125. PASRAH SUMARAHA
1. Aja sumelang bab uripmu, ywa cilik ing kal­bu
yen pepeteng nglimputi ati ngayoma mring Gusti
Refr:
Allah yeku Rama ngreksa sira salaminya
Pasrah sumaraha mrih tentrem rahar­ja.

2. Lamun tininggal sanak kadang ywa semplah ing driya
yen kamukten kamulyan ilang mantepa pracaya,
Ref r.:

3. Lamun tinempuh kacingkrangan prayitna mring dosa
yen kena lelara panandhang waspada mring godha,
Reff :


126. NGRANGKUL SALIB
1. Dak rangkul salibe Gusti kang agung tresna lan sihe
sarta dhangan dak ungseni dak rangkul salibe
Refrain:
dak rangkul salibe, dak rangkul salibe
yeku   margining sih rahmat dak rangkul salibe.


2. Yen aku kabidhung susah ing ati rasane lesah
mesthi malih dadi bungah yen ngrangkul salibe,
Ref r.:

3. Ing sajroning karubedan sarta yen nyangga momotan,
Gusti kang paring karosan dak rangkul salibe,
Ref r. :

4. Sanadyan kabotan susah utawa atiku bungah,
nging tansah tresna mring Gusti dak rangkul salibe,
Ref r.:


127. KULA TYANG PRACAYA
1. Kathah tyang kang rebadan drajad lan kamulyan nggih sami kamitegan ngurbanken mring liyan
kula tyang kang pracaya mbangun turut Gusti ngudi ing gegayuhan klayan mursid yekti

2. Kathah tyang kang rebadan pangwasa-wisesa silih sung kasangsaran nyenyebar cintaka
kula tyang kang pracaya mbabar kraton swarga ndherek nata bebrayan manut ing Pangeran.

3. Kathah tyang kang rebadan kasugihan donya silih pejah-pejahan wah ngrisak pepadha
kula tyang kang pracaya mung mbabarken tresna sugih mlarata tansah dadya margi berkah.


128. KABEGJAN KANG SEJATI
1. Kabegjan kang sejati  tinunggil Gusti
yen panggodha ndhatengi gya den tulungi
mrih manteb pracaya wah tetep waluya
malah ngesorken dosa       yekti mursidnya.


2. Kabegjan kang satuhu rineksa Gusti
yen panandhang ngreridhu gya den luwari
mrih kraharjan nyata sinandhang slaminya
mila tansah sung puja wit sih piwlasnya.

3. Kabegjan kang sanyata jinangkung Allah
yen rinoban sengsara gya den entasna
mrih ayem ing manah sarta tentrem tansah
memuji datan kendhat nggunggung sih rahmat.


129. TANSAH BINGAH
1. Tyas kita sestu raharja sinung kabegjan nyata
dene Allah Kang Ma’kwasa nganggep putra mring kita
Refr
mara tansah bungah-bungah wit tinunggil Ian Allah
sarta ngambah dalaning pepadhang kang dugeng kasampurnan.

2. Hyang Maagung ngreksa kita nguwalken sing bebaya
sihnya sung lipur ing driya nyantosakken pracaya
Ref r. :

3. Yen kita nyingkur Pangeran neng ati was sumelang
nging yen sumuyud mring Allah tinuwukken ing berkah
Ref r. :

4. Yogya kita mursid yekti ajrih asih mring Gusti
Roh Suci mbelani kita nglawan pangrehing dosa
Ref r.:


130. ALLAH DADOS PEPADHANG
1. Allah kang dados padhang nuntun dhateng kraharjan,
astanya sestu santosa ngreksa tyang kang pracaya,
pepadhanging Allah           nganthi ngirid ing ngajeng lan wuri,
ngantos dumugeng swargi.

2. Allah kang dados pepadhang nuntun klayan kaloman
sabdanya kebak pangwasa sung pangayoman nyata
sestu pepakening Allah nyegerken manah kang lesah
wah ngiyatken ing lampah.

3. Allah kang dados pepadhang nuntun ing margi yekti.
mring margining kasampurnan gayuhaning pra suci
kula badhe salaminya ndherek Gusti kanthi setya
wit mesthi dugeng swarga.

4. Allah kang dados pepadhang madhangi manah kula
salaminya kula gesang tansah pasrah pracaya
kula tan ajrih bebaya karubedan wah sangsara
wit Gusti nganthi kula.


131. AYEM WONTEN ING GUSTI
1. Ayem neng Gusti Yesus ayem ing Sang Kristus,
sinungan gesang nyata tinebus sing dosa,
wonten kidung ngumandhang     sumyaking tyas girang
pamujining pra suci nggunggung sihing Gusti.
Ayem neng Gusti Yesus ayem ing Sang Kristus,
sinungan gesang nyata tinebus sing dosa.

