75. GUSTI NIMBALI
1. He wong kang mandheg mangu Gusti nimbali,
tilingna ta sabdanya, Gusti nimbali,
padha mbangun turuta tumemen ing pracaya,
gya rungokna sabdanya, Gusti nimbali
Reff.: Gusti dhawuh mring sira padha enggal mareka,
mara estokna sami Gusti nimbali

2. He sira kang kesrakat, Gusti nimbali,
karsa paring sih-rahmat, Gusti nimbali,
sihnya tetep tan kendhat, dosanira rinuwat,
mara andherek Gusti, Gusti nimbali.
Ref r. :

3. Lamun atimu lesah, Gusti nimbali,
mareka temah bingah, Gusti nimbali,
sabdanya paring gesang, nuntun mring margi padhang,
myang rahayuning budi, Gusti nimbali.
Ref r. :

4. Wong pracaya den bingah, Gusti nimbali,
wit Gusti nunggil tansah, Gusti nimbali,
yen ketaman panggodha, dalah nandhang sangsara,
mara tetep ngabekti, Gusti nimbali.
Refr.:

76. UMAREKA, UMAREKA
1. Taksih menga kori dhateng swarga, ko­rining nugraha,
mila mangga nulya den ambah­a sampun ta semaya,
saiba ta duwungira lamun kineban kori swar­ga.
Reff : Umareka umareka.

2. Sestu begja kawula sadaya nadyan tiyang dosa,
sampun dangu sami dipun antya dening Rama swarga,
pramila sami dipun kebat lumebet koringing sih rahmat.
Reff :

3. Adhuh Gusti sestu sih Paduka ngeramken tyas kula,
nadyan kula tiyang ingkang nistha pinaringan swarga,
mung wit sihing Allah Sang Rama kori swarga taksih binuka.
Reff :

77. ING PAPRENTAHANING ALLAH
1. Ing paprentahaning Allah sadaya nengsemken,
Para titah samya rukun nilar pasulayan
sami dene angaosi migatosken liyan,
supeket ing pasrawungan bekti mring Pangeran
Reff :
Sumangga gumregut makarya, kagem Gusti dados srana
mrih tentrem rahayu kang sejati binabar aneng bumi.

2. Makaten kaanan donya yen kebekan sihnya,
tan ana sedya miala Ian panggawe cidra,
wit karoban kawruh yekti tepang Hyang Masuci
kadya dhasaring samodra sinasaban toya,
Reff :

3. Kadya singa Ian menjangan sami gegojegan,
mantun denya memengsahan mlegung sesarengan,
sami memitran saestu tresnanya satuhu,
wit pangrehing Hyang Makwasa lumintu makarya.
Reff :

78. TINIMBALAN DENING GUSTI
1. Dhuh Allah Ma kwasa, Gusti nimbali kula,
dados rowang mitra, wah utusan Paduka,
ngundhangken sih rahmat mring sagunging umat,
mrih kratoning Allah sadonya sumrambah.

2. Mugi Sang Roh Suci nggih tansah mitulungi,
mrih kula sembada leladi kanthi setya,
Ian tekading manah datan nate semplah,
telatos, taberi wah ing pamrih sepi.

79. PRACAYA LAN PASRAHA
1. Pracaya Ian pasraha mring Allah Ma kwasa,
Gunging prihatinira ginantosan begja,
yekti pilihing margi Pangeran mberkahi,
Ian sira kaeraman wit gunging kadarman.

2. Lamun sira nggresula yekti tanpa guna,
ati kabidhung susah pepeteng sumrambah,
ngetunga gunging berkah sarta mukjijadnya,
dalah prakara lumrah dadya marginira.

3. Sapa bisa njajagi mring karsaning Gusti,
sira tan darbe kwasa nata umurira,
mung tansah mbudidaya sinartan ndedonga,
sumendhe mring Pangeran wah ngambah pepadhang.

4. Lamun nyangga momotan ingancam bebaya,
ngungsia mring Pangeran ywa semplah ing driya,
sira rineksa Gusti mrih datan bilai,
tan sande linuwaran wah sinung kraharjan.

5. Yen praharaning gesang silih nempuh tansah,
klayan takat linawan wah nenga mring Allah,
Gusti nunggil tan kendhat Ian ngganjar sih rahmat,
temah manteb pracaya ing slami-laminya.

