275. PUNAPA DOSANIPUN GUSTI YESUS
 1. Dhuh Yesus Gusti, punapa dosanta, nadyan Ma­ suci nging sinalib seda ?
krana sih tresna Paduka mring kula, Gusti toh nyawa.

2. Dhuh Ratuning rat, punapa sebabnya makuthanta ri sinami durjana ?
mrih salir umat rinoban sih rahmat. luwar sing laknat.

3. Dhuh Imam Agung margine punapa sriranta suwung dados kurban nyata ?
mrih sagung titah dados putreng Allah luber ing berkah.

4. Dhuh Nabi Yekti napa ndika klentu? de katrap pati krana seksi palsu
wit nebus jalma sing kwasaning dosa mrih gesang nyata.


276. YESUS, GUSTI WUNGU SING PATI
 1. Pepadhanging bumi wiwit nelahi ing dinten minggu adi
pageger muwuhi kuwuring ati tyang Yerusalem nagri
wit kuburing Yesus menga layonnya ilang musna
Yesus yeku Gusti wungu sing pati dadya juru basuki
Reff :
Wartakna Injilnya kang mbabar tentrem raharja
wujudna sih tresna  srana tumindak nyata.

2. Tyang remen dursila sung warta dora nglawan bebener nyata,
nging seksining Kristus bingahing driya de antaka tan daya,
siksa krana Gustining rat datan ngendhakken niyat,
wit Gusti prajanji tansah anganthi ngantos dumugeng swargi,
Reff :

3. Pepadhang satuhu nyunari kalbu wit Yesus sampun wungu,
tyang kang pracaya samangkya mardika nir kwasaning antaka,
nglantarken berkahing Allah setya ing kardi tansah,
dadya pepadhang wah sareming bumi mrih kamulyaning Gusti
Reff :

  
277. MULADA KAYUNING LAKNAT
 Minggah ardi Golgota wus lungkrah sriranya,
Yesus kang tanpa dosa sinami durjana
Ilang ajining dhiri, nir pamoring Gusti
Tansah ingewan-ewan, sarta jinemalan
Putreng Allah sejati sinalib ngemasi.
Rahe Yesus kang suci wus nelesi bumi,
nyirnakken sagung dosa, nucekken manungsa
Sang Kristus pegat nyawa, nir kwasaning dosa
Salib kayuning laknat, dyan dados sih rahmat
margi muktining mukti kalis saking pati,

pinuji - puji Allah kang asih mring jagad
Putranya kinurbanken mrih jalma raharja
pinuji - puji Allah kang ngluberken rahmat
tyang kang samya pracaya lulus aneng swarga
Mulada tan kendhat mring kayuning laknat.


278. GUSTI NETEPI JANJI
 1. Taman Getsemane kang sepi, kang dadi sek­si
Sang Kristus nglawan prihing galih wit ajrih klawan sedih
tan ana siji rowang kang ngancani mung godhong garing kang tibeng bumi
mangkya wus tumekaning pesthi,
Gusti netepi jan­ji.

2. Taman Zaitun, taman suci seksi sejati,
riwe lir rahe Gusti mili rentah nelesi bumi,
nadyan ingadhang sangsara wah pati,
mangkya Gusti tan wedi bilai, tuwuk ndedonga trusing ati,
Gusti netepi janji.

3. Tamaning pandonga wus suwung tanpa sabawa,
godhong kembanging taman alum wit aboting sungkawa,
dene kayu kang kudu dadi berkah,
wus malik dadi salibing laknat, nging wus dadi anteping ati,
Gusti netepi janji.


279. KRISTUS SANG PAMARTA, SINALIB
 1. Kristus Sang Pamarta siniksa siniya nulya sinalib ing Golgota,
iblis lincak-lincak, setan surak-surak nganggep kwasaning Kristus suwak,
nging yek­tine Sang Kristus menang, dosa kwasaning iblis ilang
pati, dayaning dosa musna, tyang pracaya gesang sanyata.

2. Kristus Sang Pamarta inganggep durjana sinalib tedhak mring naraka,
tinegakken Rama ngruwat tiyang dosa mbikak margi kang dhateng swarga,
mangkya manungsa rinukunken sagung dosanya ingapunten,
luwar sing kwasaning pepeteng temah gesangnya ayem tentrem.

