah,
yen katempuh kasangsaran Gusti paring pangluwaran,
wusananya sampurna ing swarga.

3. Yesus Gusti kang Mamulya, ngutus pra pracaya,
kinen angurbanken dhiri nglabuhi sesami,
mrih jagad anyar binabar tentrem raharja tan samar,
nulad Gusti ing karyanya kang sampun ngurbanken srira,
wit tresnanya mring sagung manungsa.



255. SANG KRISTUS MANUNGSA SAMPURNA
1. Manungsa sampurna yekti ye­ku Kristus Gusti
mbabarken tresna nyata srana kurban nyawa
sang­sara dumugeng seda nebus gung manungsa
temahan samya waluya luwar sing antaka

2. Sang Kristus jalma sampurna mbabar tresna nyata
saliring tyang den tresnani dalah kang mengsahi
tan nandukken kekerasan ngegungken kadarman
yogya samya den tuladha olah tresna nyata.

3. Sang Kristus manungsa suci citreng Allah yekti
labuh labet mring sesami leladi lir abdi
sinalib nggih den lampahi mrih jalma basuki
lampah gesang gung utami mung nulad mring Gusti.


256. MANDENG YESUS KANG KASALIB
1. Mandeng Yesus yeku Gusti
kang sinalib wah ngemasi
sirna gumunggunging ati
nging ngorong mring urip suci.

2. Neng ngarseng salibing Gusti
drajad, bandha tan pangaji
kang utami wung sawiji
gesang lan wilujeng yekti

3. Sihing Gusti sestu agung
tan saged kula sung liru
yogya kang dadya pisungsung
jiwa raga bekti sestu.

4. Yesus Masuci sampurna
pinenthang wit nebus kula
tuladhaning olah tresna
mring tyang nyatru wah pra mitra.


257. ING GOLGOTA
1. Sinalib ing Golgota Putra­ning Allah seda
wit dadya kurban sanya­ta nggih ngruwat manungsa dosa
nara­ka wah antaka kwasane den sirnak­na
saliring tyang winenganan korining Kraton swarga
Refrein:
ing Golgota Gusti seda marginira gung manungsa
mardika gesang nyata.

2. Sinalib ing Golgota Putraning Allah seda
nyulihi sagung manungsa anyanggi bebendu dosa
nyirnakken rehing pati mbabarken tresna yekti
wah nepangna jagad swarga mrih gesang tentrem rarja,
Refrein:


258. KEMENANGANING TRESNA
1. Sang Kristus Ma suci nging sinalib ngemasi
wit pangadilan tan adil wah seksine dora
jagad ngumbar kekerasan lan dosa
de Sang Kristus mbabarken tresna nyata
Reff :
Kristus seda den paeka nging wungunya yeku tandha kemenanganing tresna.

2 Sang Kristus Ma asih tetulung sepi pamrih
ngluwari tyang kang sangsara nglipur tyang kang sedhih
nging jagad nganggep Kristus madeg kraman
temah Kristus sinalib lir durjana,
Reff :

3 Sang Kristus Mamirah tansah ngluberken berkah
nindakken mukjijad margine sih rahmat tumrah
nging jagad nganggep nyenyamah mring Allah
Kristus Sinalib sinami tyang mblunthah,


259. RAHE GUSTI PANEBUS YEKTI
1. Nadyan Gusti suci tan dosa nging sinalib sami  durjana
dadya kurban ingkang sampurna ngruwat manungsa
Reff :
rahe kang su­ci panebus yekti
sagung dosa Iinebur sirna angger pracaya.

2. Aneng salib Gusti siniksa, wah tinegakken Allah Rama,
pegat nyawa tedhak mring nraka, krana manungsa
Refr.:

3. Nir kamulyan kwasaning Gusti, tanpa aji nggene ngemasi,
wit karsa mbikak kori swargi, kangge pra jalmi,
Refr.:


260. SANG KRISTUS GUSTI
1. Sang Kristus Gusti Maha mulya tedhak mring bumi Ian manjalma
ngesorken srira pindha abdi ngruwat tyang dosa mrih basuki
Reff :
pra tyang pracaya bra wartakna Injil kang suci salaminya
tan ajrih geter was ing driya wit Gusti nganthi salaminya.

