200. BUJANA SUCI
1. Bujana suci ngengetna mring sih rahmating Allah
anggur roti mratandhani korbane Sang Kristus Gusti
ngluwar kula sing pati temah langgeng basuki

2. Bujana suci ngengetna kurbaning Sang Pamarta
yogya tansah den undhangna ngantos Sang Kristus wus prapta
ngadili gung manungsa wah nyampurnakken greja.

3. Bujana suci nandhani tyang pracaya nyawiji
samya silih mbiyantoni ngudi kamursidan yekti
nggayuh ing kasampurnan tinunggil ing Pangeran.

4. Bujana suci ngengetna tyang Kristen neksenana
Allah rukun lan manungsa krana gunging sih rahmatnya
mila mbabarna tresna rukun lan gung pepadha.


201. TIMBALAN NDEREK ING BUJANA
1. Gusti nimbali kula samya nderek ing sakramen bujana
nggih tetunggilan klayan Gusti sarta nyawiji lan sesami
sih sinihan binabar nyata silih leladi den tindakna
nging kula asring tan lampah tresna adhuh Gusti nyuwun pangaksama

2. Sakramen Bujana ngengetna kurbaning Sang Kristus Pamarta
anggur roti pratandha yekti margining tyang dosa basuki
tepang klayan Allah Masuci sarta rukun klayan sesami
nging kula taksaih asring perdondi adhuh Gusti kula nyuwun suci

3. Bujana kang suci nimbali pasamuwan samya nyawiji
lir badan kang namung sajuga namging kathah peranganira
wit niku paeksi sanyata Kristus Juru Slamet manungsa
nanging kula asring cecongkrahan dhuh Gusti ngapuntena mring kula

202. BUJANA KANG SESTU SAMPURNA
1. Kula sung pamuji sokur konjuk Hyang Maluhur
kang nimbali kula samya nampeni nugraha
ndherek ing bujana suci, bujana sing swargi,
yeku karaharjan yekti nggih kamulyan adi,
mbenjang yen wus mlebet swargi ing     Kratoning Gusti,
kula ndherek ing bujana kang sestu sampurna
Refrein:
Yogya disetya temen pracaya
ngestokken sabdanya tansah olah tresna
gesang kang sembada

2. Kula samya sung pamuji konjuk Hyang Masuci
nadyan kula kathah cacad rinoban sih rahmat,
pareng ndherek bujananya tunggil pra pracaya,
angger tan ndlarung ing dosa manut rehing donya,
mbenjang yen Gusti wus prapta ngadili manungsa,
kula ndherek ing bujana kang sestu sampurna,
Refrein:


203. BUJANA KANG SUCI
1. Tumurun sing swarga adi karaharjan sayekti
pinaringken dening Gusti aneng  bujana kang suci,
mareka tyang do­sa sagung kang mratobat nyuwun tulung,
tam­panana anggur roti pralambang         pane­bus yekti

2. Sih kang tan ana tandhingan yeku kurbaning gesang,
dadya panebus sayekti mrih pra manungsa basuki,
timbangana klayan tresna mbangun turut trus ing driya,
ing mbenjang ndherek bujana kang sampurna aneng swarga.

3. Pisungsung pratandha tresna sumaos Sang Pamarta,
sinartan lampah utami labuh labet mring sesami,
ngudi sakatoging budi mrih pasamuwan nyawiji,
de yen sampun dugeng janji ndherek ing bujana swargi.


204. PANDADAR ING BUJANA
1. Dhuh Gusti kula sung puji ing bujana suci niki
de ngraosken ing kraharjan wah kamulyan saking swarga
tetunggilan lan Pangeran yo­gya kula ndhandha gesang.

2. Dhuh Gusti kula nglenggana mring dosa nggih lepat kula
tan saged nguwalken dhiri sing rehing pati antaka
mung ngegungken sih Paduka Allah Kang Mahawilasa.