2. Ayem neng Gusti Yesus ayem ing Sang Kristus,
sinung panglipur yekti dening Sang Roh Suci,
wonten kidung tan kendhat pujining pra umat,
wit gung prasetyeng Gusti samya den tetepi,
Ayem neng Gusti Yesus ayem ing Sang Kristus,
sinung panglipur yekti dening Sang Roh Suci.

3. Ayem neng Gusti Yesus ayem ing Sang Kristus,
sinung kabegjan tansah dadya putreng Allah,
wonten kidung gung endah sru nggunggung mring Allah,
de sisah lan sangsara nunten enggal sirna,
Ayem neng Gusti Yesus ayem ing Sang Kristus,
sinung kabegjan tansah dadya putreng Allah.

4. Ayem neng Gusti Yesus ayem ing Sang Kristus,
sinung kraharjan swarga kalis sing antaka,
wonten kidung nengsemna ngebaki bawana,
pujining pra tyang ngantya mring gesang sampuma,
Ayem neng Gusti Yesus ayem ing Sang Kristus,
sinung kraharjan swarga kalis sing antaka.


132 . KABEGJANING TIYANG KRISTEN
1. Samangkya kita merdika uwal sing rehing dosa
ngegungken bekti mring Gusti wah asih mring sesami
Reff:
mung kraharjan lan kabegjan kang tansah ngiring gesang
tinebus Sang Kristus Gusti kula sinung basuki.

2. Mangkya kita titah anyar nyingkur kadonyan tansah
budi luhur, andhap asor leladi trus ing manah,
Refr.:

3. Mangkya kita putreng Allah tansah nglantarken berkah
mbelani tyang kang sangsara ngrimat tyang kang cilaka,
Refr:

4. Mangkya kita Umat Kristen kang tansah ndherek Gusti
Injil suci winartosken srana katresnan yekti,
Refr:


133. RUMENTAHING PALIMIRMA
1. Kula tyang dosa klangkung ageng rinentahan palimirma,
punika ngeram-eramaken, kawula sewu tan nyana,
mangke tan wonten paniksa, (2X). ming rumentahing sih mir­ma (2X)..

2. Allah ngasihi dhateng kula dosa kula ingaksama,
tan wonten mulading bendunya wit kula ingangkat putra
kula punika sinten.ta (2X) de rinentahan sih mirma (2X).

3. Sayogya kula gunggung-gunggung palimimanipun Allah
kang nglepataken saking ukum wah nucekaken ing manah
panggunggung kula tan liya (2X)  ming bab rentahing sih mirma (2X).


134. AJA ADIGANG, ADIGUNG, ADIGUNA
1. Saliring tyang adigang mung nyebar panandhang
wateknya kamitegan nindhes mring sanes tyang
pituwasnya bebendu bramantyaning Gusti
nging tyang tresna satuhu gesang yekti  (2X).

2. Salir tyang adigung mung nandur sangsara
remen umuk gumunggung ngina mring pepadha
mesthi ngundhuh antaka wit adiling Allah
nging tyang kang andhap asor sinung berkah (2X).

3. Salir tyang adiguna mung ndhedher cilaka
nganggep Allah tan ana sabdanya mung nglaha
nggih panen karisakan dukaning Pangeran
nging tyang ajrih sih Allah kinasihan (2X).

4. Tyang kang ngendelken dhiri mung ngingah bilai
ngangah-angah kadonyan gesangnya lir kewan
pikolehnya mung pati wah gesang ing peteng
tyang ngandel Kristus Gusti rarja langgeng (2X).


135. KULA SUMARAH MRING ALLAH
1. Gesang kebak kekeran angel den jajagi
dhateng ing kasangsaran nggih silih gumanti
namung Paduka Gusti mirsa samukawisnya
kula pasrah sumarah ing reh Paduka.


2. Gesang kebak kekeran angel den jajagi -
reribed kasisahan silih andhatengi
aneng astane Gusti kula tan semplah ati
kula pasrah sumarah ing rehing Allah.

3. Gesang kebak kekeran angel den jajagi
panggodha wah pacoban mung ngrerujit ati
wit pitulunge Allah kula manteb pracaya
kula pasrah sumarah ing rehing Allah.


136. PANGANDEL DHUMATENG ALLAH
1. Neng are wah neng gunung, mung neng rgarseng AIlah
aneng ngendi dumunung nggih pinanggya tansah
endi kang dadi cipta lan osiking ati .
kapirsanan sadaya ing Allah Hyang Widi.


2. Mung Gusti kang Makwasa mengku samubarang,
salir tyang kang pracaya mesthi tinulungan,
manuk ing awang-awang Allah kang ngingoni,
suket lan thethukulan wrata den paesi.

