225. KANG PINILIH ING RAWUHE GUSTI
1. Betlehem ing Efrata saestu prasaja
nging pinilih ing Gusti dadya negri adi
dene neng kandhang kewannya miyosing Sang Pamarta
Allah sung waluya tan mawang manungsa.

2. Pra pangon tyang kang ringkih, asor, melas asih
winartanan mlaekat margining sih rahmat
de kang sinungan waluya mung kang rumaos dosa
Allah Maha Asih mbelani tyang ringkih.

3. Pra pandhita sing wetan tyang remen kraharjan
winedharan wewadi Gustining pra gusti
samukawis kang neng jagad nggih ngundhangken sih rahmat
tyang kang maspadakna manggih tentrem rarja.


226. KAMULYAKNA
1. Kamulyakna Hyang Maagung ing suwarga ing suwarga ing suwarga
tentrem rahayu ana ing bumi ing manungsa kang sinarjonan
kluhurna Allah neng swarga kluhurna Allah neng swarga
tentrem rahayu ana ing bumi tentrem rahayu ana ing bumi
ing manungsa ing manungsa kang sinarjonan
ing manungsa kang sinarjonan kang sinarjonan
pinujia pinundhia Hyang Ma agung ing suwarga lan ing bumi
tentrem rahayu ana ing bumi ing manungsa kang sinarjonan
amin, amin.


227. SANG PEPADHANG SEJATI
1. Sang pepadhang sejati samangkya wus prapti
nyirnakna rehing pati mrih jalma basuki.

2. Sang pepadhang sayekti wus rawuh ing bumi
mbirat kwasaning dosa sung tentrem raharja.

3. Sang pepadhang sanyata manjalma manungsa
ngasoraken pepeteng sung gesang kang langgeng.

4. Sang pepadhanging jagad rawuh sung sih rahmat
mrih tyang pracaya pasrah dadya putreng Allah.

5. Sang pepadhang satuhu rawuh jroning kalbu
nenuntun tyang pracaya nulad Sang Pamarta.


228. SANG RATUNING KATENTREMAN
1. Bangsa kang mlampah neng pepeteng sumerep  pepadhang langgeng
samya ngidungken kabingahan lir kraharjan ing panenan
de pasangan saha rembatan nggih panindhes kasangsaran
saestu sampun kasirnakna wit Sang Pamarta wus prapta.

2. Wus miyos Sang Bayi kang suci yeku ratu adil yekti
asmane sestu maha kwasa penasehat elok nyata
nggih Gusti Allah kang prakosa Rama kang langgeng slamanya
ratunipun tentrem raharja yogya tansah den pepuja.



229. LINUHURNA
1. Gya Iinuhurna Gusti Pamarta karsa rawuh ing donya
Jagad bilai Kristus ngrawuhi swawi sami den pepuja
rawuhe Gusti datan ngadiIi malah ngluwari tyang dosa

2. Gya linuhurna Gusti Pamarta karsa mlasi manungsa,
jagad bilai Gusti ngrawuhi karsa nucekken tyang dosa,
dyan memujia saha mulyakna asmanipun Hyang Makwasa.

3. Gya linuhurna Gusti Pamarta ingkang karsa manjalma
jagad bilai Gusti ngrawuhi karsa ngentas tiyang dosa,
para pracaya sami tresnaa mring Gusti wah mring sesami


230. KABINGAHAN INGKANG SEJATI
1. Kabingahan kang sejati ing riyadi natal niki
pasamuwan regeng yekti sesarengan angabekti
memuja, misungsung, ngaken dosa lan nyenyuwun
bingah bingah trusing manah sung kabegjan dhateng liyan
numrahna ! raharja wit wus prap­ta Sang Pamarta

2. Kabingahan kang sejati ing riyadi natal niki
brayat sami tetunggilan wah ngabekti sesarengan
ngundhangna Injilnya mrih salir tyang gesang nyata
ngluwarana tyang sangsara wah mbelani tyang prih ati
mrih samya rahayu wit Sang Kristus sampun rawuh