3. Kristus Sang Pamarta suci wah sampurna sinalib nyulihi tyang dosa,
netepi prajanji wecaning pra nabi mbabarken sih rahmating Gusti,
pulih martabating manungsa dadya putraning Allah Rama,
margining berkah tumrah wrata sagung titah gesang raharja.



280. PAMUJI ING DINTEN MEKRADIPUN GUSTI

1. Swawi sami sung pamuji ing dinten adi niki
Gusti sumengka mring swarga nyawisi papan 
sampurna mring tyang tuhu pracaya.

2. Gusti sumengka mring swarga ngasta pangreh sampurna
ing dinten pungkasan prapta ngadili sagung 
manungsa yogya tansah pinuja.

3. Gusti sumengka mring swarga ing kamulyan Mamulya
nging tyang pracaya kinanthi yeku dening Sang Roh Suci mila kula pepuji

4. Gusti sumengka mring swarga wus rampung pakaryannya
kula ngantya rawuhira srana nekseni lnjilnya ndedonga Ian jumaga.


281. SANG KRISTUS SUMENGKA
 1. Wus rampung wus purna pakaryaning 
Gusti  Sang Kristus sumengka dhateng swargi
mring tyang kang pracaya dhawuhira martosken Injilnya sumrambah­a
Refr.:
Gusti sumengka yeku panjernya gesang sampurna neng Kraton swarga
tyang tuhu pracaya asih bekti ndherek kamulyannya nunggil Gusti.

2. Sang Kristus sumengka mulya neng akherat ngasta pangreh swarga lan jagad rat
mila tyang pracaya aja wedi  mikul salibira ndherek Gusti,
Refr.:

3. Sang Kristus sumengka mring Kraton swargi 
lantaran Roh Suci tansah nganthi
mila tyang pracaya aywa randhat nenuntun tyang dosa mring sih rahmat,
Refr.:

4. Sang Kristus sumengka munggweng 
kraton swargi ngutus tyang pracaya dadya seksi
mbabarken tresnanya mring sesami mrih samya raharja wah basuki,
Refr.:


282. UNDHANGNA SANG KRISTUS JUMENENG RAJA
 1. Kristus Gusti sumengka mring swargi ngutus tyang pracaya dadya seksi
nggih martosken Injil sih rahmat­nya kang nampenana           sinungan begja
Reff :
bra undhang­na Sang Kristus jumeneng Raja kratonira tentrem raharja.

2. Sang Pamarta sumengka mring swarga tyang pracaya dadya lantarannya
mrih Kratoning Allah binabarna dhedhasarira sih welas tresna
Reff :

3. Gusti Kristus sumengka mring swarga ngutus tyang pracaya mbudidaya
sirnanira raos memengsahan wah karukunan kang den gegesang
Reff :


283. PANELANGSA ING RIYADI MEKRADAN
 1. Dhuh Gusti kang wus sumengka kawula nalangsa
nglirwakken dhawuh­ing Gusti nekseni Injil sing          swargi nres­nani sesami
Reff :
dhuh Gusti nggih Sang Pantara mugi mbelani mring kula
mrih manggiha pangaksama wah gesang anyar nyata.

2. Dhuh Gusti kang munggweng swarga kula sestu cuwa
mangu-mangu ing kanyatan yen Gusti nyawisi papan kamulyan kaswargan
Reff :

3. Dhuh Gustining sagung Gusti kula getun yekti
tan mesthi adreng ing manah mbabarken Kratoning Allah mrih Allah sinembah
Reff :


284. ROH SUCI, ROHING KAYEKTEN
 1. Dhuh Roh Suci Roh kayekten maringana kasekten
mrih tyang pracaya nekseni Injil suci sing swargi
sarana tumindak nyata tresna kang trusing driya
temah sagung pepadha sinungan tentrem raharja
tan wonten kasangsaran mung kabegjan sinandhang.

2. Dhuh Roh Suci Rohing Allah mugi nganyarna manah
sarta ngiyatna pracaya mrih kula tansah setya
mbabarken Kratoning Allah adil, bener sumrambah
tan semplah ing kangelan datan ajrih mring pepalang
pasrah mring Sang Pamarta ngandelken pitulungnya.


