25. NGABEKTI MRING GUSTI
1. Swawi pra suci nyawiji tunggal Ati
sami ngabekti memuji mring Gus­ti
Ajrih sumelang sedhih Ian kasangsaran
ginantos kabegjan sihing Pangeran.

2. Ngidung tan kendhat sru nggunggung Kang Murbengrat,
ngetung mukjijad Ian sagung sih rahmat,
lubering berkah sing swargi tansah tumrah,
nyantosakken manah nyirnakken semplah.

3. Tansah ndedonga sumarah mring Sang Rama
miwah rumantya nglawan mring panggodha,
pra tyang pracaya klayan saeka praya,
silih mbiyantonana amrih jaya.

26. PUJI PANUWUN
1. Sumangga prakanca marek ngarsaning Gus ti
anggunggung asmanya wit sihe kang sejati
de krana Kang Putra ki ta tansah begja
siyang dalah ratri Gusti kang ngrima­ti

2. Yehuwah Makwasa kang paring kabingahan,
Ian tentrem raharja dugeng jaman klanggengan,
krana Yesus Gusti maringken Roh Suci,
kita dados panggah mituhu mring Allah.

3. Sagunging pamuji konjuk ngarsaning Gusti,
kawula anggunggung kanthi sruning pangidung,
Allah ingkang murba pra titah sadaya,
mung Allah pribadya langgeng salaminya.

27. ASMANE GUSTI KULA
1. Neng kasa ngumandhang asma sajuga
Kang anepangaken  jagad lan swarga
datan wonten asma kados punika
kang kwasa nyirnakken pa­ngrehing dosa
napa sami dereng wanuh
yeku  Gusti  Yesus Kristus asmane.

2. Wus pantes asmane Ian pakaryane,
rawuhe ing donya wit gunging sihe,
nebus tiyang dosa, sinalib seda,
gya wungu nyawisken swarga mring kula,
napa sami dereng wanuh,
yeku Gusti Yesus Kristus asmane.

3. Sang Kristus samangke ngratoni swarga,
ngasta pangwasane Allah Sang Rama,
ngadili jagad ing mbenjing rawuhe,
kula pareng ndherek ing kamulyane,
yeku Kristus Sang Pamarta,
punika asmane panutan kula.

28. SOWAN MRING GUSTI
1. Sumangga sowan Gusti, Haleluya, srana kidung pamuji, Haleluya.

2. Tyang pracaya nyawiji, Haleluya, ing tresna tulus yekti, Haleluya.

3. Pujekna gung panggunggung, Haleluya, kidung konjuk Hyang Agung, Haleluya.

4. Asmane den suwurna, Haleluya, wit luber sih setyanya, Haleluya.

5. Tilingna sabdeng Gusti, Haleluya, klawan pracaya yekti, Haleluya.

29. KAMULYANIPUN GUSTI
1. Adhuh Gusti lamun kula nyipati lintang abyor ing dalu kang sepi
wah gumlegering gludhug ing a­kasa ku la ngungun gunging kamulyanta
reff :    nyawa kula gya sumyak sung puja yekti Allah Maha kwa­sa
nyawa kula gya sumyak sung puji yekti Allah Maha kwasa.

2. Lamun nlasak tengahing wana wasa sato peksi kekidungan ramya,
wonten ngare dalah ing ardi ugi, bra gumelar sesawangan adi,
reff

3. Yen siniram ilining samirana wah tinempuh ombaking samodra,,
ngganda sekar kang arum miwah endah  manah ngungun wit gunging pra titah
reff

4. Klangkung ageng gunging sih susetyanta, kang ngurbanken Sang Kristus, Sang Putra,
sinalibken, seda tedhak mring nraka, mrih manungsa basuki slaminya
reff

30. PUJINEN HYANG MAKWASA
1. He pratitah sadarum samya ngrepekna kidung
konjuk Hyang Makwa sa kang gunging sih susetya Haleluya,  Haleluya.

2. Pujinen Hyang murbeng rat, Gusti kang gung sih rahmat,
ngreksa Ian ngayomi, ngrumati mrih lestari, Haleluya, Haleluya.

3. Allah kang Mawilasa wus nylametken manungsa,
slaminya pinuja, wah tansah pinundhia, Haleluya, Haleluya.


31. PINUJIA ALLAH
1. Pi nujia tansah Allah Mamirah kang gung tresna­nira mring salir titah
tyang dosa dura ka  sinung apu­ra ti nebus sing pati temah basuki
reff :    luhurna mulyak­na Gusti Sang Pamarta luhurna mulyakna Pangruwating do­sa
pasrah maring Allah srana pracaya margining wa­luya tentrem raharja.