3. Kabingahan kang sejati ing riyadi natal niki
pepanggihan Ian pra mitra sesarengan aneng greja
memuji mring Gusti wah leladi mring sesami
angrukunna tyang congkrahan wah nyirnakna kamitegan
ngegungna sih tresna Kristus Gusti sampun prapti


231. KAELOKAN SAYEKTI
1. Kaelokan sayekti Allah ngesorken dhiri dadya manungsa
papa miyos neng kandhang nistha nladhani sagung ma­nungsa
welas asih tresna nyata ngapunten sagung lepat dosa
sayogya memuja Allah asih manungsa.

2. Mukjijad kang sejati Allah manjalma yekti
tanpa sipat bendara nging ngladosi pepadha
nladhani sagung manungsa labuh labet trus ing driya
ngarah gesang tentrem raharja
sayogya sudara ngegungna asih tresna.

3 Pangeram-eram nyata Allah dadya manungsa
ngrentahken sih rahmatnya mrih manungsa waluya
nladhani sagung manungsa mbelani tyang ringkih papa
nyirnakna panandhang sangsara
sayogya pra kanca mbabama tresna nyata


232. KIDUNG DINTEN NATAL
1. Swawi kanca sumyak sung puja ing dinten adya punika
Sang Pamarta mangkya manjalma miyos dados bayi papa
wit gung sihnya mring ma­nungsa karsa nylamet ken gung tyang dosa

2. Swawi kanca asung panggunggung aneng dinten natal agung
Allah wus ngluberken sih rahmat mring tyang dosa nggih mratobat
sagunging tyang pracaya pasrah dinadosken pra putrng Allah

3. Swawi kanca ngulukken puji ing dinten suci puniki
Allah nebus jalma sing pati mrih sinungan gesang yekti
Tansah dadya lantaran berkah tentrem rarja sumrambah tumrah

4. Swawi kanca ngaturken sembah aneng dinten natal endah
Allah ngruwat jalma sing dosa sinucekken gesangira
mrih dadosa seksi sembada Kratoning Allah tedhak donya.


233. PANYUWUN MRING GUSTI ING DINTEN NATAL
1. Dhuh Gusti Sang Pantara kawula nglenggana
kadya Zakharia bapa tan manteb pracaya
mugi ing natal niki Gusti sung aksami.

2. Dhuh Sang Pamarta Gusti kawula ngakeni
kadya Herodhes raja watek kamitega
mugi ing natal dinten Gusti angapunten

3. Dhuh Gusti Yesus Kristus nggih adrenging manah
saged lir Maryam Yusup sumarah mring Allah
mugi natal kang adya nuwuhna pracaya.

4. Dhuh Yesus Kristus Gusti kula ngimpi-impi
saged lir pra pandhita sung pisungsung adya
mugi natal punika mbereg manah loma.

5. Dhuh Putreng Allah Yekti panyuwun kawula
tansah sareng mlaekat memuji tan kendhat
natal niki ndadosna mindhak ajrih tresna.

6. Dhuh Gusti Putreng Allah niyat kula tansah
lir pangen ing Yudea nekseni Pamarta
mugi natal puniki nyantosakken ati.


234. ALLAH TUMEDHAK MANJALMA
1. Allah ngesorken srira wit nglabuhi jalma
manungsa tan waluya ngendelken dhirinya
mung karana tresna gesang tentrem raharja
tyang lepat tinuntun tobat sranaden apura.

2. Allah tedhak manjalma wit gung ing sih tresna
ngrukunken pra manungsa klayan sariranya
mung tyang wani ngalah luhur bebudenira
tyang kang remen karukunan sinihan Pangeran.

3. Allah ngurbanken srira wit gung ing sih rahmat
nimbali pra tyang dosa mrih samya mratobat
nggih remen kraharjan nyegah kadurakan
wah nyirik mring kekerasan ngegungken kawlasan.