285. PANYUWUN MRING SANG ROH SUCI
1. Ing dinten gung Pentekosta kula sung pepuja wit Sang
Roh wus nun­tun greja mrih lestantunira
Reff :
Dhuh Roh Suci maringana           kasekten mring kula            mrih martosna Injil suci wradin mring sesami.

2. Dayaning Roh gesang suci katindakna yekti
pasamuwan nunggil tindak rukun wah sumanak
Reff :

3. Rehing Sang Roh gesang anyar muwuha
binabar mrih sadaya pasamuwan nyawiji sabadan
Reff :

4. Gesang ing Roh yeku tresna kawujudna
nyata mrih sestu tentrem raharja sumrambah ing donya,
Reff :


286. PENTEKOSTA
1. Gusti kang satuhu setya sampun paring prajanji
tansah nunggil kagungannya Iantaran Sang Roh Suci,
ing Pentekosta ari, tumedhak Sang Roh Suci.

2. Sanyata wecananing nabi, wit sih mirmaning Gusi,
pra tyang pracaya pinesthi, pinaringan Roh Suci,
ing Pentekosta ari, tumedhak Sang Roh Suci.

3. Salir tyang pracaya yekti, kapenuhan Roh Suci,
sinungan kasekten adi, nekseni Injil suci
ing Pentekosta ari tumedhak Sang Roh Suci.

4. Samangkya ugi binabar, tumedhaking Roh Suci,
tyang pracaya gesang anyar, tresna kang trusing ati,
ing Pentekosta ari, tumedhak Sang Roh Suci.


287. PANYUWUN ING DINTEN PENTEKOSTA
1. Dhuh Sang Roh Suci ngiyatna mrih kula mursid nyata
nggih bekti mring Sang Pa­marta  welas asih pepadha
Reff :
dhuh Gusti Roh Sucinggih andel andel sanyata
tumedhaka jroning ati nganyar­ken gesang kula
Gusti mugi nganyarken gesang kula.

2. Mugi tansah nunggil kula mrih kula tentrem rarja
sarta pepetenging dosa binirata sadaya

3. Mugi ngirid lampah kula. manut pangreh Paduka
nekseni Injil sing swargi nggih sih rahmating Gusti


288. MBANGUN TURUT MRING SANG ROH SUCI
1. Sang Roh Suci Rohing AIlah kang nucekken ma­nah
nuntun pasrah Sang Pamarta sinungan waluya
yen mejahi rehing dosa kanthi trusing driya
manggih gesang nyata wah sampurna aneng swarga
Reff :
Kula samya gung kapotangan wit sihing Pangeran
Yogya gesang mursid yekti manut Sang Roh Suci.

2. Sang Roh Suci Roh Kayekten maringi kasekten
mrih tyang pracaya nekseni sih rahmating Gusti
lamun tansah welas asih mring sagung sesami
ndherek ing kamulyan luhuring Sang Kristus Gusti
Reff :

3. Sang Roh Suci Roh Pepadhang kang nganyarken gesang
nekseni sajroning manah kula putreng Allah
lamun tanggon mikul salib ndherek Sang Pamarta
dadya ahli warising Allah nunggil Sang Putra
Reff :
  
289. NYUWUN PANUNTUNING ROH SUCI
1. Dhuh Gusti Sang Roh Suci mugi rawuh ing ati,
Nganyarna manah kula mrih ing lampah prayoga,
setya bekti mring Gusti, wah asih mring sesami,
wit panuntun Paduka kula gesang sembada.

2. Dhuh Roh Suci, Roh Allah, nggih nyantosakna manah,
lamun karoban sisah, tatag, tanggon, tan semplah,
manggul salib wit Gusti martosken Injil suci,
wit panuntun Paduka, gesang kula sembada.

3. Dhuh Roh Suci, Roh Kristus, nuwuhna manah tutus,
andum berkah kabegjan, tan mawang mring salir tyang,
temah tentrem raharja, sumrambah mring pepadha,
wit panuntun paduka, kula gesang sembada.

