300. KARAHAYONING TYANG GEGRIYA
1. Arahayu sagunging tyang gegriya ingkang tan­sah rumaket mring Gusti,
mung Gusti, dadya tuking basukinya klayan bingah prentahnya pinundhi
sekakapti anilingken sabdanya, angabekti Allah klayan eklas,
rinten ndalu angluhurken asmanya myang sumuyud kalayan trus ing tyas.

2. Arahayu sagunging tyang semahan, i
ngkang nunggil tresnanya mring Gusti, runtang runtung denira sih sinihan,
klayan, saekapraya Ian budi,
tansah migatosken sabdaning Allah, sarta memuji ngluhurken Gusti,
mantep ing pitados kang trusing manah, saha setya dumugi ing janji.

3. Arahayu sagung tyang neningkahan,
kang tan nglirwakken prentahing Gusti,
nggulawenthah brayat klayan kasetyan, mrih sami tulus ing pangabekti,
saha tansah sami sareng ndedonga, sabiyantu ing bot repotira,
anebihi bebaya cecongkrahan, lestantun sami manggih kraharjan.

4. Arahayu sagung tyang bebrayatan, kang tansah saos sokur mring Gusti,
nadyan bingah utawi nandhang sisah,
nggih namung Gusti kang den bekteni,
tansah nggatosken dhawuhing Hyang Widi,
dados dilah wah sareming bumi
nandukken sih katresnan mring sesami,
mrih salumahing bumi basuki.

301. PANDONGA KANGGE PANGANTEN
1.Mugi Gusti mberkahi panganten puniki,
tulus asih sinihan dumugeng delahan.

2. Mugi Paduka tuntun salamining gesangnya,
temahan tansah rukun sumanak srawungnya.

3. Mugi Paduka kanthi mrih kekah Ian teguh,
kasagedna ngrampungi bebaya pakewuh.

4. Mugi Gusti ngrimati temah kacekapan,
sami watek berbudi bekti mring Pangeran.

302. TANGSUL SUHING NENINGKAHAN
1. Tangsul suhing pala  krama ingkang sestu santosa,
nggih tresna ingkang sejati tulus sepi ing pamrih,
kados tresnaning Sang Rama dhateng sagunging tyang dosa
myang ngurbanken kang Putra.

2. Tresna mring somah Ian putra, pindha badan priyangga,
sami silih angladosi, temah brayat nyawiji,
lir pasamuwan kang bekti, wah mbangun turut mring Gusti,
tegen ing gesang suci.

3. Gusti mesthi amberkahi, brayat kang sih sinihan,
cecongkrahan den singkiri, tansah ngarah kraharjan,
sami silih labet labuh, saiyeg nglawan pakewuh,
tresnanya saya tuwuh.

303. JANJI PANGANTEN
1. Tangan kekalih  salaman tandha manah tung­gilan
sinartan janji satuhu tresna tinresnan saestu
salaminya se­tya tansah jroning bingah  dalah  sisah
netepi ing kuwajiban tyang utami kang bebrayan.

2. Janji mesthi den tetepi wit Gusti wus ngidini,
kinekahken, binerkahan sineksenan pasamuwan,
nedya tansah gesang suci srana mbangun turut Gusti,
temahan brayat raharja wah pasamuwan ngrembaka.

3. Kalpika kencana adi tengering janji yekti,
pinasang ing driji manis batos ngunandika aris,
sakethi margane tresna nging yektine mung sajuga,
sira iku memanisku lenging tresna mung sliramu.

304. BRAYAT KANG NENGSEMAKEN SESAMI
1. Brayat kang tinangsulan ing tresna teta­les pitados mring Gusti
mesthi ayem tentrem Ian ra­harja, atut rukun wah lestari,
silih asah Ian asih silih asuh tan pamrih
temah adeging brayat puniki nengsem­ken mring sesami.

2. Brayat kang tresnanira sayekti kados sihe Sang Kristus Gusti,
lung tinulung silih angladosi tan nguja karseng pribadi,
yen bebaya anrajang linawan sesarengan,
temah adeging brayat puniki nengsemken mring sesami.

3. Brayat kang mbangun turut mring Gusti tegen ndedonga Ian ngabekti,
kraos Ian rumaos nampi berkah jroning bingah dalah susah,
gesangnya kagem Allah blaba berbudi tansah,
temah adeging brayat puniki nengsemken mring sesami.