235. SANG RATU ADIL SEJATI WUS PRAPTI
1. Sang Ratu Adil sejati
samangkya sestu wus prapti
maringken tentrem raharja
tumrah mring sagung manungsa.


2. Nebus manungsa sing dosa
paring kasucening driya
mrih samya tresna-tinresnan
nebihana memengsahan.

3. Nyirnakken dayaning pati
wah malih nganyarken budi
mrih adil bebener yekti
den udi kang trusing ati.

4. Ngluberken gunging sih rahmat
nuntun tyang dosa mratobat
mrih salir tyang ingurmatan
cundhuk klayan kamanungsan

236. ALLAH NUNGGIL MRING JALMI
1. Bayi kang tanpa kamulyan ginedhong neng pamakanan,
nging yeku Gustining pra gusti manjalma sung gesang yek­ti,
Reff :
Tansah pinuja Allah Mamulya kang ngasihi pra manung­sa
tentrem raharja tumrah neng donya wit sang Pamarta wus prap­ta.

2. Tyang kang ngantya kaslametan winartan wartos kabegjan
pangluwaran sing rehing dosa srana nampi Sang Pamarta
Reff :

3. Tyang asor dalah tyang luhur sung pisungsung tandha sokur
mring ratuning swargi kang prapti yeku Sang Juru Basuki
Reff :

4. Yogya kula nggih memuji methukken rawuhing Gusti
mbikak manah mrih sinucekken temah manggih gesang langgeng
Reff :


237. WIYOSIPUN GUSTI
1. Hosiana Gustiku rawuh saking ngaluhur
Hosiana Gustiku rawuh saking ngaluhur
Pra manungsa sajagad den paringi sih rahmat
gedhe cilik tan kliwatan payo muji Pangeran.

2. Hosiana Gustiku rawuh saking ngaluhur
Hosiana Gustiku rawuh saking ngaluhur
pra manungsa sadonya samya ingereh dosa
samangkya sinung apura wit Sang Kristus wus prapta.

3. Hosiana Gustiku rawuh saking ngaluhur
Hosiana Gustiku rawuh saking ngaluhur
pra manungsa sabumi samya winengku pati
samangkya sinung basuki dening sang Kristus Gusti.


238. GLORIA KONJUK HYANG MAHA LUHUR
1. Sing saindenging bawana ngumandhang kidung puja,
methukken mring Sang Pamarta, kang manjalma neng donya
Gloria Allah Maha mulya  Gloria Allah Maha mulya

2. Pujining kasukan nyata, pangluwaran sing dosa,
tentrem raharja neng bumi wit Sang Pamarta prapti,
Gloria Allah Mahamulya, Gloria Allah Mahamulya.

3. Kidung panggunggung mring Gusti, kang gung ing sih piwlasnya,
de rawuhnya tan ngadili nging nylametken manungsa,
Gloria Allah Mahamulya, Gloria Allah Mahamulya.



239. RAWUHING SANG IMANUEL
1. Sang Imanuel gya prapta anglari sagung manungsa
li nuwaran sing naraka temah raharja slaminya
pra makluk wrata mujia Sang Imanuel gya prapta.

2. Gusti Panebus gya prapti netepi wecaning nabi
sagunging tyang kang pracaya pinaringan kraton swarga
pra makluk wrata mujia Sang Imanuel gya prapta.

3. Sang Pamarta tedhak donya ngrukunken sagung manungsa
kinen samya silih tresna mrih jagad tentrem raharja
pra makluk wrata mujia Sang Imanuel gya prapta.


240. PAMUJI ING DINTEN NATAL
1. Pamuji mring Gusti kang trusing ati
ing dinten riyadi natal puniki
prihatosing driya ginantos bingah,
kuwatosing donya sirna wit berkah.

2. Pamuji tan kendhat mring Kang Murbengrat,
kang paring sih rahmat tumrah mring jagad,
nggesangken tyang semplah mrih nglawan pati,
ngiyatken tyang lungkrah mrih gesang suci.

