150. KUMANDELA, PRACAYAA
1. Mara den etunga berkahing Allah Rama
atinira mesthi kaeraman gungnya tanpa wilangan
mula ja kuatir sumelang nging sumendhea Pangeran
Reff:
Kumandela pracayaa
upadinen Kratoning Allah atimu ayem kabegjan tumrah
kang murbeng rat muwuhi berkah ing sih rahmat.

2. Mara waspadakna mukjijad sing Sang Rama
dalah prakara kang mung prasaja margining pangrimatnya,
maringken bagas kasarasan Ian kacekapaning gesang,

3. Mara den gatekna pangrehing Gustinira,
denya ngrimati pra makluk wrata ing rehing alam raya,
uripira langkung pangaji Ian sagung pra makluk sami,


151. MUNG ALLAH MAHA KAWASA
1. Nadyan sira pinter alinangkung tan jajak kekeran­ing Hyang agung
sayogya sira aja gumunggung leladia mrih Gusti ginunggung,
Reff:
Mung Allah Kang Mahakawasa wah tansah langgeng pangrehira,
bala swarga makluk wrata nelakken kamulyannya
tyang kang mursal nemahi bilai kang ajrih asih mang­gih basuki.

2. Nadyan sira luber sugih yekti, nging luwih sugih langit Ian bumi,
mula den andhap asor ing ati,  loma mring Gusti dalah sesami,
Reff :

3. Nadyan sira luhur wah sinembah, tan sande bali mring lebu tanah,
mula nyaosna gesang mring Allah, dadya lantaran sih rahmat tumrah,
Reff :


152. YESUS SANG PAMARTA
1. Yesus yeku Sang Pamarta karsa ngluwari tyang sangsara
mbirat  saliring memala nglipur  tyang kang nandhang papa
kang pengin raharja yekti gya mareka mring Ye­sus Gusti
kang   pengin raharja yekti gya mareka mring Yesus Gusti.

2. Yesus Sang Juru basuki, lembah manah luber ing budi,
tan mawang mring saliring tyang, kang ngayom nggih tinulungan,
Re f r.

3. Yesus Sang Juru Panebus, tresnanira sayekti tulus,
tyang najis, dosa, duraka, yen mratobat ingapura, Ref r.


153. GUSTI YESUS KRISTUS
1. Aku mesthi nyaritakna  bab Yesus Sang Pamarta
Pepadhanging jagad nyata Putreng Allah Makwasa
nggih jatining kayektosan wah malih kauripan
margining tyang dugeng swargi  Imam agung sejati
Sang Pangen, Panebus jalma      Pantaraning manungsa.

2. Aku mesthi nyaritakna bab Yesus Sang Pamarta
yeku Sang Kristus Masuci Gustining sagung Gusti,
ratuning salir pra ratu nggih Sang Guru satuhu,
sabdeng Allah kang manjalma dadya putreng manungsa,
nggih ugi cempening Allah Abdining Sang Yehuwah.

3. Aku mesthi nyaritakna bab Yesus Sang Pamarta,
panutaning tyang pracaya nggih Ratu Adil nyata,
Sang Alpha Ian Sang Omega Pangreh jagad Ian swarga,
sesirahing pasamuwan sarta sumbering gesang,
Hakim ing dinten wekasan kang datan mawang mring tyang.


154. ALLAH PANGAYOMANMU
1. Allah yeku Pangen satuhu kang ngreksa tansah uripmu
Pracayaa sarta mituhu wah bekti kang trusing kalbu
yen bebaya nempuh sira ywa semplah alit ing driya.

2. Gusti nganthi mring sira tansah tan kendhat ngluberken berkah
yen sira rinoban bebaya wah mikul salib sangsara
pitulungnya datan kendhat mula ngayoma dikebat.

3. Sang Roh Suci nunggil mring sira nyantosakken ing pracaya
mrih menang nglawan mring panggodha waspada juliging dosa
manuta ing sapangrehnya temah dugeng kraton swarga.


155. PASEKSI SAYEKTI
1. Tyang kang pracaya nyawiji wit Sang Kristus Gusti
Lir badan kang mung sajuga lan gegelitannya
yeku paseksi sanyata Yesus Sang Pamarta.
tansah silih, mbiyantoni ngarah gesang suci

2. Santosaning patunggilan tinangsul katresnan
samya silih angladosi tan ngegungken dhiri
sengkut makarya ngundhangken wartos kabingahan
yeku paseksi sanyata Yesus Sang Pamarta.

