175. TIYANG RAHAYU
1. Rahayu kang mlarat ing budi witdarbe Kraton swargi
rahayu tyang kang prihati wit nampeni panglipur yekti
reff :
Sang Kristus Guru sejati sabdanya den lampahi
Yoga den tut wuria prentahnya den estokna­

2. Rahayu tyang alus budi nggih kang marisi bumi
kang luwe mring kasampurnan nggih mesthi badhe katuwukan
Reff :

3. Rahayu tyang kang welasan wit tinresnan Pangeran
salir tyang resik ing manah kepareng sowan ngarseng Allah
Reff :

4. Rahayu tyang kang ngrukunken yeku pra putreng Allah
kang kinuya wit kayekten yeku kang darbe kraton swarga
Reff:

5. Rahayu kang den pitenah krana bekti mring Allah
tansah mbangun turut Gusti ngudl ing gesang mursid yekti
Refr.


176. KANG PINUNJUL KATRESNAN
1. Tyang kang sagah ngurbanken dhiri leladi ing pamrih sepi
mung tyang kang mbabar tresna nyata nulad tindake Sang Pamarta
Reff :
yek­ti amung telung prakara pangarep-arep lan praca­ya
sarta  katresnan nyata lelabet trusing driya ingkang  pinunjul tresna

2. Kang mbelani tyang ringkih papa, mrih darbe aji manungsa
nggih tyang kang watek asih tresna kumedah nglantarken berkah
Reff :

3. Tyang kang ngrukunken tyang sulayan tansah ngarah katentreman
mung tyang kang olah ing katresnan wah nebihi ing kekerasan

177. GUSTI YESUS RATU ADIL
1. Ratu adil kang sejati saestu  namung sawiji
yeku  Sang Kristus Gusti mengku swarga lan jagad rat nggih Panutaning pra umat
pinujia tan kendhat pinujia tan kendhat

2. Ratuning tentrem raharja kang luber ing sih rahmatnya
mring sagunging manungsa Ratuning kratoning Allah pangwasanya langgeng tansah
Sinembah salir titah, Sinembah salir titah

3. Kratonira katentreman pranatannya kaadilan
prajuritnya katresnan pangrehe bebener nyata peparinge gesang begja
pinujia slaminya, pinujia slaminya.

4. Sagunging tyang kang pracaya ngayom nggih dadya abdinya
tansah sinung raharja uwal sing pangrehing pati benjang sampurna ing Swargi
mila tansah memuji mila tansah memuji.



178. GUSTI PEPADHANGING JAGAD
1. Gusti pepadhanging jagad gung luber ing sih rahmat
asihmring salir manungsa Samya den wilujengna
tinuntun mring margi padhang manunggil lan Pangeran
gesang mursid yekti tansah mbangun turut mring Allah.

2. Gusti pepadhang sejati nggih kang nganyarken budi
nglipur tyang susah ing manah ngiyatken tyang kang semplah
nyantosakken ing pracaya mrih unggul nglawan dosa
mring Allah tansah ngabekti wah nresnani sesami

3 Gusti pepadhang sing swarga sung gesang langgeng nyata
salir tyang ngayom ing sihnya sinung ayeming driya
tinuwukan srana berkah kasampurnan den arah
tinuntun ing sabda suci tansah ngener mring swargi.


179. PANARIMA
1. Dhuh nyawaku den marema, Allah nunggil mring sira
Samubarang solan salin Allah tan owah gingsir.

2. Sadulur mitra myang tangga tan salaminya setya
nging Allah kang Maha mirah tansah ngluberken berkah.

3 Kathah tyang samya wiyaen tan nrimah ing kanyatan
ngangah-angah kang tan ana yektine tan keduga.

4. Dhuh nyawaku den marema wah aja sira ngangsa
sumendhe mrlng Allah Rama uripmu mesthi begja


180. NGATURAKEN PISUNGSUNG
1. Pisungsung konjuk mring Gusti tan mung sapra sedasan
berkahnya rina lan wengi datan kenging ingetang
sawernaning kang pangaji konjuk ngarsaning Pangeran

2. Nulad randha miskin nyata nging loma pisungsungnya
sadaya kang den darbeki den saosken mring Gusti,
sawetahing gesang kula konjuk Allah Kang Makwasa.