80. KAPYARSI GUSTI NIMBALI
1. Kapyarsi Gusti nimbali: "He wong kamomotan,
mareka Ian mbukak ati nampi pangluwaran",
kula ngayom maring Gusti temah ayem yekti,
wit sinung kraharjan nyata uwal sing antaka.

2. Kapyarsi Gusti nimbali: "Wong ngelak, mareka,
nampanana banyu swarga temah urip nyata,"
kula ngungsi maring Gusti sinungan Roh Suci,
tinuntun mrih mursid yekti tresna mring sesami.

3. Kapyarsi Gusti nimbali: "Wong dosa, mareka,
nampanana kurban suci rah srira sampuma,"
kula pasrah Sang Pamarta sinung sih rahmatnya,
wah ingangkat putreng Allah kang nglantarken berkah.

81. NDHEREK GUSTI
1. Kula mesthi ndherek Gusti kang jumeneng Panutan
tetep setya dugeng janji tan wigih karibedan,
Reff :
dhuh nyawaku ja kwatir Gusti tan ewah gingsir
tut wuria salaminya ing satindake Gusti.

2. Kula mesthi ndherek Gusti martosken Injil suci,
datan ajrih ing sangsara wit Gusti nganthi kula,
Ref r.:

3. Kula mesthi ndherek Gusti mbabarken sih piwlasnya,
mring sagung titah ing bumi dimen samya raharja,
Ref r.:

4. Kula mesthi ndherek Gusti ngestokken dhawuh adi,
lamun wonten kang nyatroni nedya kula tresnani,
Ref r.:

82. TEKADING MANAH KULA
1. Tekading manah kawula tansah ndherek mring Gusti
yeku Panutan sanyata nggih Panebus sejati
margining salib ingambah mbangun turut mring Allah
mbabar­ken tresna sejati mrih jagad tentrem basuki.

2. Kula mesthi ndherek Gusti ngantos -slami-laminya
nggih martosken Injil suci margining tyang waluya
Ref r.:

3. Nulad Sang Pamarta Gusti sagah ngurbanken dhiri
tan remen ing kekerasan nging lubering katresnan
Ref r. :

4. Sanadyan rumpil marginya nging Gusti tansah nganthi
nadyan ribed lan sangsara datan semplah ing ati
Ref r. :

83. PASRAH DHATENG GUSTI
1. Dhuh Gusti kawula tresna dhumateng Paduka,
ku la masrahken manah, badan kaliyan nyawa,
Paduka kang agung sih, ingkang sampun menang,
saestu  kula tresna dhumateng Paduka
reff :    kula pasrah badan nyawa  Gusti  ingkang angasta pejah gesang,
kula pasrah badan nyawa Gusti  ingkang angasta pejah gesang.

2. Gusti ngrumiyini tresna mring kula tyang dosa,
tan nggalih gung sangsara pinenthang ngruwat dosa,
pramila kula ugi tresna dhateng Gusti, wah tresna mring sesami kanthi trusing ati
Ref r. :

84. NYUWUN TUNTUNANIPUN GUSTI
1. Nggen kawula makarya inggih kasar alus
mung Paduka Gusti kang mugi amaringi
pitedah, pamrayogi sarana Roh ingkang suci.

2. Kawula nggih nglenggana pandamel kula nglaha
estu tanpa gun lamun tan binerkahan    -
dening Allah Pangeran sadaya mung damel cuwa.

3. Dhuh Hyang Kang Maha Adil mugi Paduka nunggil
ing kula slaminya dyan ing salir pakaryan
tanduk Ian kalakuwan kula manut reh Paduka.


85. KABEGJAN SEJATI
1. Kabegjan yekti gesang pangaji ngabdi mring Sang Kristus Gusti
Dadya lantaran mrih karukunan katentreman kelampahan
Reff :  mungSang Kristus yeku Gusti Panebus kula sing pa­ti
gesang kawula kagem asmanya nggih martosken sihrahmatnya.

2. Kraharjan nyata gesang neng donya lelados mring Sang Pamarta
tansah mbelani sagung sesami mrih samya manggih basuki,
Ref r.:

86. ANDHEREK GUSTI
1. Kula badhe mboten nilar dhateng Gusti Pamarta
dhateng pundi Gusti tindak kula ndherek Paduka
reff :    ula tut wingking Paduka salami kula gesang
awit yen tanpa Paduka kula tan saged gesang.