4. Brayat ingkang satuhu sembada mesthi datan anguciwani,
kalamun pinaringan momongan pinerdi bekti mring Gusti,
wasis nging lembah ati blaba nging gemi stiti,
temah adeging brayat puniki nengsemken mring sesami.


305. BRAYAT KANG RAHARJA
1. Kadya Adam Ian Kawa kang dedunung neng Pirdus,
ajrih asih mring Allah, ngabekti kanthi tulus
tresnanya mur­ni, gesangnya suci,
ru­kun setya wah raharja tansah tinunggil Rama          2X

2. Tiyang kang sesomahan kang dadya putreng Allah,
ngudi ing kamursidan asih mring sagung titah,
jujur ing lampah wah lembah manah,
arum jroning pirembagan kekah denya bebrayan.        2X

3. Tiyang kang sesomahan kang bekti mring Pangeran,
bingah nggunggung Sang Rama sisah ngaub ing sihnya
darma bektinya landhesan sabda; )
dadya lantaraning berkah ing bebrayan ngakathah. ) 2X



306. NENINGKAHAN KANG BINERKAHAN GUSTI
1. Neningkahan kang kinekahken Ian binerkahan dening Gusti,
dados brayat kang sinengker ing patunggilanipun Hyang Maha suci,
sembada ing prang rohani, nglawan iblis           julig yekti
tumemen ing pandonga, wah nggegilut sabdanya, nggunggung sih rahmate Rama,
mersudi ing kamursid.an miwah gesang masamuwan,
tan laIi dados seksi wah lelados sesami,
mbabar sih tresnaning Gusti.

2. Neningkahan kang kinekahken Ian binerkahan dening Gusti,
brayatira sami sinengker wit prasetyan tinandhan baptis suci
kanthi temen denya merdi srana nuntun nuladhani,
dimen sregep ngabekti, ndedonga Ian memuji, tansah setya dugeng janji,
kanthi tegen nggulawenthah dimen dadya putreng Allah
kinasihan ing Rama tinresnan ing sesama
watek pradhah lembah manah.

3. Neningkahan kang kinekahken Ian binerkahan dening Gusti,
tinimbalan ambabarken rawuhnya, Kratoning Allah ing bumi,
sayuk rukun ing bebrayan nyirik dredah pasulayan,
nging tresna kanthi tulus manut prentahing Kristus, ngarah donya kadya Firdus
kanthi temen ing pambudi memayu ayuning bumi
ing ngarsa sung tuladha ing madya mangun karsa
wah tut wuri handayani.

307. PANGANTEN KANG BINERKAHAN
1. Rahayua salaminya panganten kang mangkya binerkahan,
aprajanji gesang suci, mbangun turut Ian setya mring Gusti,
Reff :
saosa sokur saben wektu kanthi sawutuhing uripmu
ngabektia, leladia, dadia seksining sih rahmatNya.

2. Rahayua salaminya panganten kang tinunggil Pangeran,
kanthi tekat Ian semangat ambabarken karsane Sang Rama,
Reff :

3. Rahayua salaminya panganten kang rukun sih sinihan,
jroning bungah dalah susah tunggal ati mring lampah utami,
Reff :


308. MRING PADALEMANING ALLAH
1.Sestu nengsemken, dhuh Gusti, kagunganta dalem suci
papan pangabekti piniji nyawa kula sanget kapang
sowan Gusti sesarengan, sung panggunggung aneng pamujan,
manah sumyak mring Pangeran nggih Allah kang mengku gesang.

2. Kang tansah memuji Gusti wah manggen ing dalem suci,
yeku tyang rahayu ing ati, tyang kang tansah kangen Allah
karosannya neng Yehuwah, tan wigih kangelan ngibadah
yen kasatan jroning mlampah rinoban jawahing berkah.

3. Sadinten ing dalem suci sestu saklangkung utami
timbang papan sanes ing bumi langkung prayogi ngibadah
timbang ngrojongi tyang mblunthah wit Yehuwah yeku sesurya
wah tamenging tyang pracaya tyang kang tan cacad lampahnya.


