100. DIPRAYITNA
1. He tyang pracaya den sami samekta ngla­wan Panggodha iblis julig nyata
ywa kendhat nde­donga mirengken sabda tansah nunggil lan sagung tyang pracaya
reff :    diprayitna ywa nganti le­na Gusti ngreksa ing slami-laminya.

2. Ywa ajrih wedi wah aja sumelang nadyan mungsuhmu tan kenging winilang
dipanggah, ditatag manteb pracaya disetya tansah mrih unggul prangira,
reff :

101. PERANG ROHANI
1. Pra abdining Gusti dipun prayitna
ing perang rohani ywa kongsi lena
ngrasuka kayekten wah kaadilan
nadyan tanggelannya mung kasangsaran
Refrein:
Yekti iblis culika lan julig maeka
ditegen ndendonga Gusti kang ngreksa.

2. Pra putraning Allah padha den panggah,
setya dados seksi Injiling Allah,
nyanggemi dhawuhnya kang trus ing ati,
manteb ing pracaya dumugeng janji.
reff :
3. Pra wong kang pracaya ditunggal sedya,
nyirik pasulayan mbangun katresnan,
sangkul-sinangkula bot repotira,
mrih rohing piala sirep dayanya.
Refr.:

102. ALLAH ASIH MRING JAGAD
1. De Allah wus asih mring jagad sarta anggennya angasihi
iku kongsi masrahake ingkang putra ontang-anting
supaya sakehing jalma kang pracaya Ian ngugemi
ywa kongsi nemu karusakan nging duwea u­rip nyata.


103. DHAMPARING SIH RAHMAT
1. Wonten satunggal panggenan nggih margining kasampurnan
ngriku gesang tansah padhang wit dayaning pati ilang
Reff :
yeku dhamparing sih rahmat Sang Kristus murbeng rat
tyang kang ngayom wit pracaya raharja slaminya.

2. Tyang dosa gung kang mratobat, tan ingukum nging rinuwat,
kadadosken putreng Allah, margi suci kang den ambah,
Reff :

3. Prentahnya entheng sekeca, nuntun mring gesang sanyata,
tresna mengsah wah sesami, tinulungan Sang Roh Suci,
Refr.


104. KRAHARJANING TUMITAH
1. Saiba dennya mbingahken yen ing sajagad wrata
kaadilan kang sanyata sayekti binabarna
Reff :
srana sih katresnan tulus, lah jagad dados Pirdus
sagung tumitah raharja rinoban sih rahmatnya.

2. Saiba denya nengsemken yen manungsa sabumi,
marsudi tentrem rahajeng numrahken sihing Gusti,
Ref r. :

3. Saiba dhahat endahnya pra titah tetunggilan,
datan wonten cecongkrahan rumaket trusing driya,
Ref r. :

4. Mila kula datan wigih gya gumregut makarya,
tumandang sepi ing pamrih mrih rahayuning jalma,
Ref r. :

105. GESANG TRESNA-TINRESNAN
1. Ing satengahing bebrayan agung mung Pa­ngeran pantes ginunggung
rahmatnya binabarken sa­nyata tumrah mring pratitah sadaya
Reff :
tumemen ndedonga Ian makarya mrih kebabaring tentrem ra­harja
nggih gesang memitran wah pasedherekan wit tyang sadaya tresna tinresnan.

2. Nadyan beda basa seje bangsa, wah beda adat budayanya,
nging saestu punika sesami, kang kinasihan dening Gusti,
Refr.:

3. Sadaya datan pantes gumunggung, ngongasken dhiri kumalungkung,
mung gesang kanthi lembah ing manah, ngrumaosi jejering titah,
Refr. :



106. KULA NEDYA KADYA GUSTI
1. Kula  nedya kadya Gusti gesang suci, gesang suci
kula nedya kadya Gusti gesang suci,
gesang suci, gesang suci,
kula nedya kadya Gusti gesang suci,

2. Kula nedya ajrih asih dhateng Gusti, dhateng Gusti,
kula nedya ajrih asih dhateng Gusti,
dhateng Gusti, dhateng Gusti,
kula nedya ajrih asih dhateng Gusti.

3. Kula nedya olah tresna mring pepadha, mring pepadha,
kula nedya olah tresna mring pepadha,
mring pepadha, mring pepadha,
kula nedya olah tresna mring pepadha.