3. Pinta-pinta nugrahanya peparinging Rama,
runtut lumados mring Gusti wit sadaya aji
lelados mring gung sesami mrih tentrem raharja
yeku paseksi sanyata Yesus Sang Pamarta.



156. TIMBALAN DADYA DUTA SEMBADA
1. Kathah tyang samya nandhang tilingna
mbetahken pitulungan tilingna
reff :
Gusti nimbali sira dadya duta sembada
mbabarken sih rahmatnya tilingna.

2. Kathah tyang samya semplah, tilingna,
betah lubering berkah, tilingna,
reff :

3. Kathah tyang samya sedhih, tilingna,
mbetahken welas asih, tilingna,
reff :

4. Kathah tyang dadya kurban, tilingna,
mbetahken pangluwaran, tilingna,
reff :


157. NYUWUN KALANTING ING GUSTI
1. Ing margi kang rumpil sarta sepi giris nglimputi mring kula
lungkrah raga wah semplah ing driya lir tyang kang tinegakken Sang Rama
Reff :
mlampah pyambak datan dumugi Gusti mugi nglantinga
mrih ge­sang maedahi sesami  wah kamulyaning asma Paduka.

2. Kawula kesandhung sarta dhawah karana lungkrah sulayah,
kang kula ungseni namung Gusti wit sihnya kula manggih basuki,
Reff :

3. Yen kula tinempuh ing prahara ajrih kuwatos ing driya,
mung Gusti kang kula antya-antya sabdanya ngiyatken,gesang kula,
Ref r.

158. ASMANYA MA’KWACA
1. Gusti Kristus Maha kwasa nggih tetameng santosa
sagunging tyang kang pracaya mesthi den ayomana,
Asma­nya Makwasa nggih tetameng santo sa
As ma­Nya Makwasa tumrap tyang kang pracaya.

2. Piandel urip sayekti namung asmaning Gusti,
ing panggodha wah sangsara sung santosaning driya,
Reff :

3. Asmaning Sang Kristus Gusti mbereg remen leladi,
mrih gesang tentrem raharja jagad rinoban sihnya,
Refr.:  .

4. Undhangna asmaning Gusti ing salumahing bumi,
mrih salir tyang nampi warta Ratu Adil wus prapta,
Ref r:


159. SANG KRISTUS MAASIH
1. Lamun sira sangsara krana rehing dosa
yogya pasrah. mring Gusti  dyan linuwaran yekti,
Sang Kristus Maasih mring tyang kang ringkih
ywa mamang ngayoma temah sira tentrem raharja.
Refr.:

2. Yen sira kamomotan kabotan sesanggan,
yogya ngungsi mring Gusti mesthi den pitulungi,.
Ref r.:

3. Yen sira karupekan siningkang ing kadang,
rumaketa mring Gusti mrih tan semplah ing ati,
Refr.:

4. Yen sira kasusahan rinoban panandhang,
sumendhea mring Gusti sira mesthi kinanthi,
Ref r.:

160.  KRATON SWARGA
1.  Neng Kraton swarga sestu  gung panggenannya
salir tyang tinimbalan mlebet samya
mila Sang Kristus manjal ma tedhak donya
ngurbanken srira nylamet ken manungsa
reff :
yogya tampanana sih rahmating Gusti
temahan sira mang gih urip sayek ti
tentrem raharja tansah ngerobi sira
wasana ngrasuk  kasampurnan swarga.

2. Saben tyang rebut bener mlebet mring swarga,
ngambah margi pilihannya pribadya,
nging mung tyang pracaya sarta olah tresna,
yeku kang ndherek Gusti mlebet swarga,
Ref r. :


161. TYANG KANG PRACAYA
1. Tyang kang pracaya tetep waluya yen nunggil Sang Pamarta
lir  pang datan alum lamun tetep ing wit ira
Reff:
tyang kang tansah manut rehing Gusti mung kabegjan kang pi nanggya
bi nerkahan rinten lan ratri rineksa astanya.

2. Salir pra suci tuwuh basuki yen tan pegat Ian Gusti,
lir pang kang medal wohira yen tan pisah witnya,
Ref r. :

3. Tyang kang pracaya badhe sampuma karana Sang Pamarta,
lir pang kang kathah wohira mung karana witnya,
Ref r. :

4. Tyang kang pracaya nging tanpa laku mesthi manggih bebendu,
lir pang kang tan ana wohnya pinagas dyan sima,
Ref r. :

162. DHUH GUSTI PEPADHANG YEKTI
1. Dhuh Gusti Pepadhang yekti mugi  nuntun kula
ngambaha margi utami  nggih bebener nyata.