3. Dhuh Gusti kula ngakeni sih Paduka agung yekti
wit sedaning Kristus Gusti kula luwar saking pati
sinungan gesang sejati langgeng wilujeng ing swargi.

4. Dhuh Gusti kula nampeni sih rahmat luber sing swargi
kula sumarah pracaya nggih ngayom mring Sang Pamarta
dinadosken putreng Allah kang tansah numrahken berkah.

5. Dhuh Gusti kula prajanji wus mesthi kula tetepi
saos sokur datan kendhat tansah martosken sih rahmat
wah gesang mursid sayekti rameng gawe pamrih sepi.


205. BAPTIS LARE
1. Gusti Yesus kula sami nyaosken lare alit
mugi Gusti maringana pratandhaning sih rahmat.

2. Mugi Gusti njurungana ing pandonga kawula,
anak kula lestantuna dadosa kagunganta.

3. Anak kula agengira dadosa tyang utami,
lestantuna angsala sih sing Gusti wah sesami.

4. Mugi Gusti mitulungi kula tyang sepuhira,
kasagedna mulang yoga tansah bekti mring Gusti.

5. Gusti seda krana kula nggih krana anak kula,
sagung dosa ingaksama sami pinundhut putra.

6. Baptis suci mratandhani sih Paduka dhuh Gusti,
kang njalari gesang suci yeku anyaring budi.


206. BAPTISIPUN LARE ALIT
1. Dhuh Rama mugi ngluberna berkah wonten ing satengahing pasamuwan,
dalah para anak kawula sowan nampeni prasetyanipun Allah.

2. Pasamuwan kadadosken suci wonten ing Asmaning Rama ing Swargi
pra lare ugi dados tyang piniji  wah pinaringan gesang sayekti.

3. Sang Roh Suci wah sabda Paduka nuntun pra lare manteb ing pracaya
wit dosanya wus linebur binirat gesang mursid yekti wit sih rahmat.

4. Pra lare nggih misungsungken gesang de wus dados putreng Allah Pangeran
mbabarken tresna nyebar karaharjan leladi mring greja Ian bebrayan.


207. NYAOSKEN YOGA
1. Gusti  nimbali pra lare mrih sowan mesthi      binerkahan sinung kraharjan
de pra lare kang tuhu ing pracaya yeku ingkang darbe Kratoning swarga
Refrein:
dhuh Gusti samangkya sowan kawula nyaosaken yoga dhateng Paduka.

2. Gusti nimbali pra lare mrih sowan nggih samya dados putraning prasetyan
de pra tyang sepuh kedah nggulawenthah nenuntun lare karem sabdeng Allah
Refr. :

3. Gusti nimbali pra lare mrih sowan dados gegelitaning pasamuwan
leladi mrih greja tuwuh ngrembaka wah bebrayan tansah tentrem raharja
Refr.:


208. BAPTIS SUCI
1. Kawula samya bebingah memuji mring Allah,
kang ngluberken sih rahmatnya mring kula tyang dosa
wit panuntuning  Roh Suci kula pitados mring Gusti
temahan manggih  wilujeng sinung gesang langgeng.

2. Kawula ngluhurken Gusti yeku Sang Pamarta,
kang maringken baptis suci mring pra kadang kula,
kinekahna ing pracaya manggul salib klayan setya,
tansah martosken Injilnya mrih sesami begja.

3. Gusti maringken prasetyan mring pra lare ugi,
sinungan kawilujengan wah kamulyan swargi,
katandhan ing baptis suci kagulawenthah pinerdi,
nggih dadya putraning Allah kang numrahken berkah.


209.    KABINGAHAN WIT WONTEN BAPTISAN
1. Kabingahaning ati yekti tan wonten kang nglangkungi
de kadang kang kula kasihi nampeni baptis suci,
Reff
dhuh Gusti mugi tansah mberkahana mrih mbabarna pracaya,
nekseni asmaning Sang Pamarta wah gesang sembada.