4. Kula nedya andum berkah mring tyang kathah, mring tyang kathah,
kula nedya andum berkah mring tyang kathah,
mring tyang kathah, mring tyang kathah,
kula nedya andum berkah mring tyang kathah.

5. Kula pingin mbabar shalom aneng donya, aneng donya,
kula pingin mbabar shalom aneng donya,
aneng donya, aneng donya,
kula pingin mbabar shalom aneng donya.

6. Kula pingin kasampurnan ing Pangeran, ing Pangeran,
kula pingin kasampurnan ing Pangeran,
ing Pangeran, ing Pangeran,
kula pingin kasampurnan ing Pangeran


107. GUSTI MUGI TANSAH NUNTUN
1. Gusti pangayoman nyata nuntun lampah kawula
panggodha tansah nempuha kula unggul sing dosa
wit kinanthi dening Gusti siyang dalasan ratri
ku la sinung basuki.

2. Gusti Pangen kang sejati ngrimati kula tansah
mila ayem tentrem yekti wit peparingnya tumrah
astanira nglanting kula nadyan rumpil marginya
kula sinungan begja.

3. Gusti pepadhang sanyata tansah nglipur kawula
awrata panandhang kula datan semplah ing driya
berkahira ngreksa kula ngantos ing salaminya
kula sinung raharja.

108. GUSTI MUGI NUNGGIL MRING KULA
1. Dhuh Gusti mugi nunggil mring kula
Yen ta kesaput peteng ing ratri
nggih namung Gusti kang mitulungi
sumangga Gusti nunggil mring kula.

2. Gesang kula wah aruming nama
kadya samodra surut Ian sirna
ewah gingsir sabarang neng donya
nging Paduka tansah nunggil kula.

3. Gusti yeku peparang gendholan
pikekah jroning gung karibedan
tetameng kula ingkang santosa
nggih Gusti mugi nunggil mring kula.


109. KATEMTUANING PRACAYA
1. Karsa Paduka priyangga mugi tansah kelampahan
pra kang sabar myang pracaya temtu tampi pitulungan
Refrain:
paukuman kula trimah lir penget Ian pitedah
ingkang tangguh ing pangantya tan koncatan sih Paduka.

2. Gusti tuking pitulungan panglipur Ian pangayoman
sagung pitedah Paduka tan badhe kawula lawan
sihing Gusti lir samodra luber ngerobi kula
wah nyata sabda Paduka isi sih sarta kadarman.

3. Kawula nyuwun dhuh Gusti lamun manggih kasusahan
panggodha miwah panyobi kawula sageda tahan
tan kuwatos wah sumelang sih Paduka cumadhang
temah unggul kula yektos karana saking pitados.


110. NAMUNG KARSA PADUKA
1. Dhuh Rama lamun kawula darbe atur panyuwun,
mugi kula nggih sageda nrimah saparingipun,
lir pandonganipun Gusti ywa pikajeng kawula,
mung karseng Rama pribadya kang tansah binabarna.

2. Sagung peparinging Allah saestu munpangati
mugi kula saged nrimah ing sapangrehing Gusti
saha pitados sayekti mring panuntun Paduka
mung karseng Rama pribadya kang tansah binabarna

3. Mung katresnaning Pangeran dados tuking panglipur
sagung susah karibedan Paduka kwasa nglebur
lir pandonganipun Gusti ywa pikajeng kawula
mung karseng Rama pribadya kang tansah binabarna

111. GUSTI NUNTUNA KAWULA
1. Gusti mugi sampun ngantos nilar kawula
kawula tansah ngraosna berkah Paduka,
Reff :
Gusti mugi nuntun kawula
kawula tansah ngraosna berkah Paduka.

2. Gusti mugi myarsakaken pasambat kula
sinten malih ingkang dadya pangungsen nyata,
Reff. :

3. Nggen kula darbe panyuwun mung sih Paduka
ingkang kula damel uger miwah landhesan,
Reff. :

4. Gusti mugi amirsani tyas kula trenyuh
mugi Paduka jampeni sageda teguh,
Reff. :

5. Gusti tuking sagung lipur mugi nglipura
manah kula kang kawratan dening cintaka,
Reff. :

6. Aneng donya wah neng swarga kula tan darbya
andel-andel Ian pikekah namung Paduka,
Reff. :


112. MUGI MBERKAHI KULA
1. Adhuh Gusti kula  sestu ngorong berkah Paduka
yeku kang ngayemken kalbu  mugi mberkahi kula
nggih kula, nggih kula mugi mberkahi kula

2. Mugi sampun anglangkungi dhateng kula dhuh Rama
mrih kula luwar sing pati mugi mlasi mring kula
nggih kula, nggih kula mugi mlasi mring kula.