3. Pepujen panggunggung konjuk Kang Magung,
kang ngutus Sang Putra dadya Pamarta,
nucekken manungsa sung gesang yekti,
nuntun tyang pracaya setya ngabekti.

4. Pepujen kang tulus konjuk Sang Kristus,
sing dhamparing swarga tedhak manjalma,
nuladhani kita wah sagung titah,
nandukken sih tresna dalah mring mengsah.


241. WARTA BASUKI
1. Mring tyang asor wah tyang prasaja kang angantya mring Sang Kristus
Mlaekat sing swarga sung warta  rawuhira Sang Panebus
mung bayi kang tanpa kamulyan ginedhong neng pamakanan
yeku Sang Mesih kang wineca nggih Allah kang manjalma.

2. Mring bayi papa tanpa pamor nging yektine Sang Pamarta,
sung abekti lan andhap asor miwah anteping pracaya,
kang nepangken jagad lan swarga ngrukunken Allah lan jalma,
wit nyirnakken dayaning dosa mila Gusti manjalma.

3. Mring tyang kang angantya Pirdus yekti tentrem raharja ing bumi,
bra undhangna warta basuki rawuhing Sang Kristus Gusti,
pujinen Allah Maha tresna sung Pamarta mring manungsa,
luhuma Allah Mawilasa de netepi prasetya.



242. SANG PAMARTA WUS MANJALMA
1. Ing Betlehem kang tan aji wus miyos Sang Bayi
ratuning para ratu Gustining pra gusti
Reff :
rungokna kidung puja sing pra bala swarga
Sang Pamarta wus manjalma sung urip sanyata.

2. Sang Bayi papa lan sudra nging gung pangwasanya,
mbirat salir sangsara nyirep rehing dosa,
Refr.

3. Sang Bayi kang tanpa daya wit ngesorken srira,
mbabar jatining tresna yogya den tulada,
Refr

4. Sang Bayi jalma sampurna nggih bekti tan cacad
kang sung tentrem raharja wit gunging sih rahmat,
Refr


243. RAWUHING RATU ADIL
1. Kabingahan kang sejati nyrambah ing bumi
Ratu adil sampun prapti jagad tentrem yekti
manungsa basuki makluk wrata saOs bekti.

2. Karaharjan kang sanyata tumrah mring manungsa,
Sang Pamarta wus manjalma ngrembat salir dosa,
nyimakken antaka sagung bangsa asung puja.

3. Kaslametan wit sih rahmat sinungken mring jagad,
Kristus prapta mbabar tresna temah tentrem rarja
rukun trusing driya salir titah muji Allah.

4. Warta adya tuhu warta sing Allah Matresna
Kristus Gusti mbikak swargi begja tyang pracaya
sinung gesang nyata yogya tansah den undhangna


244. DALUADI
1. Dalu adi abyor cahyeng kartika dalu suci miyosing Pamarta
jagad raya kang risak wit duraka den pulihken pindha Pirdus mulya
pra manungsa kang sangsara wit dosa linuwaran mrih tentrem raharja
Refrein :
mangga sujud saOsbekti mring Gusti
dalu adi Panebus wus manjalma
dalu suci Sang Kristus wus prapta.

2. Dalu adi lintang panjer sung cahya, dalu suci rawuhing Sang Putra,
bayi suci rinengga kaapesan karsa mbikak korining kaswargan,
angrukunken Allah klayan manungsa
wah sung gesang sayekti sampuma
Refr :

3. Dalu adi Sang putra tedhak donya, dalu suci mlaekat sung puja,
kang Mamulya karsa ngesorken srira, ngrembat dosa mrih jagad slameta,
dayaning pati mangkya ingasorken,
pra manungsa sinung gesang langgeng
Refr :


245. SANG RATU SWARGA PRAPTA
1. Kanca suraka agiyaka Sang Ratu swarga mangkya prapta
ngluwar kula sing bebandan salir kasusahan ing driya
mangkya dadya pamuji suka wit sang Putra sampun prapta

2. Samangkya swarga wus binuka jatining tresna binabarna
de Allah ngesorken srira Sang Pamarta tedhak mring donya
wah manjalma sami tyang papa nylametken sagung manungsa.