3. Bumi dalasan swarga winengku Pangeran,
jasad gedhe cilika Allah tan klimengan,
sawernaning pra titah sajagad warata,
namung nelakken tansah piwlas lan kwasanya.

4. Wong pracaya den ayem tansah kumandela,
neng padhang lan neng peteng Allah tansah ngreksa,
yen kabotan momotan siningkang ing kadang,
Gustimu nunggil tansah dipanggah ywa semplah.


137. KANG LANGGENG SIHE ALLAH
1. Saprakara kang pantes den upadi yeku Kratoning Al­lah Sang Rama
samubarang pinaringken tumuli angger sumuyud jroning pracaya
Refrein:
kabeh mung nglaha, kabeh mung nglaha, sarwa kadonyan wus mesthi sirna
mung sihe Allah kang langgeng slamanya tyang kang ngayom wus mes­ thi raharja.

2. Drajad kasugihan wah kasenengan, ginayuh kanthi margi utami,
aywa lali kang aji lan sejati, yeku setya wah nunggil lan Gusti,
Ref r.

3. Sagunging kadonyan ingkang kadarbya, iku sranane mbabarken tresna,
yen dugeng janji tan badhe binekta, mung gesang langgeng bandha ing swarga,
Ref r.

138. PANGANDEL
1. Mung sarana pracaya aku sinung waluya
uwal sing rehing pati tinebus dening Gusti
Reff :
Ayem tentrem ing kalbu wit Allah Pamartaku
Gusti andel-andel yekti slaminya dak bekteni.

2. Srana pasrah Pangeran aku sinung kabegjan
ing sisah dalah bingah tansah tinunggil Allah,
Refr.:

3. Srana kumandel nyata aku sinung raharja
ing siyang ratri tansah rinoban dening berkah,
Refr.:

139. MUGI GUSTI ANGUTUS UTUSAN
1. Mugi Gusti karsa angutus u­tusan kados duk kinanipun
ingkang ngem­ban sabdaning Allah lan martosken sih piwe­laspun
supados tyang salumahing bu­mi sami nampia Injiling Gusti.

2. Mugi Gusti ngutus pra abdi sembada lan setya sami nyebar,
pawartosing kawilujengan mring salumahing bumi gumelar,
supados tyang sami pitadosa, temah ngraosken tentrem raharja.

3. Mugi Gusti madhangi manah kang peteng wit pamengkuning dosa,
temahan pra tiyang kang wangkot lan kang kawengku ing gugon tuhon,
mratobata pitados mring Gusti klayan bingah asmane pinuji.


140. SANG KRISTUS TAMENG SANTOSA
1. Sang Kristus tameng santosa nguwalken saking rubeda,
neng jroning bebaya pati Gusti kang badhe nulungi,
Reff :
Gusti peparangku tansah ngayomi, angayomi, angayomi,
ampinganku sajroning prahara pangungsen ingkang santosa.

2. Sang Kristus Pangen kang setya anggiring sagung mendanya
mring panggenan tentrem yekti menda tansah den ayomi,
Ref r. :

3. Sang Kristus mulung astanya kalamun rumpil marginya
yen ical dipun upadi kepanggih dipun rimati
Re f r. :

141. GESANG DADOS KIDUNG
1. Gesang kula dados kidung sumaos mring Pangeran,
wit sihnya saklangkung agung maringken kaslametan,
ing kabegjan wah sangsara tansah memuji Gusti,
srana kamursidan nyata krana anyar ing budi.

2. Lamun kabotan ing susah wah karoban ing bungah,
kula manteb ing pracaya ngayom ing sih rahmatnya,
sanadyan sengseming donya nggodha wah milut ati,
kula mesthi tansah setya mbangun turut mring Gusti.


3. Pocapan wah tingkah laku mobah mosiking kalbu,
dadya kidung konjuk Allah wit sih rahmatnya tumrah,
sayogya sengkut makarya kagem Kratoning Allah,
yeku sokur trusing driya konjuk mring Gusti tansah.

142. MUNG KRISTUS JURU BASUKI
1. Mung Sang Kristus Yesus Gusti  Juru basuki
wit sih tresnanya mring sagung manungsa
ngantos ngurbanken sriranira mila tyang kang pracaya
sinungan gesang nyata wah tentrem raharja.

2. Mung Sang Kristus Yesus Gusti Juru Basuki,
sabdanya yekti kebak ing pangwasa
nggih sabdaning Allah pribadya tyang kang manut Ian setya
ing gesangira mung kabegjan kang pinanggya.

