50. KULA KEDUWUNG
1. Saestu  keduwung kula dene kirang se­tya
dhinawuhan kinen tresna dhateng Allah wah sami,
nging tan ana buk ti  adhuh Gus­ti nyuwun suci.

2. Saestu keduwung kula de gesang mung nglaha,
kelu pangwasaning dosa mung nguja sengseming driya,
lampah tan prayogi, adhuh Gusti nyuwun suci.

3. Saestu keduwung kula de ndlarung ing dosa,
nadyan rinoban sih rahmat nging datan enggal mratobat,
mangkotaken ati, adhuh Gusti nyuwun suci.

4. Saestu keduwung kula nglirwakken kwajiban,
mrih tuwuhing pasamuwan miwah gesanging bebrayan,
tentreming dumadi, adhuh Gusti nyuwun suci.

5. Saestu keduwung kula lamun dugeng janji,
gesang kula tan sembada nilar citraning Sang Rama,
mesthi den bendoni, adhuh Gusti nyuwun suci.

51. GUSTI PANANGGEL KULA
1. Aku wong kang dosa, ngungsi  maring Gusti
temahan den sucekna, wit rahe kang suci
Reff :
Sang Kristus Gusti, Panebus yek­ti,
nadyan dosaku agung, nging Gusti wus nglebur

2. Dhuh Gusti Pamarta mung kwasa Paduka
ingkang saged ngluwari kula saking dosa.
Re f r. :

3. Nggen kula nyenyuwun kang dados landhesan
dede labet kawula namung sih Paduka.
Ref r. :

52. NYUWUN SUCI
1. Kang najis ndlarung ing dosa tinampik mring swarga
Allah   tan sudi mirsani sabarang kang nistha,
Reff : nyuwun suci Adhuh Gusti, nyuwun suci, nyuwun suci

2. Kang najis datan tinampi ngarsane Hyang Widi,
adhuh Gusti mugi karsa mbirat dosa kula
Re f r. :

3. Kang najis ndlarung ing dosa pinagas ing sihnya,
de kang yekti asung bekti tinunggil ing Gusti
Ref r. :
4.  Kang najis badhe sangsara cinadhangan nraka,
kang mratobat badhe begja cinadhangan swarga
Re f r. :

53. ANENG NGARSANE GUSTI
1. Aneng ngarsane Gusti binuka isining kalbu,
sanyata najis uripku aneng ngarsane Gusti..

2. Aneng ngarsane Gusti, katon cetha kluputanku,
mung kebak lamis uripku, aneng ngarsane Gusti.

3. Aneng ngarsane Gusti, kasaosken ringkih semplah,
reribed Ian nyawa lungkrah, aneng ngarsane Gusti.

4. Aneng ngarsane Gusti, rinaosken gunging sihe,
wah lubering katresnane, aneng ngarsane Gusti.

54. NYUWUN AKSAMA
1. Dhuh Gusti kang Mawilasa mugi paring aksa­ma
kula getun de klepatan nglawan dhateng Pangeran
nglirwakken dhawuh Pa­duka manut hardaning dosa
temah tan ngraosken tentrem tebih sin  gesang lang­geng

2. Dhuh Gusti kang Mahatresna mugi ngruwat kawula,
temah kula dados suci tetunggilan Ian Gusti,
manah kang peteng wit dosa enggal pulih lejara,
pangajeng-ajeng binuka ngener mring Allah Rama

3. Dhuh Gusti kang Mahakwasa mugi nuntun kawula,
ngambah ing margi utami mbangun turut mring Gusti,
nyingkur mring karseng pribadi wit kwasaning Roh Suci,
nglawan kapencuting donya mrih raharja slaminya.

55. KRISTUS MARGINING PANGLUWARAN
1. Pundi margi rehing pati tan misesa mring kula
kwasanira sarta wohnya damel gesang sangsara,
reff :    marginira mung sajuga Kristus Gusti Ma suci,
wit pracaya mring asmanya kula gesang sanyata.

2. Pundi cara luwar kula sing rehira antaka,
manah semplah batos kwatos tansah ajrih ing galih,
Ref r. :

3. Pundi dalan pangluwaran sing jeriting kadonyan,
gesang nggrangsang Ian brangasan nguja hawa duraka,
Ref r. :

56. KARAHAYONE WONG MURSID
1. Rahayu wong kang mursid lampahnya nyingkur pangangene wong duraka
lan ora ngambah dalane wong dosa ora wor lungguh ing pajagongane,
nanging karem mring sabdaning Allah rina wengi den gilut ing manah.