2. Sang Kristus Gusti Mahasuci, sinalib seda ngrembat dosa,
manungsa rukun lan Sang Rama, tan nate lesah ing wardaya.
reff :

3. Sang Kristus Gusti sampun wungu, dayaning pati kawon sestu,
gesang sejati binabarna, mrih tyang sabumi araharja.
reff :


4. Sang Kristus Gusti munggweng swarga nggih tansah nganthi kagungannya,
mrih unggul yuda nglawan dosa, temah sampurna gesangira,
reff :


261. TINEBUS BABAR PISAN
1. Uwal sing laknat kabegjan kita Gusti wus seda ambirat dosa
temah luwar sing paukuman pangluwaran babar pisan
Reff :
babar pisan dennya nulungi babar pisan dennya ngasihi
rumaketa ing pamenthangan mesthi lu­war babar pisan.

2. Saiki kita padha mardika Gusti wus nanggel ing slamet kita,
linuputken sing karusakan sinuceken babar pisan,
reff :

3. Putrane Allah sebutan kita kang tilas nyatru pinundhut putra,
kang pinaringan urip anyar wit tinebus babar pisan,
reff :


262. PANGLIPUR KANG SEJATI
1. Panglipur ingkang sejati mung sih rahmate Gusti
Sang Kristus kang tanpa dosa dados kurban sampurna
sinalibken temah seda tinegakken Sang Rama
ngruwat nglebur sagung dosa mbikak margining swarga
ngruwat nglebur sagung dosa mbikak margining swarga.

2. Panglipur ingkang sejati mung sih rahmate Gusti,
Kristus Panebus satuhu samangkya sampun wungu,
lebur pangwasaning dosa nir dayaning antaka,
Kristus mulya munggweng swarga dyan jumeneng pantara,
Kristus mulya munggweng swarga dyan jumeneng pantara.

3 Panglipur ingkang sejati mung sih rahmate Gusti,
salir tyang winengku pati sinungan gesang yekti,
ndherek seda Ian wungunya ndherek ing kamulyannya,
ngrucat sagung gesang lami gesang enggal gumanti,
ngrucat sagung gesang lami gesang enggal gumanti.



263. ETUKING KARAHAYON
1. Wonten rah kang suci mancur neng ardi Golgota
nggih rahipun Gusti Yesus kang ngicalken dosa
kang ngicalken dosa kang ngicalken dosa
nggih rahipun Gusti Yesus kang ngicalken dosa.

2. Wonten rah kang suci mili neng Golgota ardi,
rahing Putranipun Allah sung gesang slaminya,
sung gesang slaminya sung gesang slaminya,
rahing Putranipun Allah sung gesang slaminya.

3. Mblabar rah Suci tan dosa ing salibing laknat,
rahing kurban kang sampurna ngluberken sih rahmat,
ngluberken sih rahmat ngluberken sih rahmat
rahing kurban kang sampurna ngluberken sih rahmat.

4. Wonten rah kang suci wutah ing salib kang nistha,
rahing kurban kang sejati kang nuntun mring swargi,
kang nuntun mring swargi kang nuntun mring swargi,
rahing kurban kang sejati kang nuntun mring swargi.




264. MANDENG SALIB
1. Srana mandeng salib ing Sang Kristus Gusti salir tyang darbe gesang yekti,
wit Putraning Allah wus sinalib seda ngrembat laknat dosaning jagad
Reff :
Swawi den pandeng srana mandeng salibing
Sang Kristus Gusti salir tyang darbe gesang yekti.

2. Srana mandeng salibing kurban sejati, salir tyang gesangnya raharja,
was sumelang wah ajrih wus tan ndayani, wit winengku rahmating Gusti,
Reff :

3. Srana mandeng salibing Panebus yekti, salir tyang gesangnya utami,
tansah ngarah kasampurnan aneng swargi, nilar sagunging gesang lami,
Reff :



265. SALIBING SANG PAMARTA
1. Sinalib ing Golgota temah dugeng seda
Yesus kang tanpa dosa nebus gung manungsa
Reff :
Salibing Pamarta tuladha sanyata
mbelani mring sesami wit tresna sayekti.