2. Kraharjan kang ngerobi driya tan wonten timbangannya,
de anak kang kula tresnani nampeni baptis suci,
Refr:

3. Kabegjan kang kula tampeni tan saged den lironi,
de nadyan kula tyang kang dosa nging wus baptis samangkya,
Refr:


210. RAWUHIPUN GUSTI
1. Dhuh Gusti kados pundi nggen kula sung urmat
methukken klayan puji mring ratuning jagad
mugi Gusti madhangi lantaran Roh Suci
mrih nggen kula ngabekti mranani mring Gusti.

2. Sing dhampar kang sejati nggih kamulyan swargi,
Gusti tedhak ing donya nunggil lan manungsa,
tumut nandhang sangsara ngrembat kasisahan,
ngrukunken tiyang dosa dhumateng Pangeran.

3. Punapa kang njalari dhuh Ratuning swarga,
Paduka rawuh mriki karsa nandhang papa,
mung sih piwlas Paduka dhumateng manungsa,
manggiha gesang mulya nunggil Ian Sang Rama.


211. PAMUJINE MARYAM
1. Nyawa lan atiku bungah nglu­hurken mring Allah.
dak pujekna ki­dung girang wit gunging kadarman,
de Allah wus ngudaneni asoring kang ab­di,
lah panganggepe pra bangsa a­ku wong kang begja.

2. Gung luhur pakaryanipun wah asmanya suci,
sih rahmatnya run tumurun mring tyang ajrih asih,
pangwasa nggih kamulyannya binabarken nyata,
wit pakaryaning astanya nylametkan manungsa.

3. Wong kang seneng nggunggung dhiri tan bakal lestari,
dalah wong kang mengku kwasa tan langgeng rehira,
wit samya tinundhung kesah krana bramantyanya,
nging wong asor samya bingah linuhurken nulya.

4. Wong kang mursid ingeroban salir kang prayoga,
nging wong mursal tan keduman sihing Kang Makwasa,
pra abdine kaluberan sih rahmat tan kendhat,
wit prasetyane kang adya mring wong kang pracaya.


212. PAMUJINING ZAKARIA
1. Pinuji Allah Makwasa
Gustine tyang kang pracaya
De umate tinuwenan
Pinaringan pangentasan.

2. Sunguning tentrem raharja
wus tuwuh wit Sang Pamarta
pinaringken mring umatnya
mring trahe tyang mursid nyata

3. Allah ngluwari umatnya
sing tyang remen ing duraka
wah netepi prasetyannya
sung nugraha mring manungsa

4. Pinuji Allah murbeng rat
nggih kang nglubema sih rahmat
temah tyang pracaya yekti
angabekti tanpa wedi

5. Tyang mursid nggih sru memuji
nggunggungnggurqgmg mring Hyang Widi
aneng sajroning kasucen
wah ngugemi ing kayekten

6. Turune tyang mursid yekti
dinuta mrih dadya nabi
yeku cecalaning Gusti
ngundhangken margi basuki

7. Margining rahayu yekti
mung sih rahmatipun Gusti
nggih pangapuraning dosa           '
wit kwasananing Sang Pamarta

8. Sang Surya Enjing wus prapta
madhangi sagung manungsa
mrih tyang kang aneng pepeteng
samya manggih gesang langgeng


213. PUJI KONJUK GUSTI
1. Puji konjuk Gusti ratuning swargi
Kang angesorken srira myang manjalma,
­miyos wah sugengnya tansah nandhang sangsara,
mrih mulyakken jalma luwar saking dosa
Haleluya.

2. Puji konjuk Gusti Juru Basuki,
pra bala tantra swargi ramya muji,
wah sih rahmating Allah tumrah mring manungsa,
nggih tentrem rahayu binabar ing donya.
Haleluya.