2. Kaanane wong iku kaya wit, kang tinandur sapinggiring kali,
kang mesthi awoh ing titi mangsane, Ian godhonge tan nate alum gogrog,
ingambaha reribed ngrepoti, tansah lestari kang den lampahi.

3. Tan mengkono mungguh wong duraka, nanging lir mrambut kabur ing angin,
ora bisa lulus ing pangadilan, Ian ing pasamuwane para mursid,
wong mursid rineksa ing Pangeran, wong ala tumibeng karusakan.

57. KANG KAROBAN ING BEGJA
1. Para bangsa samya ngraman nggrangsang mring Pangeran.
gung pakarti nira muspra nggih nggadhang antaka.

2. Tyang nglawan mring kang Ma kwasa mung manggih sangsara,
kadhawahan bebendunya temah tumpes sira.

3. Sang Jebadaning Yehuwah yeku Putreng Allah
kaparingan gung pangwasa mengku samudaya.

4. Tyang ajrih asih mring Gusti nggih sedya ngabekti,
wah ngayom ing sih rahmatnya karoban Ing begja.

58. RINEKSA ING ALLAH NADYAN SINATRU TYANG DURAKA
1. Dhuh Pangeran Allah tyang duraka kathah nyatur mengsahi kula
memoyoki tansah ngarah kula pejah srana salir piala
nging Paduka Gusti pangayoman yekti tuking kamulyan adi
wit gunging sih rahmat myarsakken pa-sambat pandonganuig pra umat.

2. Dhuh Pangeran Gusti kula datan wedi mring tyang drengki wah srei
wit tyang kang duraka mesthi den kasorna dening asta Paduka,
tyang pracaya yekti Paduka belani wah rineksa sing pati
mila kula ayem gesang tansah tentrem, de kabegjanku langgeng.

59. NYUWUN LUWAR SING KARUPEKAN
1. Dhuh Allah kang Ma suci mugi Gusti melasi
sampun ngukum kula merdi klayan bramantya
nging enggal den entasna sing sisah sangsara.

2. Dhuh Allah Kang Makwasa ngrentahna sih wilasa,
kula kadya pejah wit manah lesah semplah,
nging yen luwar sing pati tansah nggunggung Gusti.

3. Dhuh Allah Kang Matresna nglubema kawlasanta,
rinten dalah ratri luh tangis tansah mili,
angantya pangluwaran sing gung karupekan.

4. Dhuh Allah Kang Maluhur puji panuwun katur,
wit gunging sih rahmat myarsakna mring pasambat,
ngluwari sing tyang nyatru, wah sung tentrem sestu.

60. ALLAH PANGEN KULA
1. Allah yeku  pangen kula  kang gung sih tresnanya
Kula tansah rinimatan srana gung kadarman.

2. Kula tansah den ayomi mila ayem yekti
tinuntun ing margi adi wit asmaning Gusti.

3. Kula tan ajrih bilai wit kinanthi Gusti,
wah slaminya pangreksanya temah kula begja.

4. Nadyan sinatru tyang kathah nging ayem ing manah,
Allah ngluberken sih rahmat berkahnya tan kendhat.

5. Kula rinoban kabegjan salamining gesang,
saha manggen Ian memuji ing daleming Gusti.

61. ALLAH YEKU PANGEN SATUHU
1. Allah yeku pangen satuhu pangrehnya nentremken kal­bu
kula tansah rinimatan srana sagung ing kamirahan.
Reff :
Ing juranging pati tan wedi bilai wit Gusti pribadi kang nganthi
nadyan meng­sah kathah manah datan semplah berkah tansah rumentah
mung kabegjan saha kadarman ngiring salamining gesang
sarta kula badhe manggen tansah ing daleme Sang Yehuwah.

2. Ayem manah lan nyawa kula ingayom ing sihing Gusti,
sarta tinuntun astanya ing margining bebener yekti.
Refr.:

62. KARAHAYONING TYANG MURSID
1. Rahayu  wong wedi asih mring Pangeran Yehuwah
ramenggawe sepi  pamrih kasengsem sabdeng Allah
wong bener wah ngabektti  slamanya den berkahi  lan turune lestari.