3. Mung Sang Kristus Yesus Gusti Juru Basuki,
panunggil Ian panuntuning pangrehnya
sestu sung santosaning driya tyang pracaya sumarah
sinung ayem ing manah wah tan nate semplah.

143. MUNG TANSAH PASRAH MRING GUSTI
1. Aku tan nate mangerti kapan begja cilaka
mung tansah pasrah mring Gusti yeku Pamarta setya
manteb pracaya ing ati manut reh lan sabdaNya
tinuntun dumugeng swargi ing kasampurnan nyata.

2. Aku asring tan mangerti karseng Allah Makwasa,
donga panyuwuning ati tan kajurungan nulya,
nging yektine Gusti nganthi astanya tansah ngreksa,
wit panuntuning Roh Suci kasoran rehing dosa.

3. Nasibku ing rehing Gusti tan ana pangreh liya,
kasarasan lan rejeki imbuhing sih nugraha,
rancangan tinata tliti pratandhaning pracaya,
aku tan kwatir tan wedi mung begja kang pinanggya.

144. MARGI DHATENG SWARGA
1. Nyebuta Gusti mring Sang Kristus, nging yen tan kanthi tulus
mung kembang lambe tanpa laku rehing dosa den gugu
kasangsaran temahanira naraka pandumannya
Refr :
kang mlebet mring kratoning swarga namung tyang kang mbabarken tresna
nglampahi mring karsaning AIlah sepi ing pamrih tansah.

2. Salir tyang kang lampah utami welasan mring sesami,
mbelani tyang ringkih sangsara nadyan kanthi toh nyawa,
yeku muriding Kristus Gusti nggih tyang kang mursid yekti,
Refr :

3. Saestu begja-begjaning tyang ing donya wah klanggengan,
pracaya Gusti Sang Pamarta tansah nulad ing sihnya,
dalah tyang kang nyatroni pisan winales kasaenan,
Refr :

145. NUNGGIL KALIYAN GUSTI
1. Yen nunggil Ian Gusti rinten dalu
manah langkung tentrem arahayu
Refr :
kula angantya Gusti ratri klayan rina
nyuwun berkah dhuh Gusti , Gusti kula.

2. Yen nunggil lan Gusti jro ginodha,
kula mesthi unggul nglawan dosa,
Refr. :

3. Yen nunggil Ian Gusti kasisahan,
mantun kagentosan kabingahan,
Refr.:

4. Yen nunggil Ian Gusti siyang ratri,
birat najis kula temah suci,
Refr :

5. Yen nunggil Ian Gusti saged ngertos,
kang dados karsanya ing sayektos,
Refr :


146. GUSTI YESUS PAMARTA
1. Gusti Yesus Pamarta dados Pangungsen kula
kula dipun luwari sing pamengkuning pati
srana rahing Sang Kristus gesang kula tinebus.

2. Gusti Yesus Pamarta kang nunggil gesang kula,
kula tansah kinanthi ngantos dumugeng janji,
mila kula tan wedi martosken sihing Gusti.

3. Gusti Yesus Pamarta dados pangungsen kula,
yen ketaman bilai kula nenga mring Gusti,
nyadhong pangluwar yekti temah tentrem ing ati.

147. PANGUNGSEN KULA
1. Gusti Pangungsen kula sestu gung sih rahmatnya
ing sajroning panandhang wah yen bebaya nrajang
Gusti sung pangluwaran kula manggih kraharjan.

2. Daya karosan kula winates wontenira
srana pasrah sumarah mring reh kwasaning Allah
kula manggih kabegjan ngantos dugeng klanggengan.

148. NYAWISI PAPAN MRING GUSTI
1. Gustimu kepareng mundhut papan aneng atimu
resikana dimen patut Gusti karsa lumebu
rungokna pangandikanya aja padha semaya
nyawisna papan mring Gusti aneng sajroning ati

2. Tan liya kersane Gusti, mitulungi wong dosa,
kang siyaga mbukak ati, dadya padalemannya,
Re f r. :

3. Rahayu tyang kang samekta, saos papan mring Gusti,
antuk padhanging wardaya, kang tumurun sing swargi,
Ref r. :

149. GUSTI NUNTUN
1. Gusti nuntun lampah kula saklangkung nggen kula begja
celak miwah tebih ugi tansah dipun kanthi Gusti
Reireln:
nggih Gusti kang nganthi kula astanya pyambak kang ngreksa
mila kula manut Gusti kang dados Panebus yekti.

2. Dadosa ing wanci siyang, punapa kesaput ratri,
manah peteng miwah padhang, kula tansah dipun kanthi,
Ref r.:

3. Gusti nuntun kula pasrah, klayan nrimah ing satitah,
nadyan ngantos dugeng janji, kula tansah dipun kanthi,
Ref r. :