2. Dhuh Gusti nggih Sang Pamarta mugi nunggil kula,
ing sangsara lan bebaya tan semplah ing driya.

3. Dhuh Gusti nggih Sang Roh Suci mugi nganthi kula,
tansah gesang mursid yekti teguh ing pracaya.

4. Dhuh Gusti yeku Sang Sabda mugi nglanting kula,
sesanggening tyang pracaya tansah katindakna.

5. Dhuh Gusti Sang Pangen nyata mugi ngreksa kula,
nadyan rinoban bilai manggiha basuki.


163. PITOBAT
1. Biyen nglirwakake sabdaning Gusti
mung karepe dhewe kang dituruti
samangkya mratobat nampi sih rahmat
migatosken tansah karsaning Allah
Reff:
mring Yesus Pamarta pasrah jiwa raga
sinung gesang yekti unggul sing pati.

2. Biyen nggunggung dhiri mburu kadonyan,
tan nggape mring Gusti nyingkur kaswargan,.
mangkya anoraga ngendelken Gusti,
mempeng nggayuh swarga mbabar sih yekti,
Refr.:

3. Biyen urip mblunthah mursal ing lampah,
nguja hawa raga manut ing dosa,
mangkya mesu budi ing lampah suci,
martosken Injilnya maring pepadha,
Refr. :


164. AGUNGING SIH RAHMAT
1. Sestu adi wah gung yekti sih rahmat sing Gusti
nylametken kula tyang dosa dyan tentrem rahar­ja

2. Nggih sih rahmat kang sung begja mring tyang kang pracaya,
sing pejah wit rehing dosa mangkya gesang nyata.

3. Sih rahmat niku sung padhang mring manah kang lesah,
nuntun tyang mursal wah nglambrang setya bekti Allah.

4. Nadyan kathah pepalangnya nyanggi salib ugi,
nging sih rahmat nuntun kula tulus tresna Gusti.

5. Yen sampurnaning sih rahmat binabar sanyata,
kula manunggal tan pegat lan Gusti ing swarga.


165. JATINING KATRESNAN
1. Lamun kula anglampahi tin­dak luhur mulya
nging yen tanpa tresna yek­ti muspra tanpa gina
Reff :
kula wi­nulanga tansah lampah tresna lelabet sesami nulad tin­daking Gusti
kula winulanga tresna trusing ati nggih nula­dha tindaking Gusti.

2. Lamun kula angucapna gung basa ing donya,
nging yen sepi ing katresnan lir gong bendhe ngangkang,
Refr. :

3. Lamun kula andanakna bandha dalah nyawa,
nging mung krana tuhu tresna pituwase nyata,
Refr. :

4. Tresna iku sepi pamrih wah luber ing budi,
tan gumunggung lembah manah tansah andum berkah,
Refr. :

5. Tresna iku sabar drana tulus angapura,
tepa slira wah jatmika myang lampah utami,
Refr. :


166. ORA ET LABORA
1. Ora et labora ndedonga makarya yeku  sesantinya  sagung tyang pracaya
mbangun jagad donya temah gesang raharja Ora et labora ndedonga ma karya.

2. Ora et labora ndedonga makarya mbangun nagri-praja, nusa sarta bangsa
Gusti ingkang nganthi lelabet trusing ati Ora et labora ndedonga makarya.

3. Ora et labora ndedonga makarya ngladosi sesami wit tresna sayekti
nyirnaken panandhang wah mbrastha kasangsaran Ora et labora ndedonga makarya.

4. Ora et labora ndedonga makarya mbelani sesami mrih gesang basuki
ngudi kaadilan bener wah kajujuran Ora et labora ndedonga makarya.



167. PANUNTUNING GUSTI
1. Allah Rama ngreksa ngrimati kula
ka­begjan kraharjan kang pinanggya
lamun nyanggi momotan lan sangsara
tinunggil mrih tan ngantos semplah,
reff :
ku­la pasrah lan sumarah mring Gusti panuntunnya wus mesthi prayogi
ing  wusananya kula dugeng  swarga sa­tuhu ngrasuk gesang sampurna.

2. Yesus Gusti nebus kula tyang dosa, wah ngiyatken kula gesang suci,
manggul salib wit ndherek Sang pamarta, nekseni margining basuki.
Refr. :

3. Sang Roh Suci nuntun kula mring swargi, ing lampah utami manut Gusti,
labuh labet mbabar adil satuhu, bebener wah tentrem rahayu,
Refr.:


168. NDEDONGA LAN MAKARYA
1. Ndedonga lan makarya kanthi trusing driya mbabarken sihing Gusti mring sagung sesami
murih tentrem raharja sumrambah sadonya asmanya kang Mamulya pinuji slaminya.