2. Omahe wong kang pracaya kanggonan kaluberan, kautamane slamanya tanggon ing karupekan, yen pepeteng nglimputi gya pepadhang nelahi wit tinunggil ing Gusti.

3. Wong loma sinung kabegjan slamanya kinasihan, wong jujur tulus ing lampah sinebut-sebut tansah, mring Wang drengki tan wedi nging pracaya mring Gusti rineksa ing Hyang Widi.

4. Wong awatak welas asih mring kang miskin wah ringkih, kanggonan kamulyan yekti
nggih kamulyaning budi, wong duraka mung meri ngangah-angah ing pati, pituwase bilai.

63. BERKAHING ALLAH
1. Tyang kang sumarah pracaya kang leladi klayan, setya
misungsungken gesangipun konjuk mring Hyang Maha agung.

2. Tyang mursid kang trusing ati rina wengi nggunggung Gusti,
tansah angantya berkahnya sarta tan kendhat ndedonga.

3. Pangeran Allah Makwasa ngluberken berkah sing swarga,
muwuhi ing sih rahmatnya ngiring ing kasetyanira.

64. PASRAH MRING GUSTI
1. Sakehing was sumelangmu pasrahna mring Gusti
Wit  saliring mitramu tan bisa mrantasi
Jer  sa gunging manungsa  nyanggi sume lange
kang pinasrahan tan ana tansah kuwur atine
di enggal pasrahna ing astane Gusti
sagung kuwatirira wus mesthi den tulungi.

2. Yehuwah iku pangenmu pamomong sejati
kang nentremken atimu setya ing pangrukti,
payo prayoga sowan marek Sang Pamarta,
kanthi giyak bebarengan tan mangu ing wardaya.
Ref r. :

65. YESUS ROTI PANGURIPAN
1. Yesus Roti panguripan tumurun saking swarga
paring rahayu santosa mring sagung tyang pracaya.

2. Yesus dados margi nyata kangge pra tyang kesrakat
wangsul margining raharja nuju sumber sih rahmat.

3. Yesus tuking toya gesang tyang ngorong bener yekti
temtu badhe tinuwukan angger purun nampeni.

4. Yesus Pangen kang utami ngurbanken sariranya
mrih umatnya gesang yekti tinebus sing antaka.

5. Yesus nggih cempening Allah Juru slamet sejati
awit dening wutahing rah  kula sami basuki.

6. Yesus pangayoman nyata langgeng ing salaminya
jagad owah gingsir  sirna Yesus tetep wah setya.

66. MASRAHAKEN GESANG
1. Gusti kawula sowan atur sembah bekti,
masrahken jiwa badan, gesang kula sami;
mugi Paduka nuntun paring kakiyatan,
dimen kula lestantun dumugeng wekasan.

2. Kula sestu kepengin manut rehing Gusti
namung ringkihing batin kang tansah malangi
dhuh Gusti mugi pareng mulungaken asta
nggih gya kawula cepeng gondhelan kawula.

3. Kawula mung pracaya tan ngandelken dhiri
nggih mung karsa Paduka kang kula lampahi
kabegjan kang sejati yen lampah kawula
tetep manut ing margi pitedah Paduka.
Amin.

67. ANENG PATUNGGILANING GUSTI
1. Aneng patunggilan ning Gusti wah malih nunggil baptisnya,
pasamuwan dados sawiji tung­gil manah Ian pracaya.
neng patunggilaning Roh suci
ngajeng ajeng kasampurnan, pasamuwan Paduka mugi saya kekah tetunggilan.

68. IBA ADI TUWIN ENDAHIPUN
1. Iba adi tuwin endahnya dinten ageng ingkang mulya
tiyang dosa wanuh Pamarta samya nampi gesang nyata
gesang ing asta­ning Panutan ingkang kebak kaayeman
Sagung dosa sampun ical mangkya ngrasuk gesang enggal.