3. Pisungsung kang trus ing ati karenan ngarseng Gusti,
kamirahannya ndhawuhi tyang ajrih asih yekti,
kanthi setya kula tansah lelados bekti mring Allah.


181. SAOSAN SOKUR
1. Kula ananem wiji taberi ngrimati
nging tuwuh miwah suburnya Allah kang mberkahi
Pangeran paring jawah lan sunaring surya
wah saliring wohira nggih berkahing Rama
Reff :
Sumangga misungsung kanthi trusing manah
sadhengah barang darbe kita konjuk mring Allah.

2. Kula sengkut makarya ing saliring kardi
wit iku dados marginya berkah saking Gusti
sawarnining pakaryan tan ana kang nistha
asil gedhe cilaka mesthi murakabi.
Ref r.

3. Kasarasan karosan berkahing Sang Rama
kapinteran kaprigelan wah aruming nama
ywa nganti anjalari gumunggunging ati
ing sagunging kahanan ngluhurken Pangeran.
Ref r.:


182. RIYADIN SAOSAN
1. Pra tyang pracaya sagung sumangga sung pisungsung
konjuk Gusti  Makwasa ing dinten Pentakosta
wit berkahing Pangeran tyang nenanem panenan
kasil tyang kang makarya kabegjan kang pinanggya.

2. Wulu wetuning bumi dalah wohing makarti,
sinaosken mring Gusti kanthi tulus ati
sinartan karameyan bludaging kabingahan
dene berkahing Allah tan kendhat tansah tumrah.

3. Ing dinten Pentakosta dinten kang sestu adya
nggih riyadin saosan sung pisungsung mirunggan,
wit pangreksaning Gusti pasamuwan lestari,
tuwuh sarta ngrembaka kalis sing gung rubeda.


183. PISUNGSUNG MIRING KANG MALUHUR
1. Gusti Kang Maluhur kula saos sokur
sung pisungsung klayan bingah wit lubering berkah
mugi dados marginira asma Paduka pinuja,
karsanta binabar nyata kraton swarga rawuha
Amin, Amin, Amin

2. Gusti Kang Maagung kula sung pisungsung
dados srananira greja leladi makarya
mbabarken tresnaning Allah
sumrambah mring tiyang kathah,
temahan Gusti pinuji ing jagad lir ing swargi,
Amin, Amin, Amin



184. PISUNGSUNG WIT KAMIRAHANING PANGERAN
1. Kula tansah ngraosken bingah wit sih kamirahaning Allah
ngganjar kawilujengan nyata Iantaran kur­baning Sang Putra
mila kula saos pisungsung tandha sokur mring Allah Maagung
wit yektine gesang kula namung krana lubering sih rahmatnya.

2. Kula tansah manggih kabegjan wit karoban ing kamirahan,
saliring kabetahan kula kacekapan ing wancinira,
mila kula saos pisungsung tandha sokur mring Allah Maagung,
wit yektine gesang kula namung krana lubering sih rahmatnya.

3. Kula sinungan kasarasan krana sih mirahing Pangeran
temahan saged nambut kardi margine manggihken rejeki,
mila kula saos pisungsung tandha sokur mring Allah Maagung,
wit yektine gesang kula namung krana lubering sih rahmatnya.


185. PISUNGSUNG KONJUK MRING ALLAH
1. Konjuk mring Kang Maha agung kawula sung pisungsung
cihnaning bingahing rnanah wit berkahing Allah
sumengka wah sinengkera Ian temen rineksa
dadya srana mun­pangati mrih kamulyaning Gusti.