2. Ndedonga lan makarya kanthi sukarena, martosken Injil suci wrata ing sabumi,
mrih sih rahmating Gusti tinampi sesami, temah samya wilujeng sarta gesang langgeng.

3. Ndedonga lan makarya mrih tansah waspada, yen tinempuh panggodha tan gumiwang tiba,
manggul salib wit Gusti manut ing prentahnya, tansah setya ngabekti Ian manteb pracaya.


169. SUMARAH MRING ALLAH
1. Sumarah mring Allah jiwa raga rineksa astanya tansah begja
yen rinoban sisah manah datan lesah sinung kakiyatan sing Pangeran.

2. Sumarah mring Allah jiwa raga, mbangun turut Gusti trusing ati,
yen ginoda dosa binujuk duraka, kekah sarta setya ing pracaya.

3. Sumarah mring Allah jiwa raga, rinoban ing berkah ayem nyata,
yen nyanggi momotan dalasan panandhang, mesthi den tuwari dening Gusti.

4. Sumarah mring Allah jiwa raga, rinimat, rineksa ing sih mirma,
yen ingarah pati wit bebener yekti, manteb dugeng janji Gusti nganthi.

5. Sumarah mring Allah jiwa raga, tinuntun ing sabda dugeng swarga,
yen wonten bilai wah miris ing ati, sinung lipur yekti sing Roh Suci.



170. GUSTI MUGI NUNTUN KAWULA
1. Gusti mugi nuntun kawula tansah setya ndherek Paduka
nadyan awrat momotanira nging ku­la tansah manggih  begja.

2. Gusti mugi nglanting kawula ngambah margi bebener nyata,
nadyan rumpil kathah bebaya nging tatag tan semplah ing driya.

3. Gusti mugi nunggil kawula nglawan salir pangrehing dosa,
temah kula unggul ing yuda manggih kasampurnan ing swarga.



171. UTUSANING GUSTI
1. Ing jagad kang peteng krana dosa kathah tyang kang sulayah
awrat ing panandhang mila nggresah samya semplah ing manah
Refr:
sumangga Gusti ngagem kawula  mbabar tresna kang sanyata
sumangga Gusti ngutus kula  numrahken berkah dhateng tyang kathah.

2. Angundhangken sih rahmating Gusti lelabet wah leladi,
margining tyang luwar sing sangsara temah samya raharja,
Refr. :

3. Ngundhangken Injil kratoning swarga klayan tumindak nyata,
pangluwaran sing kwasaning dosa temah gesang sembada,
Refr. :



172. TANSAH PADHA BEBUNGAHA
1. Tansah padha bebungaha krana kabegjan sanyata
de kita samya tyang dosa nging tinebus sing antaka
Reff:
tansah bungah ing patunggilaning Gusti
tansah bungah wit sinung gesang sayekti.

2. Tansah olah kabecikan leladi tan mawang mring tyang
yeku pratandhaning sokur mring sihing Allah Maluhur
reff :

3. Tansah manteb ing pracaya. tan sumelang wah tan wedi
tegen nyenyuwun ndedonga pasrah wit Gustimu nganthi
Reff.:

4. Tansah padha bebungaha wit tentrem raharja nyata
Gustimu ngreksa slaminya sawutuhing gesangira
Reff. :


173. KORBAN SEJATI
1. Saosna badanmu mrih dadya korban
kang gesang lan suci konjuk Pangeran
yeku pangibadah ingkang sejati
tandha sokur tansah mring sihing Gusti.


2. Ywa madha ing rupa kalayan jagad
nging salina budya krana sih rahmat
dipadha niteni karsane Gusti
salir kang prayogi sampurna yekti.

174. NULADA SANG PAMARTA
1. Dipadha  sarujuk tunggal tresna tunggal budi lan tunggal sedya
wah samya andhap asor ing lampah nulada mring Sang Kristus tansah
Kristus Gusti­ Allah yekti nging manjalma ngesoraken dhi­ri
wah dadya abdi sinalib seda yeku babaring tresna sanyata.

2. Rame ing gawe ing pamrih sepi tan mung mikir badan pribadi
nging migatosna ing liyan ugi nulada mring Sang Kristus Gusti
Reff :

3. Remen ngalah wit luhur ing budi nobatken srana tresna yekti
kang den arah mung krahajan nyata nulad tindake Sang Pamarta
Reff