2. Yesus rinoban siksa sinami durjana,
wit ngrimati tyang nandhang nulung tyang sangsara,
Reff :

3. Kristus ingewan-ewan siniya mrih mati,
wit nandukken katresnan mring tyang kang mengsahi,
Reff :

4. Gusti siniya-siya ingina tan kendhat,
wit ngasihi tyang dosa nuntun mring pitobat,
Reff :

5. Sang Mesih den gebagi tinaton sliranya,
wit tan pamrih nglabuhi bener adil nyata,
Reff :


266. SIHE ALLAH
1. Wit A1lah asih manungsa, masrah­ken Putranira
dados kurban kang sampurna sinalib dugeng seda,
sih rahmat kang lelahanan nylametken babar pisan
angger tyang purun pracaya luwar sing pati ing nraka
Allah asih manung­sa pinujia slaminya.

2. Punika sih kang ngeramken yogya dipun tampeni,
tyang dosa karukunaken manjing putreng Hyang Widi,
gung dosanya ingaksama sinantunan budinya,
nilar pratingkah nistha nglampahi pakarti mulya,
Allah asih manungsa pinujia slaminya.

3. Punika sih ingkang nyata wit Allah tansah setya,
lamun tyang nilar sih rahmat tinuntun mring pitobat,
dimen tansah gesang suci ngarah ingkang utami,
nggih'kasampurnan ing swargi langgeng tunggil klayan Gusti,
Allah asih manungsa pinujia slaminya.

4. Punika sih kang sejati nggih sihe Allah Rama,
nitahken gesang sejati tansah mbabarken tresna,
tetulung sepi ing pamrih ngaksama trusing galih,
tansah ngarah ing kraharjan wonten ing gesang bebrayan,
Allah asih manungsa pinujia slaminya.

267. WUNGUNIPUN GUSTI
1. Swawi pra kanca girang memuji Kristus sinalib wus wungu yekti
Pamarta kita wungu sanyata mangkya jumeneng ratuning gesang
Gusti Panebus prange wus unggul, pati wus kalah kwasane sirna.

2. Tyang Kristen samya girang memuja, dene bebendu pawehing dosa
wus sirna estu wit Gusti wungu mung karaharjan sarta kabegjan
sinungken kita sing Sang Pamarta wungune Gusti yeku panjernya.

3. Swawi pra kanca girang memuja Sang Kristus Gusti unggul sing pati
nunggil mring kita tyang kang pracaya Kristus panjernya tangining raga
gesang sampurna neng Kraton swarga
mung nggunggung tansah ngluhurken Allah.

268. WUNGUNIPUN GUSTI PANGLIPUR KULA
1. Gusti wungu sing seda sampun ngawonken antaka
wungune Sang Pamarta panjernya tangining raga
ngrasuk gesang sampurna yeku panglipur kula.

2. Gusti wus wungu yekti jumeneng ratu ing swargi
sagunging tyang pracaya nggih ndherek ing kamulyannya
niku prasetyan nyata yeku panglipur kula.

3. Gusti wungu sanyata mangkya jumeneng Pantara
tyang kang temen pracaya rineksa sing rehing dosa
temah ayem ing driya yeku panglipur kula.

4. Gusti wungu saestu jumeneng Panebus tuhu
nadyan tyang memoyoki nging kanyatan dadya bukti
Gusti nganthi slaminya yeku panglipur kula.


269. PAMARTA KULA AGESANG
1. Pamarta kula agesang tyas kula mila agirang kang sinalib gesang,
dennya seda krana kula wungune dados panjernya, kula ndherek gesang
gesang, gesang, Pamarta kula agesang, gesang, gesang, Pamarta kula agesang.

2. Gesang Gusti kang wus seda lebur panguwasaning dosa salir tyang raharja
gung sihe Gusti mring kula mila sinung gesang nyata kula ndherek gesang,
gesang, gesang, Pamarta kula agesang, gesang, gesang, Pamarta kula agesang.

3. Gusti gesang lajeng minggah dhateng tengenipun Allah jumeneng pantara
sihnya angayemken manah gesangnya nuwuhken bingah yogya den pepuja,
gesang, gesang, Pamarta kula agesang, gesang, gesang, Pamarta kula agesang.

4. Gusti Pamarta kang gesang nimbali marek salir tyang, kinen pracayaa
tan wonten gesang sejati namung krana Yesus Gusti kang agesang mulya,
gesang, gesang, Pamarta kula agesang, gesang, gesang, Pamarta kula agesang.