309. DALEM PAMUJAN
1. Wonten pundi dununging gesang ingkang mengku katentreman
Wonten pundi Sang jinebadan ingkang nuntun mring kaswargan
Reff :
neng pamujan kapireng swara pujining para pracaya
kang sinalib yeku Sang Kristus jumeneng Juru Panebus.

2. Dhateng ngriku puruging tiyang ingkang kawraten ing dosa
tyang prihatos wah tyang kesrakat tinampen klayan legawa,
Reff :

3. Swaraning tangis ginantosan panglipur Ian kaayeman
mangga sowan mumpung winengan korining kawilujengan,
Reff :

4. Gusti ngrantos mring kita sesami kang kawengku dening pati
klayan tlatos nggennya nimbali marek mring ngarsaning Gusti,
Reff :

310. GREJA PRASASAT BAITA
1. Greja prasasat baita neng tengah samodra
Kristus kang dadya panutan enering lampahnya
nadyan tan sepi bebaya ombak Ian prahara
mesthi tulus kang sinedya gisiking sampurna
angger tansah tan suwala mring sagung pangrehnya
temah sembada widada kalis sing rubeda
Reff :
Ayo di sedya tulung tinulung tunggal sedya kar­ya aneng Sang Pamarta
ngantos salaminya.

2. Greja prasasat baita neng tengah samodra,
Kristus kang dadya panutan enering lampahnya,
manuta pandoming lampah nggih sabdaning Allah,
nyingkirana watu karang sengseming kadonyan,
mrih tan nemahi cilaka kerem ing samodra,
temahan tan bisa dadi seksinipun Gusti,
Reff :

3. Greja prasasat baita neng tengah samodra,
Kristus kang dadya panutan enering lampahnya,
samangsa prahara nempuh iman kudu kukuh,
samangsa pedhut sumrambah aja gampang semplah,
nadyan ombak mbilaeni aja cilik ati,
wit Kristus pyambak kang nganthi mrih greja lestari
Reff :

4. Greja prasasat baita neng tengah samodra,
Kristus kang dadya panutan enering lampahnya,
yen tan padha tunggal ati nemahi bilai,
baita lepas kendhali tininggal perdondi,
wit sayektine bebaya neng tengah samudra,
uga king jroning baita mula diwaspada,
Reff :


311. ADEGIPUN GREJA
Tetalesnya sawiji peparang sejati
nggih Gusti Yesus Kristus kang dados marginya
Adeging salir greja ing tengahing donya
mrih mbabarken sih rahmat mring tiyang sajagad.

2. Greja tampi timbalan angabdi mring Gusti,
mrih sami tetunggilan wah dados paseksi,
lelados mring sesami tresnanya tan kendhat,
dadya sareming bumi wah padhanging jagad.

3. Nadyan beda wujudnya yektine sajuga,
tunggal baptis Ian Gusti pindha badan siji,
tunggila kang sinedya myang sagung panjangka,
mrih kebabar yen Yesus Sang Juru Panebus.



312. PATUNGGILANING PASAMUWAN
1. Yekti nengsemken ing ati
pasamuwan kang nyawiji
tansah lung tinulung silih mbiyan­toni
nekseni asmaning Gusti.

2. Sagunging warganing greja
leladi kang trusing driya
temahan pasamuwan saya ngrembaka
asmaning Gusti pinuja.

3. Kang ringkih den pitulungi
kang ribed den bela nuli
silih andum berkah sihing Sang Pamarta
gesangnya tentrem raharja.

4. Pasamuwan kang nyawiji
leladi ngurbanken dhiri
lelabet mrih kraharjaning masyarakat
samya ngraosken sih rahmat.


313. PAPAN PANGIBADAH
1. Papan pangibadah saestu ngangeni
kawula sami ngabekti ngraosken nunggil Ian Gusti
ngluhurken asmanya mirengken sabdanya
Reff :
mareka, mareka kanthi manah tulus memuji
nampi berkahing Gusti mrih saged mbabarken tresna.

2. Papan pangibadah papan ingkang adi
mangga nggumolongken manah nyuwun manteb ing pracaya
mrih wantun nekseni sih rahmating Gusti.
Reff :

3. Sing papan punika kebabara yekti
pratandha Kratoning Allah sumrambah mring tiyang kathah
temah tyang sajagad nembah Kang Murbeng Rat.
Reff :


314. PASAMUWAN KANG NYAWIJI
1. Pasamuwan kang nyawiji netepi sab­daning Gusti
dadya paseksi sanyata Yesus yeku Sang Pamarta
sih rahmating Allah tumrah mring gung manungsa,
sumrambah saliring tyang kang pracaya, basuki ge­sangira.