3. Sampun anglangkungi kula dhuh Pamarta kang setya
mrih kula unggul sing dosa mugi nimbali kula
nggih kula, nggih kula, mugi nimbali kula.

4. Dhuh Roh Suci, mugi sampun anglangkungi mring kula
mrih gesang anyar lestantun mugi madhangi kula
nggih kula, nggih kula, mugi madhangi kula.

5. Dhuh Pangen, sampun alangkung ngengetana mring kula
mrih kula tansah raharja mugi mberkahi kula
nggih, kula, nggih kula, mugi mberkahi kula.



113. PANDONGA ENJING
1. Gusti dinten mangkya mugi andalemi
ing batos kawula miwah paring Roh Suci
mugi paring padhang anyunari margi kawula
wah kula kawulang nanggulangi panggodha.

2. Gusti dinten mangkya mugi andalemi
ing batos kawula miwah paring Roh Suci
kula tinuntuna napak tilas tindak Paduka
dyan kula tan nguja karseng manah priyangga.

3. Gusti dinten mangkya mugi andalemi
ing batos kawula miwah paring Roh Suci
Gusti mugi dhawuh napa ingkang kula lampahi
kula mituruta ndherek prentahing Gusti.


114. AJA SEMAYA
1. Nikmating donya nggodha ati mikat kita dimen nebih Gusti
lan kabeh iku  tan nguripi nging nggendeng kita mring telenging pati
reff :    Ja semaya, umareka, umareka ya saiki uga,
lah Gusti wus ngantya mring sira pangayomanmu kang tuhu setya

2. Mara mbuwanga sengsemira, kang isi panyidra myang pamblasar,
ninggala dosa Ian duraka, ngungsi mring Gusti sira mesthi luwar,
Ref r.

3. Marek mring Gusti ja suwala, nganggo sinemayan sesuk emben,
praptaning pati tan kenyana, mula gya marek ja nganti kalungsen,
ReJr.

115. NYUWUN AYEMING MANAH
1. Lamun kula kesayahen, kamo­motan ing ati
Kula  marek dhuh Pamarta nyuwun ayem mring Gusti.
Reff : Kula marek dhuh Pamarta nyuwun ayem ing dri ya
Nyuwun ayem dhuh Pamarta Gusti kang nebus kula.

2. Gusti sareh galihipun mugi mulang mring kula
kula manut pangrehipun ingkang entheng sakeca
Refr.:

3. Mugi ngirid lampah kula dhuh Pamarta kang setya
manggiha tentrem raharja tinuntuna mring swarga.
Reff :.

116. PASRAH SUMARAH MRING GUSTI
1. Pasrah sumarah mring Gusti Pangayoman kang sejati
uripmu tansah rinimat wit Gusti gunging sih rahmat
waspadakna makluk wrata karoban ing sih Ian piwlasnya
wah saliring butuhira pinaringan ing sacukupnya.

2. Pasrah sumarah mring Gusti mrih ayem tentrem ing ati,
bungah susah sugih mlarat memuji Gusti tan kendhat,
udinen kratoning swarga wah sagunging kasampurnannya,
temahan sira nyipati panganthi panunggiling Gusti.

3. Pasrah sumarah mring Gusti Parang Pangungsen sayekti,
lamun tinempuh prahara Gusti nyantosakken sira,
waspadakna mukjijadnya ing prakara gung wah prasaja,
kang wedi asih Ian setya winuwuhan berkah sing swarga.


117. GUSTI PANGEN UTAMI
1. Paduka Pangen utami ingkang kawu­la tresnani
kawula purun sangsara angger krana Yesus Gusti
kawula kepengin manggen wonten ngarsaning Pangeran
margi neng ngri­ku kawula ingayoman ing rahmatnya.