3. Pepadhanging jagad wus prapta sung sih rahmat mring pra manungsa
dimen samya wilujenga Kang Makwasa ngesorken srira
paring tuladha mring manungsa olah tresna trusing driya.



246. SANGSARANIPUN GUSTI
1. Dhuh Yesus Gusti kula sinandhangan wirang
rikinarya makutha pinoyok tyang kathah
rinangket lir durjana, cinampah siniya
dhuh Allah punapaa, tan ngeman kang Putra.

2. Dhuh Yesus kang Masuci ingganggep durjana,
wit dosa kula ugi Paduka pinenthang,
sestu nggen kula getun de nglawan mring Gusti,
mugi Paduka tuntun mrih gesang utami.

3. Dhuh Yesus kang wineca jumeneng Pantara,
mugi pra kagunganta den tansah engeta,
sangsara Ian kwirangan nggih salib Paduka,
mrih tiyang dosa sami manggih gesang yekti.

247. PAMUJI ING JUMAT AGUNG
1. Ing  dinten adi puniki  kula muji mring Gusti
kang dados juru basuki karsa ngurbanken dhiri
sinalib dumugeng seda nyangnggi bebendu ning dosa
mrih tyang pracaya  waluya, rinukunken klayan Allah,
nggih dinadosken PutraNya cinadhang kraton swarga.

2. Ing dinten riyadi niki kula nggunggung mring Gusti,
kang gung tresnanya mring jalma ngantos nombokken nyawa,
kang nimbali pra pracaya nderek tunggil ing sedanya
nampik kepincuting dosa tansah ngudi gesang suci,
mbangun turut dhateng Gusti mrih asih trusing ati.


248. SANGSARANING GUSTI
1. Saiba sangsaraning Gusti anyanggi bebendu
nadyan tan dosa nging sinami     lir durjana satru
ingukum kisas nggegirisi  tan kendat      siniya
jinemalan lajeng kasalib anemahi seda.

2. Sanadyan Gusti tanpa dosa nglampahi pinenthang,
nggenNya ngrembat dosaning jagad tumanduk salir tyang,
nggenipun masrahaken nyawa dhasar dipun sedya,
karsanya nebus tiyang kathah nggih kula sadaya.

3. Gusti sinalib ambabarken sihe Allah Rama
ingkang Putra den tegakaken mrih kraharjan kula,
saiba sih piwlase Allah dhateng tiyang dosa,
sami pinaringan apura lantaran kang Putra.

4. Sinalibing Gusti ngosikken tyas kula sadaya,
ngraosaken labuh labetnya anombokken nyawa,
sestu kula rumaos begja tampi katresnannya,
prayogi yen kula wangsuli pitados wah bekti.


249. GUSTI YESUS SINALIB
1. Gusti Yesus sinalib, sinrahken Allah priyangngga,
karsa nyangga paukuman myang laknat dados lintuning jagad.

2. Gusti Yesus sinalib sinami lan tiyang dosa,
nging yektine dosa duraka kita sinanggi ing sriranya.

3. Gusti Yesus sinalib ngurbanken srira pribadya,
mrih manungsa rukun klayan Sang Rama temah gesang raharja.

4. Gusti Yesus sinalib nyirnakken kwasaning dosa,
marginira rukuning sagung jalma tan mawang liyan bangsa.

5. Gusti Yesus sinalib nyirnakken dayaning pati,
tyang pracaya tinuntun gesang suci wah tresna trusing ati.

6. Gusti Yesus sinalib nepangken jagad lan swarga,
mrih pra jalma manjing putraning Allah dados margining berkah,

7. Gusti Yesus sinalib wit sing gunging sih tresnane,
prayogane kita ndherek tindaknya mbangun turut Sang Rama.