2. Konjuk Allah kang Maluhur kawula saos sokur,
kebabaring raos urmat wit tansah rinimat,
dalah gesang kula mugi kagem dening Gusti,
dadya lantaraning berkah tumraha miring tyang kathah

3. Konjuk ing ngarsaning Allah kawula sung panrimah,
tandha ajrih asih kula wit gung sih rahmatnya,
mugi Gusti nggih karenan temah binerkahan
dadya margi Kratoning Allah binabar neng bumi



186. PISUNGSUNG KONJUK MRING GUSTI
1. Jagad nampik sihing A1lah nyingkur mring Sang Pamarta
nging kula  pracaya pasrah ngraosken sih rahmat nya
reff :
mangga sru ngidung ngunggung Hyang Widi wah sung pi­ sungsung konjuk mring Gusti
ngaturken pratandha sokur  krana berkahnya mancur.

2. Jagad ndlarung aneng. dosa tansah mburu kadonyan,
kula bekti mring Sang Rama wit rino6an kabegjan, .
Reffr. :            ,
3. Jagad manut rehing pati kang dugeng nraka langgeng,
kula tinuntun Roh Suci ing manah ayem tentrem,
Ref r: :

4. Jagad remen ing pablunthah ngendhem sengit lan drengki,
kula'dadya putreng Allah mila tresna sesami,
Ref r. :


187. PISUNGSUNG JIWA RAGA
1. Jiwa raga kawula konjuk mring Sang Pamarta
mugi dados lantaran kamulyaning Pangeran  kamulyaning  Pangeran

2. Tangan suku kawula nindakken pakaryannya,
mrih sesami basuki nampeni sihing Gusti, nampeni sihing Gusti

3 Dalah kedaling ilat nggih ngundhangken sih rahmat,
temah asmaning Gusti datan kendhat pinuji, datang kendhat pinuji

4. Bandha lan kasugihan, wegdal wah kasagedan,
nggih gesang sawetahnya dadya pisungsung nyata, dadya pisungsung nyata.



188.  ASUNG  PISUNGSUNG
1. Sumangga sung pisungsung mring A1lah Ma agung
krana gunging sihrahmat kang luber tan kendhat

2. Misungsung kanthi loma cihnaning panuwun,
de gesang tansah begja wit Allah kang nuntun

3. Bandha, arta pethingan kang katur mring Gusti,
bludaging kabingahan wit berkah tan sepi.

4. Saos pisungsung kathah cacahnya tan tim'bang,
lan gung berkahing Allah tan kenging winilang.



189. SABDANING ALLAH
1. Sabdeng Allah Hyang Widi seksinya kitab suci
pepadhanging manungsa ing margi dugeng swarga

2. Sabdeng Allah Masuci wewaton gesang adi
kang mireng wah nindakna manggya tentrem raharja.

3. Sabdeng Allah Mamulya Nggih tetedhaning nyawa
tyang nggayuh kasunyatan samangkya tinuwukan

4. Sabdeng Allah Makwasa tameng nglawan panggodha
sampurna piwulangnya njangkepken tyang pracaya.

5. Sabdeng Allah Pangeran nggih badhe kalampahan
kang mokal datan ana wit agung pangwasanya.




190. TYANG KANG MANUT ANGGER-ANGGER
1. Rahayu  tyang utami ing lampah ngambah margi prentahing Sang Yehuwah
rahayu kang netepi sabdanya
tyang kang manut ing sapangrehe Gustisarta tansah telaten netepi
sakarsane klawan eklas ing ati.

2 Marginira tyang lampah utama nggih tyang anem jujur ing lampahira
mbangun turut mring sabdaning Allah
ngupadi Allah Ian gumolong ati wah ngandhemi prasetyaning Gusti
nyingkiri dosa, panerak, pamblunthah.