2. Pinuji slaminya Allah Matresna, kang ngegungken sabar rnring tyang kang mblasar,
nuntun mring pitobat srana sih rahmat, mrih tyang mursid yekti sinung Roh Suci,
Reff. :

3. Pinuji tan kendhat Allah murbeng rat, kang nunggil wah ngreksa mring kagungannya,
tyang bekti lan setya sinung nugraha, gesang langgeng nyata neng kraton swarga,
Reff :

32. SEMBAH BEKTI KONJUK GUSTI
1. Sembah bekti wah puji konjuk ngarseng Gus­ti
kang mberkahi grejanya temah tansah beg­ja
Injil kratoning Allah ingundhangken su­mrambah
asmanya kamulyakna dening sagung bangsa.

2. Sagung kidung kamulyan konjuk mring Pangeran,
dalah pisungsung sokur wit berkahe mancur,
wah pangengennya nyata yogya pra umat setya,
asmanya kamulyakna dening kagungannya.

3. Salir kidung panggunggung konjuk Hyang Maagung,
tansah sung pitulungan maring pasamuwan,
nadyan panggodha nempah rineksa mrih tan dhawah,
asmanya kamulyakna dening tyang pracaya.

33. SAWERNANING PUJI
1. Sawernaning puji kanthi trusing ati mring Allah kang Maha mirah
dening sagunging tumitah wit tansah rino­ban berkah.

2. Saliring panuwun dalah masmur kidung,  mring Allah tuking gung berkah,
dening kang samya pracaya  wit sinung tentrem raharja.

3. Sagunging panggunggung dalasan pisungsung,  mring Allah Gustining titah,
dening saliring pra umat  wit rinentahan sih rahmat.

4. Sakathahing sokur srana lampah luhur,  mring Gusti yeku Hyang Widi,
dening sagung pasamuwan  wit rinoban ing kabegjan.

34. SUNG SEMBAH PUJA
1. Allah Kang Ma kwasa yekti gung tresnanya jumeneng Pamarta kang ngruwat dosa
salir tyang pracaya luwar sing antaka lamun tansah setya mlebet mring swarga.
Reff    sung sembah puja konjuk Sang Rama kang paring nugraha tentrem raharja
sung sembah bekti konjuk mring Gusti kang paring basuki nggih gesang yekti.

2. Gusti kang Mamirah ngrentahken gung berkah, tyang nandhang sangsara manggih waluya, saliring pra umat tan kendhat rinimat, srana peparingnya nadyan prasaja,
reff

3. Rama kang Maagung kang paring pitulung, nglipur manah sisah mrih datan semplah,
njangkung kagungannya temah tansah begja, gesang mursid yekti dumugeng janji,
reff

4. Pangeran murbeng rat ngluberken sih rahmat, mbelani tyang leres saking panindhes,
nunggil tyang pracaya temahan santosa, ngundhangken Injilnya wrata sadonya,
reff

35. KAMIRAHANING GUSTI
1. Puji konjuk Allah Kang Maha mi­rah
ing rinten dalah ratri nggih tansah ngganjar ber­kah
mring tyang mursid wah mursal tan ana kang ketriwal

2. Puji lan panuwun mring Hyang Maagung,
ngganjar berkah mirunggan,
mring tyang ingkang pracaya,
yeku kawilujengan sarta tentrem raharja.

3. Puji sarta sokur mring Kang Maluhur,
de ngganjar berkah adi,
mring tyang ingkang ngabekti,
winuwuhan sih rahmat pangrimatnya tan kendhat
.
36. GUSTI RAWUHA
1. Mugi rawuha dhuh Rama mugi  rawuha dhuh Rama
mugi rawuha dhuh Rama dhuh Rama rawuha.

2. Kula memuja, dhuh Rama, kula memuja, dhuh Rama,
kula memuja, dhuh Rama, dhuh Rama, rawuha.

3. Kula nyawiji, dhuh Gusti, kula nyawiji, dhuh Gusti,
kula nyawiji, dhuh Gusti, dhuh Rama, rawuha.

4. Kula ndedonga, dhuh Allah, kula ndedonga, dhuh Allah,
kula ndedonga, dhuh Allah, dhuh Rama, rawuha.

5. Kula sung sembah, dhuh Allah, kula sung sembah,
dhuh Allah kula sung sembah, dhuh Allah dhuh Rama rawuha.

37. PANGGUNGGUNG WIT SIHING GUSTI
1. Kula samya tetunggilan ngabekti  mring Pange­ran
wit sinungan kacekapan wah bagas kesaras­an
reff:
ku la tansah nggunggung Gusti lan ajrih asih yek­ti
wit ingayom ing sihira sestu  tentrem rahar­ja