2. Sanadyan gung karubedan kula mboten sumelang
Paduka sung kekiyatan pramila kula gesang,
reff :

3. Kula tansah ndherek Gusti nadyan nyanggi momotan
klayan manggul salib kula ngantos dugeng wekasan,
reff :


87. SUMENDHE ING GUSTI
1. Kula sumendhe ing Gusti peparang kang santosa
prayogi kula ungseni nyuwun tansah rineksa
nadyan tinilar ing mitra kula mboten perduIi
sumanggem mundhi dhawuhnya klayan tulus ing ati
Reff:
kula    tansah pitados Gusti tan nilar kula
mila kula tan kuwatos gesang manut sabdanya.

2. Kula sumendhe ing Gusti sarwi sengkut makarya
cumadhang tansah leladi ing sakatoging driya,
gegayuhan Ian pangudi tan kendhat ing pandonga
Gusti ingkang nyembadani temah kula samekta,
Reff


88. SAKEHING SUMELANGMU PASRAHNA MARANG AKU
1. Iba rah jeng tyang kang sami sumendhe mring Gusti
jroning susah wah kesrakat Gusti paring kiyat.

Reff: 4 ketuk
Sumangga sumendhe Gusti
Sumangga sumendhe Gusti
Sumangga sumendhe Gusti
mesthi Gusti karya ayemira.

2. Adhuh Gusti kula sowan ing ngarsa Paduka
masrahken gesang kawula neng asta Paduka,
Refr :

3. Adhuh Gusti lamun kula pasrah mring Paduka
kula mesthi datan wedi sangsara wah pati,
reff:


89. PASRAH
1. Gusti kawula ngaturken badan nyawa kawula
mugi Paduka slametken kawula kagungan  ta
Reff :bingah susaha kula marem nunggil Paduka
dhuh Gusti murbeng tresna kula pasrah Paduka.


2. Datan wonten andel-andel namung Paduka Gusti
mila kawula kumandel pasrah kang trusing ati
Ref r. :

3. Raja brana, kasugihan wah malih kasagedan
dhuh Gusti, katur Paduka kagema ing Pangeran
Ref r.:


90. PASRAHA
1. Bungaha susaha Gusti dak puji,
kang mranata gesang kula,
kula rinimat kalayan katresnan mila  kula
pasrah pangrehnya, pasraha pasrah­a
ing sapangrehing Hyang Makwasa.

2. Sapinten awrating momotan kula, rencana godha myang susah,
yen kula enggal mulad Sang Pamarta, manah kula entheng Ian bingah,
Reff
3. Sanadyan kula kasinungan drajat, kaluhuran miwah pangkat,
namung kula tan prayogi gumunggung, nging tumungkul mring Hyang Maagung,
Reff

91. PRABOTING PERANG ROHANI
1. He prajurite Gusti kang samya dinuta
kesah mring pundi pundi nyebar kabar adya,
nggih kabaring sih rahmat peparing sing swarga
kang sinungken pra umat mrih sami pracaya

Refrain
Payo maju ja giris atimu
marga Gusti nganthi sapurugmu
payo maju undhangna samangkya,
murih kang peteng gesangnya wanuh Pamarta.

2. Sajroning prang ja lali sabukan kang kukuh
nganggo rohing kayekten dyan sira apuguh
kabingahan sanyata nggih Injiling Gusti
den undhangna warata salumahing bumi.
Ref r.:

3. Yen katempuh rubeda de kridhaning mengsah
candhaken tamengira pracaya lan pasrah
wit Gusti wus prasetya nganthi sapurugmu
yeku kang bakal nuntun kedaling ilatmu.
Reff

92. PAMUJINIPUN PARA UTUSAN
1. He nyawaku  sira sumyaka nggungung ing sihing Pangeran
kang sampun ngirid lampahira tansah paring   pitulungan
mring para utusan setya kang ngundhangken wartos adya
Haleluya,  Haleluya.

2. Sinten kang nampi timbalannya ngemban ayahan kaswargan
tartamtu badhe angraosna pratandha myang kaeraman
nadyan margine rekasa nging tan kendhat tansah muja
Haleluya, Haleluya.

3. He nyawaku sira sumyaka anggunggung-nggunggung Yehuwah
slawasing uripku dak puja kalawan ati kang bungah
de agung sihe mring kula ing ratri dalasan rina
Haleluya, Haleluya.