3. Puji konjuk Gusti nggih Sang Pamarta,
kang gung sih Ian piwlasnya mring manungsa,
yogya sinaosan pisungsunging kamu!yan,
yeku bandha nyawa pisungsunging gesang.
Haleluya.

214. TIMBALAN NULAD GUSTI
1. Pinuji tansah Allah Mamirah
kang asih darma mring gung manungsa
nladhani kita welas asih nyata
mring tyang kang ringkih wah nan­dhang sangsara.

2. Pinuji-puji Gusti Ma Suci
nging sung aksama dosaning jalma
nladhani kita tansah olah tresna
nyegah kekerasan remen ngapura.

3. Pinuji Gusti Kang Maha Kwasa
tendhak manjalma nebus manungsa
nladhani kita mbelani pepadha
mrih tyang papa cintaka manggih rarja.



215. CAHYENG ENDAH
1. Iba endah cahyeng ratri kang nyu­nari jagad rat
duk praduta swarga prapti ngundhangaken sih rah­mat
raharja prajalma kang sinungan kawaluyan
lantar­an Sang Pamarta lantaran Sang Pamarta.

2. Puji konjuk Hyang Matresna kang melasi manungsa
nglepataken sing bebendu asung tentrem rahayu
manungsa sayogya ndherek muji Hyang Masuci
langgeng ing salaminya langgeng ing salaminya.


216. KANCA AGIYAKA
1. Kanca agiyaka muji Sang Pamarta kang nilar kamulyan ing swarga
tedhak ing donya dados bayi papa
Reff :
payo sujud ngabekti, payo sujud ngabekti
sung­ pisungsung panggunggung mring Gusti.

2. Kanca den tampia rawuhing Pamarta jroning manah srana pracaya,
mrih rukun tansah klayan Allah Rama.
Reff :

3. Kanca agiranga ngundhangken Injilnya, de Allah netepi prasetya,
ngentas manungsa sing kwasaning dosa.
Reff :


217. LINTANG ENDAH
1. Lintang endah nyaritakna rawuhing  ratu swarga
sagunging pra manungsa gya sowan asung sembah nyata
ratu swarga Maha mulya ngesorken sarira
karsa nebus manungsa

2. Lintang adi sung pawarti wiyosing bayi suci
tyang ngantya Sang pamarta dienggal ngabekti memuja
bayi suci yeku Gusti ngasta tentrem rarja
sinungken mring manungsa

3. Lintang mulya sru martosna juru slamet wus prapta
tyang remen kautaman ngaturna pisungsung pethingan
Sang Pamarta Maha tresna nuntun tyang pracaya
mlebet mring Kraton Swarga.

218. YESUS KRISTUS RAWUH
1. Haleluya Yesus Kristus ngrawuhi manungsa
padhanging kamulyanipun kawuryan neng donya

2. Haleluya rawuhipun wit sih piwlasipun
mring para umat sadarum amrih gesangipun.

3. Haleluya Yesus Kristus dados Juru Slamet,
panutan kang setya tuhu tuwin ratu langgeng.

4. Haleluya, Haleluya Putranipun Allah
sampun miyos ing Betlekhem pinujia tansah


219. WARTA KABEGJAN
1. Pra pangon kang winartan agung begja sing swarga sami kaeraman
saestu bingah ing manah de nyata wartanya Kristus sampun prapta.

2. Gumeter wit padhang mulya sakala sumunar, ing dalu punika,
nelakken tedhaking padhang sing swarga mring donya, jer Kristus wus prapta.

3. Gya bidhal mundhi dhawuhnya sanyata ing kandhang, Sang Timur pinanggya,
sawusnya sungkem ngabekti mring Allah memuji. wit Kristus wus prapti

4. Pra pangon sigra wewarta salir kang winartan, sami kaeraman,
wit kebabaring kabegjan mring )agad warata, de Kristus wus prapta.