  290. PAMUJI WIT SANG ROH SUCI
1. Sumangga pra kanca ngu­lukken kidung puja,
wit sih paIimirma sinungken mring manungsa
dene Sang Roh Suci rawuh jroning ati
nggih nganyarken budi nuntun gesang suci.

2. Sumyaka sru ngidung nggunggung mring Hyang Maagung
maringken Roh Suci reraton jroning ati
nuntun olah tresna mring sagung pepadha
numrahken kraharjan nyirik kekerasan.

3. Memuji tan kendhat wah ngundhangken sih rahmat
Sang Roh Suci uga mbelani tyang pracaya
mrih tan nate semplah nging grengseng makarya
nggih Kratone Allah binabarna nyata.

 291. WIT KWASANING SANG ROH SUCI
1. Sang Roh Suci sung daya  ngasorken panggodha
manah semplah wit sisah sestu dados bingah
tyang rinoban pepeteng sinung padhang lang­geng
mila ayem ing driya tentrem rarja
Reff :
wit kwasaning Sang Roh Suci, gesang yekti
tan­sah begja kalis sing rehing pati.

2. Sang Roh Suci sung kwasa ngasoraken dosa
tyang mursal sarta mblunthah mratobat mring Allah
gesang mursid sayekti nresnani sesami
sarta remen leladi trusing ati
Reff:

 292. PAMUJI ING RIYADI PENTEKOSTA
1. Dhuh Sang Roh Suci kawula sung puji
ing riyadi Pentekosta puniki
Paduka tumedhak lumebet ing driya
mrih kula pracaya Sang Pamarta
Pinujia Allah Sang Rama sarta Sang Putra tuwin Sang Roh Suci.

2. Dhuh Sang Roh Suci kawula sung sembah
Paduka tumedhak nganyarken manah
mrih kula saged gesang Mursid yekti
sarta tansah nekseni Injil suci
Pinujia Allah Sang Rama sarta Sang Putra tuwin Sang Roh Suci.

3 Dhuh Sang Roh Suci kawula sung puja
Paduka kang ngrimati ing pracaya
mrih kula mbabarken tentrem raharja
nggih Kratoning Allah ketitik ngegla
Pinujia Allah Sang Rama sarta Sang Putra tuwin Sang Roh Suci.


293. DHUH ROH SUCI ROHING GESANG
1. Dhuh Roh Suci Rohing gesang
mugi nyagedna mring pasamuwan,
mbabar adil bebener nyata
temah bebrayan tentrem raharja

2. Dhuh Roh Suci Roh pepadhang
mugi nyantosakken pasamuwan
tansah martosken Injil suci
numrahken berkah mring gung sesami

3. Dhuh Roh Suci Roh pambangun
mugi mbereka mring greja sagung
bra ngundhangken Kratoning Allah
kathah pepalang nging datan semplah.

4. Dhuh Roh Suci Roh kanyatan
mugi nggigaha mring pasamuwan
klayan tulus ngurbanken dhiri
mrih pulihira Pirdus ing bumi.

 294. KABABARING ROH SUCI
1. Dhuh Roh suci Rohing katresnan nuntun­a mring kula slaminya
mbabarken sih tresnaning Allah mrih jagad tentrem wah raharja
ngru­kunken tyang kang memengsahan nuntun mring pitobat tyang dosa
nggegesang tyang semplah ing manah dhuh Gus­ti nuntuna mring kula.

2. Dhuh Roh Suci Roh kasunyatan nunggila mring kula slaminya
mbabarken bebenering Allah mrih tobating tyang ambeg siya
labuh labet sepi ing pamrih nglawan panindhes kalayan sih
tan ajrih pepalang rubeda dhuh Gusti nunggila mring kula.

3. Dhuh Roh Suci Roh kaadilan nganthia mring kula slaminya
ambabarken adiling Allah wit dayaning pati wus kalah
ngluwari tyang binanda dosa nguculi jireting duraka
ngayomi tyang ringkih wah papa dhuh Gusti nganthia mring kula.