2. Iba adi tuwin endahnya pawartos ingkang kapyarsa
turut margi arum swaranya pangundharing kabar adya
kabar rahmat saking Pangeran rentahing berkah kraharjan
kula samya tiyang dosa rinentahan palimirma

3. Tyang dosa den sami mirengna yogya samya anilingna
napa sampun wanuh swaranya lamun dereng mangga samya
enggal umarek mring ngarsanya klayan eklas manah suka
mung dening Yesus nggen kita saged wangsul dhateng swarga.


69. KASETYANING ALLAH
1. Kasetyaning Allah datan gingsir,
kang pinilih nggih ugi den timbali
tansah pinirsanan sadayane, prajanji nya tamtu  dipun tetepi
samukawis kang kinaryakaken, rinampungken.

2. Sabda Ian kwasane Allah nyata
saben jaman winengku ing pangrehnya
astanya kukuh miwah santosa ngasta pangadilan ing salamanya
landheping sabdanya nyirnakaken kadurakan.

3. Sang Roh Suci kang kagungan karsa
mbikak kekeraning gesang sanyata
pasamuwan tinuntun astanya rineksa dugeng kasampuman nyata
nggih dados warganing kraton swarga salamanya.

70. LUMADI ING GUSTI
1. Gusti gesang kawula lumados mring Paduka,
dadya pisungsung yekti mrih kamulyan ing Gusti.

2. Mobah mosiking driya wah rerantaman kula
ngarah luhuring lampah mababarken karseng Allah.

3. Kedaling ilat kula tindak lampahing gesang,
namung tansah nelakna gunging sihe Pangeran

4. Bandhalan kasagedan  katur minangka kurban,
cihnaning bekti Gusti wah nresnani sesami.

5. Gesang sawetahira manut ing reh Paduka,
makarya klayan bingah kagem kratoning Allah.

71. MANGGUL SALIB
1. Gusti Yesus, Sang Pamarta kula ndherek Paduka,
manggul salib ing slaminya klayan bingahing driya,
kula Paduka kiyatken temah tan nate semplah
sampun ngantos kemuriden datan cuwa ing manah.

2. Nadyan tinilar ing mitra sinengitan sudara,
kula manteb ing pracaya ndherek Gusti slaminya,
lamun Gusti ingkang nganthi kabegjan kang pinanggya,
lamun Gusti kang ngasihi sinung kraharjan nyata.

3. Karibedan Ian sangsara krana ndherek Paduka
ngiyatken tekading manah ngudi Kratoning Allah,
kula tan lingsem tan wedi nekseni Injil suci,
wit gesang langgeng sayekti ndherek Sang Kristus Gusti.

72. TEMEN NDHEREK GUSTI
1. Salir  wong pracaya  ywa urip sembrana,
sih rahmating Gusti den pundhinen yekti,
na dyan lelahanan nging sanes murahan,
yeku kurban sejati Sang Kristus Gusti.

2. Kaslametanira bisa ilang sirna,
yen sira sembrana nglirwakken sabdanya,
ditumemen ngudi klayan geter wedi,
urip mursid yekti ndherek Kristus Gusti.

3. Wong pracaya samya den tansah waspada,
dosa tansah nggodha mesthi den kalahna,
temahan sih rahmat tumrah datan kendhat,
sira tentrem raharja ing Gustinira.

73. MAREKA MRING GUSTI
1. Mara wong dosa wong cilaka mareka mring Gusti Pamarta,
temah binirat dosanira krana gunging sihnya,
saiba karaharjanira yen sira wus manjing pracaya,
sinung begja wah gesang nyata uwal sing antaka.

2. Bocah uga nggih den kasihi mula sowana ngarseng Gusti,
mrih dadya putra prasetyannya krana gunging sihnya,
Refr. :

3. Aja semaya marek Gusti wit tan ngerti praptaning janji,
Gusti ngantya mring tobatira krana gunging sihnya, Refr.
Refr. :

74. PRACAYA MRING GUSTI
1. He wong kang kabotan dosa Gusti ungsenana
agung sih pangapuntennya mring wong kang pracaya
pracayaa, pracayaa mung pracayaa
Gusti kwasa Gusti kwasa ngluwari sira.

2. Gusti wus nglampahi seda ngrembat dosa kita,
rahe nucekken ing kalbu dyan suci saestu,
Refr,:

3. Gusti kang dadi marganya mrih tumekeng swarga,
saben wong kang angugemi tansah dipun kanthi,
Ref r. :