220. DALU SUCI
1. Dalu suci tidhem sami, Jeng Gusti Pamarta
tedhak manjalma krana kita miyos wonten kandhang Betlekhem
Gustining dumadi Gustining dumadi.

2. Dalu suci, tidhem sami, Jeng Gusti Pamarta,
nilar kamulyannya ing swarga wit tresnanipun mring manungsa
nladhani mring kita, nladhani mring kita.

3. Dalu suci, tidhem sami, Jeng Gusti maringi,
katentreman ing jagad raya ngrukunken manungsa sadaya
mila linuhuma, mila linuhurna.

4. Dalu suci, tidhem sami, Jeng Gusti Pamarta,
nucekaken tyang dosa sami wah. maringken gesang sejati
mila kaluhurna, mila kaluhurna.


221. RAWUHING RATU TENTREM RAHARJA
1. Pra manungsa giranga mujia pra mudita
ratu nira wus prapta ratu ning tentrem raharja
pra manungsa giranga mujia        pramudita

2. Gya ngidungna gung puji mring Gustining pra gusti
kang sung slamet mring jagad karana gunging sih rahmat
pra manungsa giranga mujia pramudita.

3. Gya ngluhurna Sang Mesih ratu swargi Maasih
nyirnakaken sangsara srana ngrembat sagung dosa,
pra manungsa giranga mujia pramudita.


222. RAWUHING RATU SEJATI
1. Ratu mulya nging ngesorken srira krana karsa nylametken tyang dosa
nandhang papa wiwit wiyosira suket alum nggedhong Kang Sinuhun
pamakanan papan sarenipun langit bumi sung sembah pamuji.

2. Ratu yekti ratu saking swargi tedhak donya jumeneng Pantara
angrukuna Allah Ian manungsa pra mlaekat ngidung nggunggung Allah
de sih rahmat tumraha sumrambah karaharjan mring tyang sinarjonan.

3. Ratu suci ratu welas asih lintang adi surem krana sedhih
njerit nangis krana pokal wengis para bayi ing Betlekhem nagri
den pejahi dening iblis nraka jagad sepi wit sungkaweng driya.

4. Ratu nyata ngasta tentrem rarja mbirat dosa nyirnakken antaka
tyang mersudi kautamen yekti sowan Gusti asung sembah bekti
wah ngaturna pisungsung mirunggan tyang pracaya misungsungna gesang.


223. ALLAH ASIH MARANG JAGAD
1. Kapireng swara gumyak ngumandhang saking swarga
paring wartos kabingahan tumrah mring pra manungsa
sestu AIlah tresna ngantos ngutus Putranya
maringken tentrem rahayu mring para wong pracaya
Reff :

Rungokna swaranya paring wartos basuki
Rungokna swaranya Pangeran asih mring jalmi.

2. Putreng Allah wus prepti dados Panebus yekti,
pra pangon kang winartosan bingah gya angupadi,
dununging Sang Bayi kadya wartos sing Gusti,
lumantar bala swarga lah yekti Allah tresna.
Reff :
  
3. Pra pangon kang wus manggya bayi yeku Sang Putra,
memuji miwah wewarta mring sakehing manungsa,
lah aja semaya marek mring Sang Pamarta,
mrih antuk gesang sejati tetunggilan Ian Gusti.
Reff :
  
224. ADINING DINTEN NATAL
1. Dinten natal dinten adi wiyosing Sang Kristus Gus­ti
sumangga sumyak memuji sung pisungsung trusing ati
wah ngundhangken sih rahmatnya sarana tumindak nyata.

2. Dinten natal dinten suci dinten kabingahan yekti
nglipura tyang nandhang susah ngiyatna tyang semplah lesah
tyang kang gesang ing pepeteng den tedahna gesang langgeng.

3. Dinten natal dinten mulya dinten karaharjan nyata
mbelanana tyang sangsara mitulungi tyang kang papa
ngrukunna tyang samya dredah numrahna berkahing Allah.