4. Dhuh Roh Suci nggih witing berkah nglantinga mring kula slaminya
ambabarken Kratoning Allah sumrambah sajagad warata
jagad pulih dadya lir Pirdus wah tyang ngabekti kanthi tulus
rukun Ian Allah myang pepadha dhuh Gusti nglantinga mring kula.

 295. SANG ROH SUCI
1. Sang Roh Suci dedalem ing ati 
nucekken mrih gesang anyar yekti
mung tansah olah katresnan wah gesang 
ing kabingahan Sang Roh Suci dedalem ing ati.

2. Sang Roh Suci dedalem ing driya
 temahan gesang tentrem raharja
sabar sareh paramarta kautamen den 
tengena Sang Roh Suci dedalem ing driya.

3. Sang Roh Suci dedalem ing manah 
temah tyang pracaya setya tansah
andhap asor alus budi saged ngemudheni 
dhiri Sang Roh Suci dedalem ing ati.

4. Sang Roh Suci dedalem ing driya 
pakartining daging den simakna
lampah rusuh sarta jina, hawa nepsu 
sengitana Sang Roh Suci dedalem ing driya.

5. Sang Roh Suci dedalem ing driya 
nyirnakna panyembahing brahala
sihir, sesatron, wah meri, 
pasulayan den tebihi Sang Roh Suci dedalem ing ati.

 296. KRANA ROH SUCI
1. Krana Roh Suci dedalem ing ati kula luwar sing pati
gesang sanyata tentrem raharja mangkya sinungken mring kula
ing wusananira manggih tangining raga
kadya Sang Kristus Gusti kang mulya.

2. Krana Roh Suci kula mursid yekti mbangun turut mring Gusti
gesang sembada unggul ing yuda nglawan kajuligan dosa
ing wusananira tunggil kasampurnannya
klayan Kristus Gusti ing swarga.

3. Krana Roh Suci kula temen ngudi mbucal gesang kang lami
sregep makarya kekah ing karsa mbabarken bebener nyata
ing wusananira ndherek ing kamulyannya
klayan Gusti Kristus aneng swarga.

 297. WIT SANG ROH SUCI
1. Wit Sang Roh Suci kula kasagedna
martosken Injil adi Kraton swarga
wit Sang Roh Suci kula sinung daya
nekseni Yesus Gusti Sang Pamarta.

2. Wit Sang Roh Suci kula wicaksana
wijang njlentrehken sabda karseng Allah
wit Sang Roh Suci kawula-sembada
mbabarken gesang yekti mursid tansah.

3. Wit Sang Roh Suci kula tatag tansah
ing sangsara bilai datan semplah
wit Sang Roh Suci kula tan suwala
jroning kinaniaya tetep setya.

 298. PRAYOGINING BRAYAT KANG RUKUN
1. Sanyata prayogi wah endah mulya
tyang sagriya rukun pitepangannya,
ngreronce katresnan yekti berkahing Allah tansah ngerobi
lir embun enjing kang anyrambahi, mung kraharjan kang pinanggya.

2. Brayat kang tut rukun ing pitepangan,
lir pra imam kang piniji Pangeran,
nglantarken berkahing Gusti, saya wetah samya tunggal ati,
tansah kekah wah malih lestari, gesang langgeng pandumannya.

299. KABEGJANING BRAYAT
1. Gusti Allah ingkang Ma’asih wit saking sih rahmatipun
sampun nimbaIi tyang kekalih gesang tansah atut rukun,
tan prayoga lamun ngantos pisah wit saking wangkoting ma            nah
nging kekalihnya tunggal ati lung tinulung gesang suci,
Reff :
Brayat begja wit tinunggil AIlah Sang Rama,
 Sang Putra wah Sang Roh Suci.

2. Gusti wus nitahken manungsa nulad citra pasemonnya,
jalu wanita kekalihnya sesami rowang sembada,
kinen tansah sami memitran mrih mekar jatining gesang,
tansah dados margining berkah mring brayat wah mring tyang kathah,
Reff :

3. Gusti mberkahi tyang ningkahan nimbali gung kulawarga,
dados sakaning pasamuwan temah tuwuh Ian ngrembaka,
brayat tansah sinungan raharja wit misungsungken gesangnya,
mrih rawuhing kratoning Allah tentrem rahayu sumrambah,
Reff :