2. Pindha badan mung sajuga nging kathah peranganira.
pasamuwan kang manunggal mbabarken gesang kang enggal,
sami dene mbiyantoni wit sih sinihan sayekti,
tunggal ati tunggal Gusti nengsemken mring sesami.

3. Peparing kang beda-beda dadya pisungsung kang adya,
mrih kamulyaning Pangeran wah majenging pasamuwan,
sinangkul kang karepotan nglawan godha karupekan,
mrih tuwuhing kamursidan nggayuh mring kasampurnan.

4. Pasamuwan kang nyawiji nekseni Injiling Gusti,
nglantarken sihing Pangeran datan mawang mring salir tyang,
mbelani tyang kang sangsara nadyan benten ing pracaya,
krana ajining manungsa citreng Allah Makwasa.




315. INDONESIA NEGARI KULA
1. Indonesia negari adi kang sestu kula tresnani,
tanah wutah rah nggih tanah pusaka paringing Allah Sang Rama,
wus mesthi tan­ sah kula labuhi klayan eklas trusing ati.

2. Indonesia negari adi gemah ripah loh jinawi,
werni-werni kewan wah tetaneman ulam lelangen lelumban,
nedya kula jagi mrih lestari wit niku paringing Gusti.


3. Indonesia negari mulya sewu pulo bebanjaran,
bangsa beda suku wah agaminya, ras sarta golonganira,
tansah kula sesuwun mring Gusti mrih bangsa wetah lestari.



316. PAMUJI SOKUR AWIT KAMARDIKAN
1. Atusan taun kawula jinajah,
nging samangkya kula wus merdika,
sestu  niku mung sih rahmating Allah
lantaran perjuangan kula sabangsa
Reff :
agung sihing Allah Hyang Maluhur,
swawi kanca tansah saos sokur
kanthi giyat   tumemen makarya
mrih raharja lahir Ian batin kita.

2. Madegira Republik Indonesia
dhedhasamya namung Pancasila,
tangsul kekah kang ngiket tyang sabangsa,
mugi Gusti mberkahi mrih lestarinya,
Reff :

3. Sesantinya: "Binneka Tunggal Ika",
nadyan beda nging nunggil ing sedya,
samya rukun sengkut mbangun negari,
wah silih numrahken berkahing Hyang Widi,
Reff :


4. Hak azasi manungsa kawujudnya,
dhemokratis nggene nata praja,
mrih kekahing bebener kaadilan,
wah kebabarira karsaning Pangeran,
Reff :


317. INDONESIA NAGRI ENDAH
1. Indonesia nagri endah peparing ing Yehuwah
mila kula dongakaken mrih raharja wah tentrem.

2. Allah yeku kang ngayomi bangsa dalah negari
ing sisah sarta ing bingah mung Pangeran sinembah.

3. Kabegjan wah kaluberan mung krana sihing Gusti
bebener Ian kaadilan tansah kedah den udi.

4. Bangsa, nagri Indonesia mugi tansah lestari
kalis sing salir bebaya wit rineksa ing Gusti



318. TRESNA MRING SESAMI
1. Tresna mring sesami kang trusing manah
wit salir sesami citreng Allah
yeku wujudira tresna mring negari
nglabuhi mring bangsa mrih lestari.

2. Tresna mring sesami tan mawang tiyang
nulad sihing Gusti murbeng gesang,
ngudi dhemokrasi klayan trusing ati
bentening ngasanes den aosi.

3. Tresna mring sesami ing tindak nyata
mrih tresnaning Gusti tumrah wrata,
hak azasi manungsa binabar yekti
adil wah bebener den belani.