2. Tan wonten malih panggenan sumbering kawilujengan
namung salib ing Golgota ngriku wijiling apura,
Reff :

3. Manah kula lamun mandeng dhateng salibing Pamarta
lajeng karaos wilujeng sanadyan nyanggi sangsara,
Reff :

118. INGSUN YEHUWAH ALLAHIRA
1. Lah ingsun Yehuwah Allahira kang nyepengi tangan-tanganira
sestu Allah dados karosan kula  mila  kula tresna mring Paduka.

2. Lah Ingsun Yehuwah Allahira kang nyembadani panyuwunira
mangka dhawuhingsun: "lah kumandela, Ingsun datan negakake sira"

3. Lah Ingsun Yehuwah Allahira kang datan males durakanira
mula dhawuhingsun: "lah umareka, Ingsun kagungan sih palimirma

4. He, pra kesayahen, kamomotan padha mareka neng ngarsaningsun
Ingsun bakal paring tentrem Ian ayem ing nyawanira tek'eng ndelahan


119. ANGGER KULA SUMEREP
1. Yen kula sumerep margi  cawisane Gus­ti,
nadyan susah kados pundi ku­ la nyelak Gusti,
Reff :
marek Gusti, marek Gusti marek Paduka Gusti
angger kula nggih binekta nyelak dhateng Gus­ti.

2. Angger kula sum’rep Gusti seda krana kula
mrih kula luwar sing pati Gusti tombok slira,
Refr. :

3. Angger kula sum'rep Gusti sangsara ing salib
ambekta kula sadaya mring kamulyan baka,
Refr. :

120. KUMANDEL MRING ALLAH
1. Dhuh Gusti mugi ngirid lampah kula
ndherekaken Paduka salamanya
kawula datan saged milih margi
mugi sapurug kula Gusti nganthi.

2. Paduka ngayomana ing tyas kula
supados arerema satitahnya
kula tansah sumendhe ing karsanta
wit Paduka Panebus Gusti kula.

3. Ngambaha margi rumpil Ian sangsara
mesthi Paduka tuntun dhateng swarga
dhuh Gusti mugi ngirid lampah kula
ndherekaken Paduka salaminya.

121. KINANTHI ING GUSTI
1. Gusti Yesus Pangen kula, sestu gung sih Paduka
Ing sapurug-purug kula nggih tansah kinanthia
Refr :
Kinanthi Ing Gusti kinanthi ing Gusti
ing satitah kula nrimah angger kinanthi Gusti.

2. Bandha wah salir kadonyan mung sarananing gesang
kula ngegungken ngandelna Gusti wah panganthinya
Ref r.:

3. Krana panganthining Gusti kula mursid sayekti
ajrih-asih maring Allah tresna sesami tansah
Ref r. :

122. DIPANGGAH
1. Nitenana sihing Gusti kang mbanyu mili
ywa manut bujuking iblis wohe mung pati
reff :
dipanggah kanthi sumarah mring Gusti tansah
kasorna dosa wit mursid tegen ndedonga.

2. Nadyan den iming-imingi bandha sadonya
milaur setya mring Gusti sinungan begja
Refr.:

3. Iblis naweni kasekten pinunjul sekti
nging ing rehing Sang Roh Suci kalis sing pati
Refr:

4. Iblis nggendeng nilar Allah wit tanpa guna
milaur manteb pracaya gesang raharja
Refr :

123. GUSTI PANGUNGSENMU
1. Yen sira sangsara sarta sedhih manteba pracaya Allah tan tebih
aja wedi Gustimu nganthi rehing kadursiIan mesthi kasoran
pepeteng dosa ilang sirna mung gung karaharjan kang sinandhang.

2. Yen nyangga momotan wah panandhang aja sira semplah alit ing manah
iblis julig memilut driya milih margi entheng nging dugeng nraka
pasrah Pangeran nyuwun kiyat sira linuwaran wit sih rahmat.


124. SAMEKTA
1. Pitulung kita kang rosa samekta,
lir mitra kang tuhu setya samekta,
lamun kesasar neng margi Gusti nglari Ian nimbaIi
rumiyin myang samangke tetepsamekta,
samekta, samekta,
rumiyin myang samangke tetep samekta.

2. Tansah mirsa bot repotmu: Gustimu
karsa nanggel k'rubedanmu: Gustimu
lamun pasrah ing Pyambake, kita mireng ing sabdane:
"Lah ta mareka marang Ingsun: Gustimu,
Gustimu, Gustimu.
Lah ta mareka marang Ingsun: Gustimu."