93. PANGATAG NGABARAKE INJIL
1. Sumangga pra kanca misungsungken gesang nggih dadya pramitra rencanging Pangeran
martosken Injilnya  pangluwaran sing dosa mring saliring bangsa mrih samya wilujenga

2. Tyang miskin kesrakat rinoban sih rahmat tyang kang kinunjara linuwaran sigra
katentreman yekti binabarna ing bumi sagung tyang manembah wah mituhu mring Allah.

3. Injil kabar suci yeku sihing Gusti den undhangna tansah sajagad sumrambah
tyang mblasar ing lampah wah kang wangkot ing manah tinuntun mratobat nampenana sih rahmat


94. NYUWUN GUMELARIPUN KRATONING SWARGA
1. Dhuh Gusti nggih binabarna Kratoning Allah ing jagad
pra umat samya raharja krana rinoban sihrahmat

2. Bebener wah kaadilan kajujuran lan katresnan
binabar nyata ing donya wit pangreh kwasaning Allah.

3. Kang aneng Kratoning Allah mung tentrem rahayu tansah
tan ana kang cecongkrahan samya nandukken katresnan­

4. Dhuh Sang Kristus yeku Gusti den enggal rawuh ngadili
mrih samukawis sampurna pra umat gesang neng swarga
(Panutup) : Amin

95. KRATONING SWARGA
1. Kraton swarga saestunya ndhatengi saya wewah,
bebener lan kaadilan aneng jagad sumrambah
katentreman sayekti binabar aneng bumi.


2. Pra tyang pracaya ywa semplah klayan tulus tumandang
mbabarken Kratoning Allah nadyan kathah kang nglawan
Gustimu tansah njangkung sarta paring pitulung

3. Mbabarken Kratoning Allah dhasarnya mung katresnan
tan ngandelken bala kathah nging sumarah Pangeran
sagung tyang kang pracaya yogya sengkut makarya

96. LAMUN DUDU YEHUWAH
1. Yen dudu Yehuwah kang ayasa wisma,
tan­pa  guna, tanpa gawe karyane tukange
lah mangkya kita andulu yeyasane
o, iba mulyanya pasamuwane Yesus Gusti
para abdi setya Ian bingah ing driya
nambut pakaryan adi saking Gusti

2. Iba begjanipun tyang ingkang ngalami
wanuh swargi, wanuh Gusti nggih Juru Wilujeng
karana sami ginadhang gesang langgeng
luhurna, luhurna agung sihe Rama ing swarga
pra kang swau sami tambuh gesang yekti
sami winenganan korining swargi.

3. Pra kang wus ngalami sih tresnane Gusti
datan kendel nambut kardi angundhangken warti
inggih kabaring sih rahmat saking swargi
undhangna, wartakna, warata salumahing bumi
dyan sagung pra umat wanuh mring sih rahmat
nggih Injiling asmanya: Yesus Kristus.

97. TANSAH SAMEKTA
1. Sumangga makarya pra prajuriting Gusti
martosken kabar kang adya nggih sih rahmat sing swargi
mrih tyang kang peteng ing driya, samya manggih pepadhang yekti.
Sumangga makarya.

2. Sumangga makarya sampun ta ngantos telat,
mbabarken sih tresna nyata mrih tyang dosa mratobat
ywa giris nglawan bebaya wit Gusti nganthi salaminya,
sumangga makarya.

3. Sumangga makarya klayan manteb Ian setya,
manggul salib ndherek Gusti mbelani tyang prih ati,
kang tinindhes wah siniya linuwaran temah raharja,
sumangga makarya.

98. PANENIPUN JEMBAR
1. Lah, saestu panenipun jembar nging kang derep mung tiyang sekedhik
o, kanca mangga sami tumandang,mumpung taksih pinaringan urip.
Reff :
gya tumandanga anderepi kangelane dadi kabu­ngahane
gya tumandanga anderepi panen jembar kang derep sethithik.

2. Dhuh Pangeran kang kagungan panen mugi Paduka karsaa merdi
kathah tiyang kang sami telaten gya tumandang sregep angeneni.
Reff

99. PANYUWUN GUMELARING KRATON
1. Dhuh Gusti Pamarta margi sih Paduka,
tiyang dosa kaluwaran saking paukuman,
Reff :
Iba adinira utusan Paduka,
kang ngundhangken wartos bingah sih rahmating Allah.

2. Dhuh Gusti Pamarta margi Roh Paduka,
kathaha tyang kang nampeni pawartos basuki
Reff

3. Dhuh Gusti Pamarta wit pangreh Paduka,
tyang kang pitados mring Gusti sageda nyawiji
Reff