2. Kula rinoban ing begja rinten dalu tan kendhat,
ing lelampahan prasaja dalah srana mukjijad,
Refr :

3. Kula rinimat ing Gusti srana sagunging titah,
mangsa kang silih gumanti samukawis mung endah.
Ref r

4. Kawula nggih binerkahan lantaran mitra kadang,
sumanaking pitepangan tan wonten memengsahan,
Refr :

38. HALELUYA PUJI GUSTI
1. Pinuji Gusti kang nitahken jagad siyang ratri tan kendhat ngganjar sih rahmat.
Reff : Haleluya sagung puji tansah konjuk Gusti Haleluya sagung bekti mring ratu swargi.

2. Pinuji Gusti Sang Juru Basuki kang ngurbanken sarira nebus manungsa.
Reff :

3. Pinuji Gusti yeku Sang Roh Suci kang nuntun ing kraharjan wah kasampuman.
Reff :


39. KAMULYANING PANGERAN
1. Langit tansah nyariyosken kamulyane Hyang Magung
wah akasa mratelakken yasaning astanipun
rinten dalu tan kendhat wartanya ngebeki rat.

2. Sanadyan datan wicanten tan wonten tetembungan,
nging samangsa den tilingken tansah nggunggung Pangeran,
paseksinya nyrambahi ing salumahing bumi.

3. Pangeran murbeng jagad rat kang ngrimati pra titah,
surya kang mlampah tan kendhat nggih krana rehing Allah,
saliring kang dumadi nelakken sihing Gusti.

4. Mugi Gusti.nggih karenan isining manah kula,
gung panggunggung mring Pangeran pangayoman sanyata,
pinujia tan kendhat Panebusing pra umat.

40. YEHUWAH ALLAH KULA
1. Sang Yehuwah yeku Allah kula
karsa anglanting tangan kawula
ses tu Allah dados karosan kula
mila tansah kawula tresnani.

2. Sang Yehuwah yeku Allah kula
kang nyembadani panyuwun kula,
mila dhawuhipun: "lah kumandela,
Ingsun datan negakaken sira".

3. Sang Yehuwah yeku Allah kula
tan males durakaning manungsa,
mila dhawuhira: "lah umareka
Ingsun kagungan sih palimirma.

41. NYUWUN PANGAPURA
1. Dhuh Yehuwah nyawa kula ngantos antos Pangeran,
kawula kaluwarana sing tyang remen mengsahan,
wah katedahna margi bebener Paduka Gusti,
mung Paduka pribadya sumbering tentrem raharja.

2. Dhuh Yehuwah ngengetana mring sih palimirmanta,
wiwit jaman purwa mila Gusti gung ing apura,
ngruwata dosa kula nadyan ageng saha kathah,
nyawa kula rineksa wit sih kadarmaning Allah.

3. Allah Maadil Ian sae tan ngegungken bebendu,
tyang kang kesasar uripe tinuntun tobat sestu,
marginya mung katresnan bebener sarta kasetyan,
tumrap tyang setya yekti netepi sabdaning Gusti.

4. Dhuh Allah mugi ngapura krana asma Paduka,
mripat kula tansah nenga ngadhang sih kawlasanta,
kawula nandhang awrat kepencil sarta kesrakat,
mugi kaluwarana mrih kula tentrem raharja.

42. PAMRATOBAT SING DOSA
1. Dhuh Allah, Rama, ngluberna sih mir­ma,
kawula nglenggana gunging dosa ku­la,
Gusti Ma kwasa, nyuwun apura, temah gesang nya­ta

2. Dhuh Yesus, Gusti, karsaa melasi,
kula sestu tobat ngorong mring sih rahmat,
Yesus, Pamarta, nucekna ati mrih kula basuki.

3, Dhuh Sang Roh Suci nggih nganyarna ati,
nilar gesang lami mbangun turut Gusti,
dhuh Sang Roh Suci, mugi nulungi temah mursid yekti.


43. NYUWUN ENGGALING MANAH
1. Gusti kula sestu nalangsa, awit asring mbalela,
damel sekel galih Paduka, kelu ombyaking donya,
Reff:   dhuh Gusti kawula nyuwun apura, sinucekken sing dosa
mugi manah kula kaenggalna, mituhu Paduka.