3. Gusti mugi ngirid lampah kula manut sabdeng suci ing salaminya
tansah karem gesang mursid nyata
cacading gesang kula kasingkirna temah kula temen trus ing manah
nindakken pranataning Sang Yehuwah,


4 Sabdaning Allah kang dadya dilah madhangi kula murih mursid tansah
nggih nuntun kula bekti mring Allah
kula supaos nedya den tetepi ngestokken sagung prentahe Gusti
tan wigih kangelan dugeng ing janji


191. ANGGER-ANGGERE PANGERAN
1. Angger angger suci peparinging Gusti
sanyata sampurna,paring pangalaman
lan kawicaksanan wah nyegerken nyawa
dhawuhipun Allah mbingahken ing manah
wit patitis sayeti prentahe Pangeran
dhatengken kraharjan krana saestu murni

2. Ajrih sih mring Gusti yeku lampah suci lestantun slaminya,
sabdeng Kang Murbengrat leres tanpa cacat wah adil sadaya,
linangkung endahnya munjuli sesotya Ian sabarang kang peni,
dalah madu tala kasor raosira wit nengsemken ing ati.

3. Tyang setya ngabekti manut rehing Gusti karoban ing berkah,
sagung kang netepi dhawuh-sabdeng suci rineksa ing Allah,
sajroning panggodha wah yen den paeka tan sande linuwaran,
tyang mursid gesangnya wah tulusing driya kanggenan ing kabegjan

192. UNDHANGNA SABDENG ALLAH
1. Panuntun lampah utama yeku sabdaning Allah
wulangna mring brayatira tan kendhat saben wayah
Reff :
bra undhangna sabdeng Allah     paseksi sih rahmatnya
mrih samya manggih raharja sinungan gesang nyata

2. Pra lare tansah pinerdi mirengken sabdeng Gusti
sarta tinuntun nindakna srana tuladha nyata
Reff :
3. Brayat saiyeg ngabekti ndedonga Ian memuji
nggegilut sabdeng sing swarga dhasaring gesangira

Reff :

4. Brayat nyawiji ing ati karem mring sabdeng suci
samya silih mbiyantoni ing gesang mursid yekti
Reff :


193. MUNG SAWIJI KABEGJAN SEJATI
1. Lamun lampah kula neng padhanging sabda kula bingah wah suka rena,
Kula yakin estu Gusti nuntun temtu mring tyang kang pitados satuhu
Reff :
mung sawiji kabegjan sejati nggih pitados mring Gusti wah manut lan bekti

2. Yen peteng ing manah kabidhung ing susah kula enggal nilingken sabda,
uwas myang kuwatir mesthi gya sumingkir, angger pasrah ngayom ing sihnya
Re f r. :

3. Iba begja kula sajroning panggodha kiniyatken dening sabdanya,
rineksa tan dhawah wah tan ngantos lesah, wit saking sih rahmating Allah
Reff :


194. SABDENG SUCI
1. Undhangna wrata sajagad sabdeng Injil Suci
nggih paseksining sih rahmat sabdeng Injil Suci
mrih saking manungsa sinung gesang nyata
reff :
sabdeng suci, sabdeng suci nggih sabdaning Gusti
sabdeng suci, sabdeng suci nggih sabdaning Gusti

2. Undhangna wrata sabumi sabdeng Injil Suci
margining tyang gesang yekti, sabdeng Injil Suci
pepadhang sanyata, panuntun mring swarga
reff :

3. Undhangna wrata sadonya sabdeng Injil Suci
margining tyang tuhu rarja sabdeng Injil Suci
adya putreng Allah, tansah sinung berkah
Reff :

4. Undhangna mring sagung bangsa sabdeng Injil Suci
margining tyang dugeng swarga sabdeng Injil Suci
ngayom Sang Pamarta ayem sinung begja
Reff :


195. ISINING KITAB SUCI
1. Isining kabar kabingahan winangsitken dening Pangeran
dadya srana suka piwulang margining kautaman
reff :
dimen tyang pitados tansaha rumantos
mbangun turut Gusti nresnani sesami

2. Tyang lepat kraos winelehna dening sabdaning Kang Ma’kwasa
tyang dosa gya samya mratobat nampenana sih rahmat
reff :

3. Tyang lesah sinung lipur nyata karana kwasaning sang sabda
wewatekan mindhak utama wah kekah ing pracaya
reff :


196. SABDANIPUN ALLAH
1. Sabdaning A1lah Hyang Widi yeku kitab suci
panuntuning gung manungsa mring lampah utama
wah mbereg mring pitobat tyang ngorong sih rahmat
nglipur manah kang sisah ngiyatken kang semplah

2. Mugi sabdanipun Gusti sinerat ing ati,
budi saya mindhak murni wit rehing Roh Suci,
tresna mring mengsah ugi wah dhateng sesami,
mbabar bebener nyata wah tentrem raharja.