319. ENDAHE SADULURAN
1. Endahe saduluran manut rehing Pangeran,
sami dene ngajeni, wah mbiyantoni
nadyan beda agama wah beda golongannya
tunggal rasa pambekan pri kamanungsan,
Reff :
kluwung pindhanya endah ing warna,
nyawiji mbangun urip kang adya, tentrem raharja

2. Rukun ing pitepangan sumanak ing rembugan,
dhemen sung pangapura nyirik piala,
nging samya silih ngalah mbabarken tresna tansah,
nulad ing sihe Allah mring sagung titah,
Reff :

3. Rukun gawe santosa crah mung bubrah wohira,
ngestokna sabdeng Gusti tresna sesami,
nadyan panemu beda nging tan samya sulaya,
olah kawicaksanan tan nang-menangan,
Reff :



320. GUSTI MESTHI PRAPTA, MARANATHA
1. Kawula ngantya nagri swarga nagrining kasampurnan nyata
nunggil Gusti ing kamulyannya wus lali prihatin ing donya
Reff :
Neng nagri sampurna kita langgeng tentrem raharja
Neng nagri sampur­na mung tansah memuji memuja.

2. Kawula ngantya nagri swarga nagrining tyang manteb pracaya
ngagem makuthaning kasucen wus lali salib wit kayekten
Reff :

3. Kawula ngantya nagri swargi nagrining tyang setya mring Gusti
tyang unggul nglawan salir godha tatag, tanggon wah mursid nyata.
Reff :


321. NGANTYA NAGRI SAMPURNA
1. Sang Kristus wus mesthi prapta jumeneng Hakim nyata
ngadili sagung manungsa ing dinten akhir mangkya
tyang kang tresna mring sesami ajrih asih mring Gusti
kepareng mlebet ing swargi ing kasampurnan yekti.

2. Tyang mursal samya moyoki ngremehken sabdeng Gusti
de Gusti tan enggal prapta nganggep janjinya nglaha
ngarseng Gusti Kang Makwasa sataun lir sadina
mila tyang kang tan rumantya kacelik temah cuwa.

3. Sang Kristus wus mesthi prapta jumeneng Hakim nyata
ngadili sagung manungsa ing dinten akhir mangkya
yogya methukken rawuhnya srana tansah samekta
waspada sarta ndedonga memuji Maranatha.



322. GUSTI RAWUH NGADILI
1. Sang Kristus Gusti wus badhe prapta angadili gung manungsa
tyang duraka mindhak durakanya de pituwase nraka
tyang mursid mindhaka mursid yekti nucekken gesang manut mring Gusti
yeku kang ndherek Gusti mring swarga nunggil ing kamulyan­nya.

2. Sang Kristus prapta ngasta ganjaran pinaringna mring salir tyang
kang mung mentingken badan priyangga ingukum ing naraka
tyang kang tansah nresnani pepadha tan mawang tyang wah tulus ing driya
yeku kang ndherek Gusti mring swarga nunggil ing kamulyannya.

3. Gusti rawuh ngadili salir tyang pracayanya wah amalnya
tyang kang mblunthah nguja nafsu donya kabesmi ing naraka
tyang suci ing lampah bekti Allah manut Roh nyingkur badan priyangga
yeku kang ndherek Gusti mring swarga nunggil ing kamulyannya.



323. SAREH NGANTYA BUJANA SWARGA
1. Langit Ian bumi kang anyar nulya enggal binabar
wus tan wonten kasang­saran mung langgeng ing kraharjan
Reff :
den sareha tyang pracaya ngantya bujana swarga
kita nunggil Sang Pamarta nunggil ing kamulyannya.

2. Sirna salir kasusahan musna sagung panandhang
mung kabingahan kabegjan wit rinoban pepadhang
Reff :

3. Pra suci gesang sampurna sestu tebih sing dosa
mung sumyak ngidung mring Allah nggunggung memuji tansah.
Reff :


324. WONTEN ING SWARGA
1. Wonten ing swarga saiba nengsemna
tyang gesang nyata kanthi sampurna
ngriki gung ribed sedhih sangsaranya
ngrika gung ayem tentrem sayekti (2X).

2. Wonten ing swarga saiba mulyanya,
sadaya dados suci sampurna,
ngriki manah asring peteng wit dosa,
ngrika gung padhang wah lipur lejar, (2X).

3. Wonten ing swarga iba raharjanya,
tan wonten panandhang wah paniksa,
nunggil kamulyan klayan Sang Pamarta,
mila tan kendhat dennya memuja, (2X).

4. Wonten ing swarga saiba tentremnya,
mantun sulaya dredah grejegan,
manah sami gumolong tut runtutnya,
tresna tinresnan klayan sampurna, (2X).