5. Tyas kula saestu girang de gadhah Pamarta gesang, pangrehe slaminya
mila kula darbe tekad ngundhangken Injil mring jagad dimen ndherek gesang,
gesang, gesang, Pamarta kula agesang, gesang, gesang, Pamarta kula agesang.



270. GUSTI SAMPUN WUNGU
1. Gusti sampun wungu, Gusti sampun wungu sa­estu sampun wungu
kwasaning pati sampun sirna tyang kang pra­caya gesang nyata
Gusti sam­pun wungu Gusti sampun wungu saes­tu sam­pun wungu
wungune Sang Kristus dados panjernya tangining raga ing mangkenira
nulya ngrasuk kasampurnan ing swarga yogya tansah manteb ing pracaya
Gusti sampun wungu, Gusti sampun wungu saestu, sampun wungu.



271. ANANGING GUSTI WUS WUNGU
1. Jagad kang cilaka saya sangsara de tega nyedani Yesus Gusti
Reff :
nging Yesus wungu yekti ngawonken gung dayaning pati
tyang pra­caya gesang tentrem raharja, linuwaran sing pangrehing antaka
tan wedi nekseni Injil kwasaning Gusti.

2 Umat kang duraka wit rehing dosa nyalib Gustinya kang tan dosa
Reff :

3 Yesus wus pinenthang aneng Golgota, iblis nginten menang suka rena,
Reff :

4 Bener, adil yekti badhe tan aji wit Yesus Masuci den sedani,
Reff :






272. SANG KRISTUS WUNGU JUMENENG RATU
Sang Kristus wus wungu yekti unggul sing reh ing pati
nging seksi dora sung warta nglawan bebener sanyata,
Sang Kris­tus sestu wungu, mangkya jumeneng Ratu.
Sang Kristus wus wungu yekti unggul sing rehing pati
nging tyang kathah memoyoki nglawan Injil warta suci
Sang Kristus sestu wungu, mangkya jumeneng Ratu.
Reff :
Buktinira gesangnya tyang pracaya urip anyar mbabarna sih tresna
tansah ngundhangken sih rahmating Allah sarta nglantarken berkah mring gung titah,
jagad tentrem raharja sanyata aneng pangrehNya Ratu Adil kang Maha kawasa
Gusti Sang Kristus pinuji tansah, Hale­luya.



273. GUSTI WUS WUNGU
1. Gusti Yesus wus wungu, puji Allah, Haleluya,
pati kawon saestu, puji Allah, Haleluya,
mbabar gesang sejati, puji Allah, Haleluya,
sumrambah ing sabumi, puji Allah, puji haleluya.

2. Yogya memuji girang, puji Allah, Haleluya,
dhateng Ratuning gesang, puji Allah, Haleluya,
kang nilar kubur laknat, puji Allah, Haleluya,
mbikak korining rahmat, puji Allah, puji Haleluya.

3. Jagad wus kaluwaran, puji Allah, Haleluya,
uwal sing karisakan, puji Allah, Haleluya,
bumi tentrem rahayu, puji Allah, Haleluya,
Sabdeng Gusti pinituhu, puji Allah, puji Haleluya.



274. KALUWARAN
1. Luwar, luwar, luwar saking siksa, pu­ja, puja, konjuk Sang Pamarta.
samangke kita merdika wus kawon pangrehing dosa wit Sang Kristus wungu nyata
Reff :
sigra, sigra den wartakna wra­ta kabar adya nggih kratoning swarga.
Allah nylametken manungsa, pra pracaya tentrem begja.

2. Luwar, luwar, luwar saking siksa „ puja, puja, konjuk Sang Pamarta
kita sami tyang pracaya nyegah hawa nepsu dosa nunggil Gusti ing sedaya
Reff :

3. Luwar, luwar, luwar sing naraka puja, puja konjuk Sang Pamarta
mangkya kita gesang yekti tan winengku dening pati wit nunggil wunguning Gusti
Reff :

4. Luwar, luwar, luwar sing naraka puja, puja konjuk Sang Pamarta
kita umat kang piniji mikul salib saben ari ngambah margi gesang suci
Reff :