3. Sabdeng Allah Maha tresna den undhangna wrata,
winulangna dhateng brayat ]an grengsenging tekad,
ing dalu, enjing, siang mrih tuwuhing iman,
tansah setya ngabekti klayan trusing ati.


197. KEMBUL BUJANA SUCI
1. Kula  sami sesarengan kembul bujana suci
yeku pratandhaning kurban nggih kurbanipun Gusti
roti anggur ibaratnya sarira miwah rahnya

2. Bujana suci puniki sesengkeraning Gusti,
ingkang den agem sarana ngrimat pitados kula,
temahan saged ngarosken tentrem rahayu langgeng.

3. Kembul ing bujana suci martosken sihing Gusti,
denya anglampahi seda dados panebus kula,
samangke kita nekseni dimen jagad ngugerni.

4 Mila kang sawiyah-wiyah tan pantes pisowannya,
kedah kanthi panalangsa nggetuni dosanira,
kalayan manteb ing manah ajrih asih mring Allah.




198. PAMUJI ING BUJANA SUCI
1. Dhuh nyawaku sira saosa puji mring Pangeran Al­lah Kang Maha suci
sabatinku ngluhurna asmane dhuh nyawaku Yehuwah kamulyakna
aja lali mring gunging kadarmannya elingana sawiji  wijine

2. Pujinen kang ngapura dosanira kang marasken sagung lelaranira
nebus uripmu saking antaka kang ngerobi sira klawan kawlasan
wah maregi umurmu Ian kadarman myang ngenomke kakuwatanira

3. Yehuwah paring adil kang sanyata mring saliring wong kang kinaniaya
saklangkung dennya sung palimirma agung sabare Ian sih kadarmannya
datan salaminya nggenira duka wah bebendunya den sirep nulya.

4. Sepira dhuwure langit sing bumi samono sih kadarmane Pangeran
mring wong kang nyaosi pangabekti sepira dohe kulon saka wetan
samono nggenira ngedohken dosa wah panerak sing tyang kang pracaya

5. Kadya welasing bapa mring anaknya mangkono Allah dennya asih darma
mring wong kang nyaosi pangabekti mila slamanya yogya den pepuji
kamulyane den caritakna yekti mrih sagunging manungsa ngabekti

6. Pangeran Yehuwah ambeg welasan wah tansah ngegungken ing kasabaran
sih susetyane langgeng slawase wah enggal sirep duka bramantyane
nging tansah ngluberken sih mring tyang dosa tyang kang lepat mesthi den apura.



199. BUJANA SWARGA
1. Wonten ing bujana swarga taksih langkung panggenan
angger tyang dosa mratobat mesthi nggih sinuruhan
Gusti ngutus pra abdinya ngundhangken ing sajagad
dhateng sawarnining jalma kang ngrumaosi cacad
Reff :
Rungokna neng swarga isih luwih panggonan
wong dosa mareka sira kang sinuruhan

2. Bujana suci samangkya mbabar rasukan swargi,
anggur roti ibaratnya patunggilaning Gusti,
nggih kasucen, katentreman wah karahayon sanyata
miwah sih rahmating Allah kang ingundhangken tansah,
Ref r. :

3. Mila swawi kanca kula samya marek mring Gusti,
kang tan nampik tiyang dosa kang adreng dados suci,
sinten rumaos klepatan wah kawratan ing dosa,
anilingna sabdeng Allah kang ngundhangken sih rahmat,
Reff :