2. Sestu kula angraosaken sisah dening momotan,
nging lamun Paduka angapunten manah kawula padhang,
Reff

3. Sestu kawula ngraosaken ing katresnan Paduka,
wit Paduka tan negakaken kula kawratan dosa,
Reff. :
.
44. GUSTI NIIMBALI SIRA
1. Wong dosa rempu atimu, nlangsanana dosamu,
mbokya ngungsia mring Gusti mesthi kinarya suci.
Gusti nimba­li sira rungokna ta sabdaNya, pasraha jiwa raga.

2. He wong kang ilang kesasar saparanmu kapirsan,
Gusti nglari Ian nimbali bakal karsa nulungi.
Reff
3. Gusti kwasa sipat mirah manjalma krana kita,
mula den enggal mareka mesthi tan nampik sira.
reff
4, Sira kaancam rencana ukum laknat ngadhangi,
nuli enggal umareka tinebus ing rah adi.
Reff

45. GUSTI ANGANTI SIRA
1. Gusti angantya sira wong dosa, arum ing wacana umareka,
nyuwuna luwar lan linipura, mareka, saosna ati nira,
reff :    lah mareka Gusti angantya ywa kapara adoh, umareka
Gusti anganti anti sira, ywa nyenyuwe,mareka mring Gusti.

2. He wong dosa dhasar dalanira jembar bungah yen dilakonana
nging sira tan nduga kang rekasa yeku kang anjog mring nagri baka,
Refr.:

3. Lah mbok umareka mring Gustimu, kang nimbali sira kanthi tresna
lah mareka enggal dyan merdika nyelaki Gusti nampi rahmatNya,
Refr.:

46. PANELANGSA
1. Wit sing kathah dosa kula mila tansah kemeng­an
Gusti kang madhangi manah myang tuking kabingahan.

2. Mugi karsa angaksama ing klepatan kawula,
tyas kula mugi dadosa padaleman Paduka.

3. Gusti kang kula ndelaken, mugi nuntun mring kula,
kula badhe ngestokaken ing sakarsa Paduka.

4. Kula mboten purun malih karya sekel Paduka,
badhe tansah tuhu setya, tresna ing salaminya.

47. GUSTI PANGUNGSEN KULA
1. Gusti mugi mirsani nggen kula kesrakatan
kula mlajeng mring pundi namung dhateng Pangeran
nyuwun tulung dhuh Allah mugi nglanting kawula
sing sagung ka­ribedan dimen pulih lejara.

2. Tan wonten pangauban sestu namung Paduka,
etuking pitulungan tumrap tyang kang nalangsa,
yen kegunturan sedhih miwah nandhang sangsara,
sinten kang nglipur malih inggih namung Paduka.

3. Gusti dados pikekah miwah beteng kawula
karosannya tyang lungkrah pepadhangnya tyang wuta,
kula apes anglentrih Gusti maringi kiyat,
kula tyang kawlas asih tansah nyuwun sih rahmat.

4. Gusti tuking kadarman mugi mlasi mring kula,
uwala sing momotan wah kalis sing panggodha,
Gusti tuking kraharjan kang kwasa mbirat dosa,
mugi nucekken kula temah gesang sembada.
.
48. NYUWUN SUCI SAESTU
1. Dhuh Pangluwar sejati myarsakna pasambat kula
Gusti mugi ngresiki manah kula sadaya.
Reff :  Gusti mugirah Paduka nucekken manah kawula
temah suci saestu wah sirna najis ing kalbu.
Suci sestu suci sestu
temah suci saestu wah sirna najis ing kalbu

2. Dhuh Pangluwar sejati paringa kiyat mring kula,
setya ing lampah suci ngetut wingking Paduka,
Reff :

3. Dhuh Pangluwar sejati mugi nuntun gesang kula,
mbangun turut mring Gusti, tansah ngestokken Sabda.
Reff :

49. BINGAH WONTEN SIHING ALLAH
1. Sihing Allah kang Maha tresna sung gesang nyata mring kula
yeku sih kang ngeram eramna mring kula tyang kebak dosa,
mila kula tansah muji tan kendhat rinten Ian ratri.

2. Yen Allah nganggep dosa kula wah lepat klentuning lampah
kawula pejah ing antaka wit gesang mung awon tansah
nging Gusti luber sih rahmat kula pepuji tan kendhat.

3. Mring salir tyang nggih sanak-mitra mesthi kawula tedahna
margining karaharjan yekti yeku sih rahmating Gusti
punika sokur kawula mring Gusti nggih Sang Pamarta.